Menyang kontèn

Pilihan umum lègislatif Indonésia 1955

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Pemilu 1955)

Pilihan umum Indonésia 1955 iku pilihan umum pisanan ing Indonésia lan dianakaké taun 1955. Pemilu iki kerep sinebut pemilu Indonésia kang paling dhémokratis.

Pemilu taun 1955 iki ditindakaké wektu kaanan kaamanan nagara isih kurang kondusif; sawatara laladan isih dirundung kakacauan déning DI/TII (Darul Islam/Tentara Islam Indonésia) mligi pimpinan Kartosuwiryo. sajeroning kaanan kaya mangkono mau, anggota militèr (angkatan bersenjata) lan pulisi uga mèlu milih. Anggota militèr lan pulisi kang tugas ing laladan rawan digilir teka menyang papan pamilihan. Pemilu pungkasané lumaku kanthi aman.

Pemilu iki diangkah kanggo milih anggota-anggota DPR lan Konstituante. Gunggung kursi DPR kang diparebutaké ana 260, déné kursi Konstituante cacahé 520 (kaping pindhoné kursi DPR) ditambah 14 wakil golongan minoritas kang diangkat pamaréntah.

Pemilu iki disiapaké déning papréntahan Nayakotama Ali Sastroamidjojo. Nanging, Ali Sastroamidjojo mundur lan wektu pamungutan swara, kepala papréntahan wis dicekel déning Perdnana Mantri Burhanuddin Harahap.

Babakan

[besut | besut sumber]

Miturut jadwal, Pemilu 1955 dipérang dadi rong babak, yaiku:

  • Babak pisanan kanggo milih anggota DPR. Babak iki ditindakaké tanggal 29 September 1955, lan diiloni 29 parté pulitik lan individu,
  • Babak kapindho wujud Pemilu kanggo milih anggota Konstituante. Babak iki diadani tanggal 15 Dhésèmber 1955.

Lima parté gedhé sajeroning Pemilu 1955 yaiku Parté Nasional Indonésia éntuk 57 kursi DPR lan 119 kursi Konstituante (22,3 persèn), Masyumi 57 kursi DPR lan 112 kursi Konstituante (20,9 persèn), Nahdlatul Ulama 45 kursi DPR lan 91 kursi Konstituante (18,4 persèn), Parté Kuminis Indonésia 39 kursi DPR lan 80 kursi Konstituante (16,4 persèn), lan Parté Syarikat Islam Indonésia (2,89 persèn).

Parté-parté liyané, éntuk kursi sangisoré 10. Kayadéné PSII (8), Parkindo (8), Parté Katolik (6), Parté Sosialis Indonésia (5). Rong parté éntuk 4 kursi (IPKI lan Perti). Enem parté éntuk 2 kursi (PRN, Parté Buruh, GPPS, PRI, PPPRI, lan Parté Murba). Sisané, 12 parté, éntuk 1 kursi (Baperki, PIR Wongsonegoro, PIR Hazairin, Gerina, Permai, Parté Persatuan Dayak, PPTI, AKUI, PRD, ACOMA lan R. Soedjono Prawirosoedarso).

Tabel Jangkep

[besut | besut sumber]
  • Pamilihan DPR
No.Parté/Nama PratélanSuara%Kursi
1.Parté Nasional Indonésia (PNI)8.434.65322,3257
2.Masyumi7.903.88620,9257
3.Nahdlatul Ulama (NU)6.955.14118,4145
4.Parté Kuminis Indonésia (PKI)6.179.91416,3639
5.Parté Syarikat Islam Indonésia (PSII)1.091.1602,898
6.Parté Kristen Indonésia (Parkindo)1.003.3262,668
7.Parté Katolik770.7402,046
8.Parté Sosialis Indonésia (PSI)753.1911,995
9.Ikatan Pendukung Kemerdekaan Indonésia (IPKI)541.3061,434
10.Perobahan Tarbiyah Islamiyah (Perti)483.0141,284
11.Parté Rakyat Nasional (PRN)242.1250,642
12.Parté Buruh224.1670,592
13.Gerakan Pembela Panca Sila (GPPS)219.9850,582
14.Parté Rakyat Indonésia (PRI)206.1610,552
15.Persatuan Pegawai Pulisi RI (P3RI)200.4190,532
16.Murba199.5880,532
17.Baperki178.8870,471
18.Persatuan Indoenesia Raya (PIR) Wongsonegoro178.4810,471
19.Grinda154.7920,411
20.Persatuan Rakyat Marhaen Indonésia (Permai)149.2870,401
21.Persatuan Daya (PD)146.0540,391
22.PIR Hazairin114.6440,301
23.Parté Pulitik Tarikat Islam (PPTI)85.1310,221
24.AKUI81.4540,211
25.Persatuan Rakyat Désa (PRD)77.9190,211
26.Parté Républik Indonesis Merdeka (PRIM)72.5230,191
27.Angkatan Comunis Muda (Acoma)64.5140,171
28.R.Soedjono Prawirisoedarso53.3060,141
29.Lain-lain1.022.4332,71-
Jumlah37.785.299100,00257
  • Pamilihan Konstituante
No.Parté/Nama PratélanSuara%Kursi
1.Parté Nasional Indonésia (PNI)9.070.21823,97119
2.Masyumi7.789.61920,59112
3.Nahdlatul Ulama (NU)6.989.33318,4791
4.Parté Kuminis Indonésia (PKI)6.232.51216,4780
5.Parté Syarikat Islam Indonésia (PSII)1.059.9222,8016
6.Parté Kristen Indonésia (Parkindo)988.8102,6116
7.Parté Katolik748.5911,9910
8.Parté Sosialis Indonésia (PSI)695.9321,8410
9.Ikatan Pendukung Kemerdekaan Indonésia (IPKI)544.8031,448
10.Perobahan Tarbiyah Islamiyah (Perti)465.3591,237
11.Parté Rakyat Nasional (PRN)220.6520,583
12.Parté Buruh332.0470,885
13.Gerakan Pembela Panca Sila (GPPS)152.8920,402
14.Parté Rakyat Indonésia (PRI)134.0110,352
15.Persatuan Pegawai Pulisi RI (P3RI)179.3460,473
16.Murba248.6330,664
17.Baperki160.4560,422
18.Persatuan Indoenesia Raya (PIR) Wongsonegoro162.4200,432
19.Grinda157.9760,422
20.Persatuan Rakyat Marhaen Indonésia (Permai)164.3860,432
21.Persatuan Daya (PD)169.2220,453
22.PIR Hazairin101.5090,272
23.Parté Pulitik Tarikat Islam (PPTI)74.9130,201
24.AKUI84.8620,221
25.Persatuan Rakyat Désa (PRD)39.2780,101
26.Parté Républik Indonesis Merdeka (PRIM)143.9070,382
27.Angkatan Comunis Muda (Acoma)55.8440,151
28.R.Soedjono Prawirisoedarso38.3560,101
29.Gerakan Pilihan Sunda35.0350,091
30.Parté Tani Indonésia30.0600,081
31.Radja Keprabonan33.6600,091
32.Gerakan Banteng Républik Indonesis (GBRI)39.8740,11 
33.PIR NTB33.8230,091
34.L.M.Idrus Effendi31.9880,081
35.Lain-lain426.8561,13 
Jumlah37.837.105 514

Dekrit Présidhèn

[besut | besut sumber]

Pemilu 1955 ora diterusaké miturut jadwal limang taun sabanjuré,yaiku taun 1960. Bab iki amarga tanggal 5 Juli 1959, diwetokaké Dekrit Présidhèn kang mbubaraké Konstituante lan pranyatan bali menyang UUD 1945.

Sabanjuré, tanggal 4 Juni 1960, Soekarno mbubaraké DPR kasil Pemilu 1955, sawisé sadurungé dewan lègislatif iku nulak RAPBN kang diajokaké pamaréntah. Présidhèn Soekarno kanthi sapihak liwat Dekrit 5 Juli 1959 nggawé DPR-Gotong Royong (DPR-GR) lan MPR Sauntara (MPRS) kang kabèh anggotané diangkat déning présidhèn.

Sumber lan wacan

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cithakan:Pemilu Indonésia