Materialisme

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Epikuros

Materialisme ya iku paham sajroné filsafat kang negesake yèn hal kang bisa dikandakaké ana ya iku matèri.[1] Sebeneré kabèh hal kasusun saka materi lan kabèh fenomena fenomena asil interaksi material.[1] Materi ya iku salah sijiné substansi.[1] Minangka teori, materialisme kalebu paham ontologi monistik.[1] Ananging, materialisme béda karo teori ontologis kang andhedhasar déning dualisme utawa pluralisme.[1] sajrone menehi penjelasan tunggal babagan realitas, materialisme berseberangan karo idealisme.[2]

Materialisme ora ngakui entitas-entitas nonmaterial kaya ta: roh, hantu, setan lan malaikat.[2] Pelaku-pelaku immaterial ora ana.[2] ora ana Allah utawa donya adikodrati/supranatural.[2] Realitas siji-sijine ya iku materi lan kabèh sawiji arupa manifestasi saka aktivitas materi.[2] Materi lan aktivitase kang sipate abadi.[2] ora ana kang tukang ngobahake utawa sebab pertama.[2] ora ana kauripan, ora ana pikiran kang kekal. Kabèh gejala berubah, akhire nglewti eksistensi, kang mbalek manèh marang dasar material primordial, abadi, sajrone salah sijine peralihan wujud kang abadi saka materi.[2]

Definisi Materialisme[besut | besut sumber]

Tembung materialisme kasusun saka tembung materi lan isme.[1] Materi bisa dipahami minangka bahan; barang; sekabehane barang kang ketok.[3] Materialisme ya iku pandangan urip kang golek dasar sekabehane sawiji kang kalebu uripé manungsa sajrone alam kebarangankewae, kanti nyisihake kang ngatasi alam indra. Sawentara iku, wong-wong kang uripé berorientasi marang materi kasebut minangka materialis. Wong-wong iki ya iku para pengusung paham (ajaran) materialisme utawa uga wong kang mentingake kebarangan kewae (kesugihan, duwit lan sakpanunggale).[3]

Tokoh-tokoh lan Karya-karya Materialisme[besut | besut sumber]

Ludwig Feuerbach:Filsuf saka Jerman kang njurung Materialisme

Filsuf kang pertama ngenalake paham iki ya iku Epikuros.[4] Dhèwèké arupa salah siji filsuf terkenal nalika jaman filsafat \bkuna\b. sakliyane Epikuros, filsuf liya kang uga mèlu ngembangaké aliran filsafat iki ya iku Demokritos lan Lucretius Carus. Panemu dewee babagan materialisme, bisa dipadakake karo materialisme kang ngrembaka ing Prancis nalika jaman pencerahan. Rong karangan karya La Mettrie kang cukup terkenal makili paham iki ya iku L'homme machine (manungsa mesin) lan L'homme plante (manungsa wit-witan).[4]

Sajrone waktu kang padha, ing panggonan liya ana sewong Baron von Holbach kang ngandarake salah sijine materialisme ateisme.[4] Materialisme ateisme meh padh sajrone wujud lan substansine, kang ora ngakui anané Alloh sacara mutlak.[2] Jiwa sebenere padha karo fungsi-fungsi utek. Nalika Abad 19, muncul filsuf-filsuf materialisme asal Jerman kaya ta Feuerbach, Moleschott, Buchner, lan Haeckel.[4][5] Dhèwèké kang sebanjure nerusake anané materialisme.[4]

Ciri-ciri paham materialisme[besut | besut sumber]

Sak ora-orane ana 5 dasar ideologi kang didadekake dasar keyakinan paham iki:

  1. Sekabehane kang ana (wujud) asalé saka aka siji sumber ya iku materi (ma’dah).
  2. Ora ngeyakini anané alam ghaib.
  3. Ndadekake panca indra minangka siji-sijine piranti nggayuh ilmu.
  4. Manggonake ilmu minangka gantine agama sajrone manggonake hukum.
  5. ndadekake kecondongan lan tabiat manungsa minangka akhlak.[2]

ya iku salah sijine paham garis pamikir, ing ngendi manungsa minangka nara sumber lan uga minangka resolusi ngengingi solah kang wis ana dalan dialetis.

Kritik tumprape Materialisme[besut | besut sumber]

Salah siji kritik tumprape paham materialisme diandharake déning aliran filsafat eksistensialisme. Materialisme ngajarake yèn manungsa ing ahire ya iku thing, barang, padha kaya barang-barang liyané. Ora ateges yèn manungsa pdha karo wit, kebo, utawa meja, sebab manungsa dipandang luwih unggul. Ananging, sacara mendasar manungsa dipandang amung minangka materi, ya iku asil saka proses-proses unsur kimia. Filsafat eksistensialisme menehi kritik tumprap pandangan kaya mengkene. Cara pandang paham materialisme kaya iki mereduksi totalitas manungsa. manungsa dideleng amung miturut hukum-hukum alam, kimia, lan biologi, saéngga seolah padha kaya kéwan, wit-witan, lan barang liya. Padahal manungsa duwé kompleksitas dewene kang ora bisa diukur, kaya waé nalika berhadapan karo momen-momen eksistensial kaya njukuk keputusan, kecemasan, wedi, lan sakpanungggale.[2]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f Lorens Bagus. 2000. Kamus Filsafat. Jakarta: PT. Gramedia Pustaka Utama. Hlm. 593-600
  2. ^ a b c d e f g h i j k N. Drijarkara. 1966. Pertjikan Filsafat. Jakarta: PT. Pembangunan Djakarta. Hal. 57-59.
  3. ^ a b Kamus Besar Basa Indonesia. 2000. Jakarta: Balai Pustaka. Hlm. 946.
  4. ^ a b c d e P. A. van der Weij. 1988. Filsuf-filsuf Besar Tentang Manusia. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama. Hal 108-110.
  5. ^ Bryan Magee. 2008. The Story of Philosophy. Yogyakarta: Kanisius. Hlm 135-136.