Parthenon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
The Parthenon sisih kulon

Parthenon, (Yunani kuna: Παρθενών) iku kuil kang diwangun kanggo Déwi Yunani Athena, pelindhung Atena, ing abad kaping 5 SM ing sadhuwuré Acropolis. Wangunan iki minangka wangunan wigati kang isih ana wiwit jaman Yunani Klasik, lumrahé dianggep puncaké pembangunan Doric order. Reca-reca kang dadi pepaès ing papan iki dianggep salah siji karya pinunjul saka seni Yunani kuna. Parthenon dianggep simbul abadi saka Yunani kuna lan simbul dhémokrasi ing Atena, lan minangka salah siji saka monumèn kang gedhé dhéwé ing donya. Mantri Kabudayan Yunani anyar iki lagi sengkut ngayahi program rèstorasi lan rékonstruksi monumèn iki.[1]

Parthenon (anyar) iku ngganti kuil Atena kang luwih lawas ya iku, kang karan Pre-Parthenon utawa Parthenon lawas, kang rusak sajeroning serangan Pèrsi ing taun 480 BC. Kayadéné kuil-kuil Yunani liyané, Parthenon kanggo gudhang rajabrana (treasury), lan sawijining wektu tau dadi gudhang rajabranané Delian League, kang sabanjuré dadi Kakaisaran Athenian. Ing abad kaping 6 M, Parthenon diowahi dadi gréja Kristen pasembahan marang Perawan Maria. Ing jaman kakuwasan Ottoman, panggonan iki banjur dianggo masjid, ing wiwitan taun 1460, lan malah duwé menara. Ing tanggal 28 September 1687, pasadiyan amunisi Ottoman njeblug déning pengeboman Venesia. Akibat jeblugan mau ndadèkaké rusaking Parthenon lan reca-reca ing panggonan iki. Ing taun 1806, Thomas Bruce, 7th Earl saka Elgin njupuk sawatara reca kang sisa, kanthi idin saka Ottoman. Reca-reca iki, kang saiki dikenal minangka Elgin utawa Marmer Parthenon, ing taun 1816 didol marang British Museum ing London, lan dipajang nganti saiki. Pamaréntah Yunani nyoba njaluk bali reca iku nanging durung kasil.

Media[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

The Parthenon ing Nashville, Tennessee, USA wujud replika sakaParthenon Yunani.

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. Ioanna Venieri. "Acropolis of Athens". Hellenic Ministry of Culture. Dibukak ing 2007-05-04.

Réferènsi[besut | besut sumber]

Sumber cithakan[besut | besut sumber]

Sumber online[besut | besut sumber]

Wacan[besut | besut sumber]

  • Beard, Mary. The Parthenon. Harvard University: 2003. ISBN 0-674-01085-X.
  • Cosmopoulos, Michael (editor). The Parthenon and its Sculptures. Cambridge University: 2004. ISBN 0-521-83673-5.
  • Holtzman, Bernard (2003). L'Acropole d'Athènes: Monuments, Cultes et Histoire du sanctuaire d'Athèna Polias . Paris: Picard. ISBN 2-7084-0687-6.
  • Papachatzis, Nikolaos D. Pausaniou Ellados Periegesis-Attika Athens, 1974.
  • Tourpunikao, Panayotis. Parthenon. Abrams: 1996. ISBN 0-8109-6314-0.
  • Traulos, Ioannis N. I Poleodomike ekselikses ton Athinon Athens, 1960 ISBN 960-7254-01-5
  • Woodford, Susan. The Parthenon. Cambridge University: 1981. ISBN 0-521-22629-5.
  • King, Dorothy "The Elgin Marbles" Hutchinson / Random House, January 2006. ISBN 0-09-180013-7

Pranala njaba[besut | besut sumber]

37°58′17.39″N 23°43′35.69″E / 37.9714972°N 23.7265806°E / 37.9714972; 23.7265806