Menyang kontèn

Hedonisme

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Hedonisme inggih punika pandangan gésang ingkang nganggpé méawi tiyang badhé dados bungah kaliyan madosi kabungahan ingkang katahipun lan ingkang angsal manawi nghindari perasaan-perasaan ingkang nyakitakén.[1] Hedonisme punika ajaran utawi pandangan manawi kabungahan utawi kenikmatan mnika ancas gesang lan tindakan manungsa.[2]

Ètimologi

[besut | besut sumber]

Témbung hedonisme dipunpéndhét saking Basa Yunani ἡδονισμός hēdonismos saking akar témbung ἡδονή hēdonē, tégésipun "kesenangan".[3] Paham punika gadhah daya njlentrehakén inggih punika saé punapa ingkang muasaken kékarépan manungsa lan punapa ingkang ningkatakén kuantitas kabungahan punika piyambak.[4]

Wosing Gati

[besut | besut sumber]

Hedonisme tuwuh ing wiwit sajarah filsafat sawatawis taun 433 SM.[4] Hedonisme karep mangsuli pitakenan filsafat "punapa ingkang dados punika ingkang saé kanggé manungsa ?" [4] punika dipunwiwiti kaliyan Sokrates ingkang nangkletaken babagan punapa ingkang dados kasunyatanipun dados ancas pungkasan manungsa.[4] Lalu Aristippos saking Kyrene (433-355 SM) mangsuli manawi ingkang dados sapunika ingkang saé kanggé manungsa inggih punika kabungahan.[4] Aristippos maparaken manawi manungsa ing masa alitipun asring madosi kabungahan lan manawi boten ngayuh, manungsa punika badhé madosi sesuatu ingkang sanès punika. Pandangan babagan 'kabungahan' (hedonisme) punika dipunlajengaken tiyang filsuf Yunani ingkang namanipun Epikuros (341-270 SM).[4] Miturut, tindakan manungsa ingkang madosi kabungaha inggih punika kodrat alamiah.[4] Manawi makaten, hedonisme Epikurean langkung amba manawi boten nyakup kabungahan rohani kemawon—kados ta Kaum Aristippos--, manawi kabungahan rohani ugi, kados ta kawatesan jiwa saking keresahan.[4]

Aristippus

[besut | besut sumber]
Ἀρίστιππος Aristippus
Lairc. 433 SM
Kyrene
Patic. 355 SM
Kyrene
KalaFilsafat Kuno
TlatahFilsafat Barat
AliranMadahab Hedonis/Madahab Kyrene
Karsa pokok
Hedonisme

Aristippus saking Kyrene inggih punika tiyang filsuf Yunani ingkang nyinaoni ajaran-ajaran Protagoras.[5] Ini dilakukannya selama berada di kutha asalnya, ya iku Kyrene, Afrika Utara.[5] Aristippus lajeng madosi Sokrates lan njalin gegayutan ingkang saé kaliyan.[5] Saksampune Sokrates séda, Aristippos tampil dados "Sofis" lan dados guru profésional ing Atena.[5] Lajeng ing Kyrene piyambakipun madekakr sekolah ingkang dipunnamani ''Cyrenaic School'' ingkang punika salah satunggaling sekolah Sokratik ingkang boten dominan.[5][6] Sekolah punika ngaos perasaan-perasaan minangka kasunyatan ingkang leres ing salebeting gesang.[5] Kabungahan inggih punika saé—kalebet ugi kepuasan badani--.[5] Kauripan tiyang wicaksana punika madosi jaminan kesenangan maksimal.[5] Aristippus nyetujui penemu Sokrates manawi keutamaan inggih punika madosi "ingkang saé".[7] nanging makaten, piyambakipun sami "ingkang saé" punika kaliyan kabungahan "hedone".[4] Miturut, akal (rasio) manngsa kedah maksimalaken kabungahan lan minimalaken kesusahan.[4] Gesang ingkang saé gegayutan kaliyan kerangka rasional babagan kenikmatan.[4] Kabungahan miturut Aristoppus asifat badani (gerak ing salira).[4] Piyambakipun mbagi obahan punika dados tiga kemungkinan:

1. Gerak kasar, ingkang njalari ketidaksenangan kados ta raos sakit

2. Gerak alus, ingkang ndamel kesenangan

3. Boten gerak, inggih punika sebuah kaanan nétral kados ta kondisi ing wanci tilem.

Aristippus ningali kabungahan dados hal aktual, tegesipun kabungahan kadadosan sapunika lan ing ngriki.[4] Kabungahan boten sebuah masa kapengker utawi masa ngajeng. Miturut, masa kapengker namung ingatan manawi babagan kabungahan (hal ingkang sampun boten wonten)lan masa ngajeng ingih punika hal ingkang ndereng gamblang.[4]

Epikuros

[besut | besut sumber]
Epikuros

Epikuros lair taun 342 SM ing kutha Yunani, Samos, lan séda ing Atena taun 270 SM.[8] Ajaran Epikuros menitikberatkan persoalan kenikmatan.[4][8] punapa ingkang saé inggih punika segala sesuatu ingkang pikantok kenikmatan, lan punapa ingkang ala inggih punika segala sesuatu ingkang ngasilaken ketidaknikmatan.[8] Namun demikian, bukanlah kenikmatan yang tanpa aturan ingkang dipunjunjung Kaum Epikurean, sanèsipun kenikmatan ingkang dipunpahmi kanthi ndalam.[4] Kaum Epikurean mbentenaken kekarepan alami ingkang dipunbetahaken (kados ta makan) lan kekarepan alami ingkang boten dipunbetahaken (kados ta panganan ingkang sekeca), sarta kekarepan sia-sia (kados ta banda ingkang kalangkungan).[4] Keinginan kawiwitan kedah dipunpuasaken lan pemuasanipun kanthi kawates nyebabajen kawatesan kabungahan ingkang paling ageng. manawi makaten punika kauripan prasaja kaprayogakaken déning Epikuros.[4] Ancasipun kanggé gayuh ''Ataraxia'', inggih punika ketenteraman jiwa ingkang tenang, kebebasan saking perasaan risau, lan kaanan seimbang.[4][8]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Franz Magnis-Suseno.1987, Etika Dasar; Prekawis-prekawis pokok Filsafat Moral. Yogyakarta: Kanisius. Hlm. 114.
  2. Lorens Bagus.2000, Kamus Filsafat. Jakarta: Gramedia. Hlm. 282.
  3. Henk ten Napel.2009, Kamus Teologi. Jakarta: BPK Gunung Mulia. Hlm. 158.
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s Dr. K. Bertens.2000, Etika. Jakarta: Gramedia. Hlm. 235-238.
  5. a b c d e f g h Eduard Zeller.1957, Outlines of the History of Greek Philosophy. New York: Meridian Books. Hlm. 129-133.
  6. Albert E. Avey.1954, Handbook in the History of Philosophy. New York: Barnes & Noble, Inc. Hlm. 23.
  7. Simon Petrus L. Tjahjadi.2004, Petualangan Intelektual. Yogyakarta: Petualangan Intelektual. Hlm. 43-44.
  8. a b c d Franz Magnis-Suseno.1997, 13 Tokoh Etika. Yogyakarta: Kanisius. Hlm. 49-50.