Menyang kontèn

Ula

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Sawer)
Ula
Kalamangsa: Jaman Kapur - Saiki
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Subfilum: Vertebrata
Klas: Sauropsida
Subklas: Diapsida
Infraklas: Lepidosauromorpha
Superordho: Lepidosauria
Ordho: Squamata
Subordho: Serpentes
Linnaeus, 1758
Infraordo lan Familia


Ula utawa sawer ing basa krama, kalebu bangsaning kéwan rumangkang utawa rèptil. Kajaba iku, uga kalebu cacahing ordho sekwamata (squamata) lan sapaduluran karo kadhal. Ula iki kagolong kéwan kang adhem getihé dadi kudu akèh mépé ing cahyaning srengéngé kanggo manasaké awak, ora ana cèkèré lan awaké dawa banget.

Kabèh ula mangan daging utawa diarani karnivora, milai saka kéwan cilik-cilik kaya kadhal, tikus, endhog, nganti kéwan kang gedhé kaya kidang, babi lan baya. Ula ana kang matèni pakané nganggo upas, dadi sadurungé ngeleg kurbané, dhèwèké nyakot dhisik nganggo siyungé kang duwé upas, banjur yèn kéwan kurbané mati ula bisa mangan kurbané ing cara kang adhem ayem. Kajaba iku ana ula kang matèni kurbané nganggo uletané kang reket, lumrahé dhèwèké ngguleti kurbané banjur dicengkrem nganti kentèkan ambegan lan sawisé mati, banjur dilebokaké langsung ing awaké.

Ula ora bisa nyacah panganané, nanging dileg langsung lan sabubaré mangan, ula bisa pasa ora mangan apa-apa, milai saka setengah wulan, nganti bisa wulan-wulanan. Ula uga nduwé cangkem kang amba, ula bisa mangap nganti 180 drajat, dadi bisa mangan kurban kang luwih gedhé ketimbang awaké. Kajaba iku, kanggo ngawasi saindhengé, ula nganggo ilaté kanggo ngrasakaké kaanan utawa kurban, lan infra abang kanggo ndeleng ana manungsa, kéwan utawa kaanan kang mbebayani, tur ula iku tuna rungu, ora bisa ngrungokaké swara-swara.

Jinisé ula upas, yaiku:

Lan jinisé ula gedhé yaiku:

Jinisé ula liyané, yaiku:

Ula kang paling dawa ing donya, yaiku kang jinisé Anakondha. Uripé ana ing tlatah Amérika lan dawané bisa nganti 11 mèter.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]