Epicurus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Epicurus
Epikouros BM 1843.jpg
Patung marmer Epikuros yang dibuat pada zaman Romawi
Lair341 SM
Samos, Athena
Pati270 SM (berusia 72)
Athena
KalaFilsafat kuno
TlatahFilsafat Barat
AliranEpikureanisme, atomisme, materialisme, hedonisme
Karsa pokok
Etika, epistemologi, fisika, teologi
Gantha misuwur

Epicurus (basa Yunani Kuna: Ἐπίκουρος, Epíkouros) ya iku salah sijining filsuf Yunani Kuna kang nduwèni mazhab filsafat epikueranisme. Epicurus lair taun 342 SM ing Pulo Samos lan tilar donya taun 270 SM. Wong tuwané saka dhaérah Aténa lan manggon ing Pulo Samos karo wong-wong Aténa kang manggon ing kana. Dhèwèké ngadegaké akademi filsafat ing Aténa kanggo umum amarga wiwit cilik wis kepincut lan seneng marang filsafat.[1]

Kauripan[besut | besut sumber]

Epicurus lair ing pomahan wong Aténa ing Pulo Samos sasi Pèbruari taun 342 SM. Jeneng bapaké ya iku Neokles lan jeneng ibuké ya iku Kairestrate. Epicurus nduwèni sedulur jenengé Neokles, Kairedemos, dan Aristobulos. Wong tuwané dikirim menyang Pulo Samos ing taun 352 SM bebarengan karo 2000 wong kang padha dedunung ing Aténa. Bapaké nyambut gawé dadi guru sekolah lan ibuké dadi dukun kang bisa ngobati penyakit nganggo mantra-mantra sihir. Biyasané, Epicurus mèlu ibuké anggoné ngobati para wong-wong lara. Nalika cilik, Epicurus wis olèh pendhidhikan babagan géomètri, dialèktika, lan rétorika.[2]

Ajaran[besut | besut sumber]

Ajaran Epicurus didayani karo ajaran filsafat filsif-filsuf sadurungé, ya iku ajaran Demokritos. Nanging, Epicurus uga nduwèni pikiran kang béda babagan determinisme. Miturut Epicurus, dhèwèké salah sijining filsuf kang ora bisa didayani déning filsuf-filsif liyané amarga dhèwèké nduwèni niat kanggo sinau dhéwé tanpa mèlu ajaran filsuf-filsuf sadurungé.[3] Ajaran filsafat Epicurus nduwèni ancas kanggo mènèhi rasa bungah kanggo manungsa. Ajaran filsafat Epicurus kuwi nduwèni fokus uga marang étika kang bakal mènèhi rasa ayem ing batin manungsa. Miturut Epicurus, manungsa ora bisa urip ayem amarga wedi marang déwa-déwa sarta marang mati lan nasib. Saliyané kuwi, Epicurus uga nduwèni anggepan yèn manungsa ora perlu wedi marang mati lan nasib amarga mati lan nasib kuwi kang nemtokaké manungsa dhéwé.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Asdi, Endang Daruni; Aksa, A. Husnan (1982). Filsuf-Filsuf Dunia dalam Gambar. Yogyakarta: Karya Kencana. 
  2. DeWitt, Norman Wentworth. (1954). Epicurus and His Philosophy. Minneapolis: University of Minnesota Press. ISBN 978-0-8166-6212-8. OCLC 476161387. 
  3. Fish, Jeffrey.; Sanders, Kirk R., 1966- (2011). Epicurus and the Epicurean tradition. Cambridge: Cambridge University Press. ISBN 978-0-511-92170-4. OCLC 733045881.