Naskah mawi iluminasi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Ing pangretosan ciyut, naskah ingkang mawi iluminasi punika namung kacakup ing naskah-naskah ingkang dipunrenggan kanthi sepuhan emas utawi pérak. Lukisan miniatur Maiestas Domini (Kristus ingkang manggèn ing saknginggilipun kursi raja utawi singgasana) saking Kitab Bestiarium Aberdeen (folio 4v) punika saged kawastanan "naskah beriluminasi".
Rerenggan kaca buku Ibadat Padinan Perancis saking ca.1400 punika nyakupi salah satunggaling lukisan miniatur, inisial, ugi marjinalia.

Naskah mawi iluminasi inggih punika naskah ingkang ngandhut tèks ingkang dipunimbuhi rerenggan kadosta inisial, marjinalia, ugi gambar miniatur. Ing tetegesan ciyut, istilah punika namung miturut naskah-naskah ingkang kagungan rerenggan wujud gambar kanthi sepuhan emas ugi perak; ananging ing salebeting pacelathon sabendinten punapa déné ing salebeting kajian ilmiah modhéren, istilah punika dipunginakaken minangka sebatan umum tumrap sedaya naskah ingkang kagungan rerenggan utawi kangungan ilustrasi ingkang dipunanggit ing donya kilèn. Naskah-naskah sijinis ingkang dipunanggit ing Wétan tebih ugi Mesoamerika kawastanan "naskah bergambar". Naskah-naskah Islam saged kasebat ngemu iluminasi, ilustrasi, utawi gambar, nadyan awit dasaripun sampun dipunyasa utawi dipundamel mawi tèknik-tèknik ingkang sami kaliyan naskah-naskah kilèn. Artikel punika njlèntrèhaken ngenani sajarah, tèknik, sosial, tuwin ékonomi saking naskah ingkang mawi iluminasi; kagem pembahasan ngenani sajarah kagunannipun, saged mirsani miniatur punika.

Naskah-naskah mawi iluminasi langkung sepuh piyambak ingkang sintas mijil saking kinten-kinten 400 dumugi 600 tahun Masèhi, dipunanggit ing Krajan Tiyang Ostrogoth ugi Kekaisaran Romawi wétan. Iluminasi ing salebeting naskah-naskah punika boten kémawon ngemu utawi kagungan nilai kagunan tuwin nilai sajarah ingkang nginggil, ananging ugi sampun nduwèni (jasa), sampun njagi ugi nglestantunaken (mata rantai) utawi urut-urutan melèk aksara ingkang dipunbentuk kaliyan tèks-tèks ingkang boten mawi iluminasi. Tanpa wontenipun daya nyambut damel saking para-para juru carik asrama ing ujung Abad Antik punika, sapérangan ageng karya sastra Yunani ugi Romawi kirang langkung sampun musna saking Éropa. Kados ingkang sampun-sampun, pola sintas salah satunggaling karya tulis punika saèstu katemtokaken dening mupangatipun kagem saglintir tiyang Kristen ingkang melèk aksara. Iluminasi ing naskah-naskah, minangka salah satunggaling cara kagem mulyakaken dhokumèn-dhokumèn kuno, sampun paring pambiyantu nglestantunaken kawontenan ugi nonjolaken nilai informasi saking naskah-naskah punika, salaminipun wekdal nalika golongan panguwasa sampun boten malih nguwaosi basa-basa ingkang dipunginakaken salebeting naskah-naskah punika.

Sapérangan ageng naskah mawi iluminasi ingkang sintas mijil saking Abad Pertengahan, ananging taksih kathah ugi ingkang sintas saking Abad Pembaharuan utawi Abad anyar, sesarengan kaliyan saglintir naskah mawi iluminasi ingkang mijil saking ujunging Abad Antik. Sapérangan ageng naskah punika ngemu wos ngenani tèks-tèks bab agama. Awit saking punika, mliginipun wiwit abad kaping-13, tèks-tèks sékulèr pun ugi saya kathah ingkang dipunanggit mawi iluminasi. Sapérangan ageng naskah mawi iluminasi dipunyasa mawi bentuk kodhèks, ingkang nggantosi bahan mawi bentuk gulungan. Sakedhik sanget sisa-sisa naskah mawi iluminasi ing papirus ingkang sintas, amargi papirus punika boten saged awèt sanget kadosta vélum utawi perkamèn. Sapérangan ageng naskah saking Abad Pertengahan, ingkang wujud iluminasi punapa déné ingkang boten, dipunserat wonten ing perkamèn (limrahipun dipunyasa saking kulit pedhèt utawi anak lembu, biri-biri, utawi ménda, ananging kathah dredah ingkang dipunanggep penting supados saged dipuniluminasi ugi dipun serat wonten ing perkamèn ingkang mutunipun inggil (saé) inggih punika kawastanan vélum.

Wiwit ujunging Abad pertengahan, naskah-naskah wiwit dipun tulis wonten ing dluwang utawi kertas.[1] Buku-buku cithak (generasi perdana) kadhangkala dipunanggit kanthi nglonggaraken wekdal dhumateng rubrik-rubrik saha miniatur-miniatur, utawi dipunparingi inisial-inisial rerenggan, utawi rerenggan wonten ing marjin halaman punika. Ananging pamanggihing tèknik cithak dadosaken iluminasi ing karya-karya tulis saya dangu saya kirang. Naskah-naskah mawi iluminasi taksih dipunasilaken terus ing kawitan abad kaping-16, ananging langkung sekedhik cacahipun. Sapérangan angeng naskah-naskah mawi iluminasi ing kawitan abad kaping-16 dipunanggit amargi panyuwunan saking tiyang-tiyang sugih punika. Naskah inggih punika salah satunggaling barang ingkang kagungan kathah sintas saking Abad Pertengahan; wonten éwonan cacahipun. Naskah-naskah punika inggih minangka spèsimèn-spèsimèn ingkang saé piyambak saking lukisan Abad Pertengahan ingkang mampu sintas ugi ingkang paling karawat, langkung malih, kadhang lukisan-lukisan ingkang natos dipunanggit ing kathah panggènan saha wekdal ing salebeting sajarah.

Sajarah[besut | besut sumber]

Naskah-naskah mawi iluminasi ingkang kasimpen ding Ura Kidane Mehret, salah satunggaling gedhung gréja Ortodoks Étiopia saking abad kaping 16 ing Tanjung Zegé, Danau Tana, Étiopia.

Para sajarawan kagunan rupa nggolongaken naskah-naskah mawi iluminasi miturut jinis saha périodhe yasanipun, inggih punika naskah paling kéntun piyambak ing périodhe Abad Antik, naskah Insular, naskah Karoling, naskah Ottonen, naskah Roman, naskah Gotik, ugi naskah Abad Pembaharuan. Ugi wonten sekedhik naskah mawi iluminasi saking périodhe-périodhe ingkang langkung énggal. Jinis-jinis naskah ingkang dipunanggit mawi rerenggan saéngga kadhang-kadhang kasebut ugi mawi sebutan "buku pajangan", bènten-bènten saking setunggal pèriode tumuju pèriode sanèsipun. Ing périodhe milénium kang sepisan, sapérangan ageng saking naskah-naskah punika wujudipun kadosta Kitab Injil, antawisipun Kitab Injil Lindisfarne saha Kitab Kells. Ing périodhe Roman, kathah dipunanggit Alkitab ingkang jangkep ugi mawi iluminasi kang ukuranipun ageng, salah satungaling kitab punika inggih Alkitab ingkang wonten ing Swédia. Betahaken tenaga pustakawan cacah tiga kagem njunjung Alkitab punika. Kathah buku Mazmur ugi dipunrengga kanthi kathah (malimpah-limpah), ing périodhe Roman punapa déné périodhe Gotik. Kartu-kartu utawi poster-poster ing saklembaripun mawi bahan dasar vélum, kulit samakan, utawi kertas, ugi sampun dumugi ngendi-ngendi (nyebar dumugi pundi-pundi). Lembaran punika ngemu wos carita-carita cekak utawi légenda-légenda ngenani tiyang-tiyang kudus, kesatria-kesatria budiman, utawi tokoh-tokoh mitos, langkung malih ngenani para durjana, prastawa ing salebeting masyarakat (kemasyarakatan), utawi prastawa-prastawa ingkang gawé takjub tuwin nengsemaken; prastawa-prastawa populèr kadhang kerep dipunsadhur kanthi bébas déning para juru carita saha para lakon kagem nyengkuyung péntasipun panjenengan sedaya. Jinis naskah ingkang pungkasan inggih punika buku-buku ibadat harian, buku sembahyang pribadhi ingkang limrahipun dipunsimpen kaliyan kaum-kaum awam ingkang sugih ugi kadhang kala dipunrengga kanthi iluminasi ingkang malimpah-limpah ing périodhe Gotik. Buku-buku sanèsipun, embuh punika wonten gayutipun kaliyan ibadat dhumateng Gusti punapa sanès, lajeng dipunparingi iluminasi malimpah kathah ing sedaya périodhe. Negri Bizantium ugi lajeng nganggit naskah-naskah kanthi ragamipun piyambak. Mawarni-marni naskah ingkang dipunanggit ing Bizantium kasebar ugi dumugi negri-negri Ortodoks tuwin Kristen wétan sanèsipun. Kagem kawasan, périodhe, saha jinis sanèsipun, saged mirsani kagunan rupa Abad Pertengahan. Daur ulang perkamèn kanthi cara ngerik pérangan jaba utawi permukaanipun saéngga saged dipunginakaken malih inggih punika praktik ingkang sampun lazim ing jaman punika; sisa-sisa ingkang katinggal saking tèks sadèrèngipun kawastanan palimpses.

donya Islam, mliginipun Tanjung Iberia, mawi tradhisi melèk aksaranipun ingkang boten kaganggu salamining Abad Pertengahan, sampun paring pambiyantu ingkang kathah ing salebeting dugèkaken karya-karya carik klasik kagem badan ngèlmu kawruh ugi univèrsitas-univèrsitas ingkang saya dangu saya kerep ing Éropa Kilèn ing abad kaping-12, amargi ngasilaken buku-buku kanthi cacah kathah ugi mawi bahan baku dluwang kagem pisananipun wonten ing Éropa, punika ngemu wos babagan risalah-risalah ingkang jangkep ing manéka warna cabang ngèlmu kawruh, utamanipun astrologi saha kedhokteran, ingkang betahaken iluminasi kanthi gunggung ingkang kathah ugi saged mujudaken tèks kanthi pas utawi akurat.

Ing périodhe gotik, langkung kathah naskah-naskah mawi iluminasi ingkang dipunasilaken, ugi langkung kathah malih naskah-naskah sékulèr ingkang dipuniluminasi, kadosta kronik-kronik ugi karya-karya sastra. Ing périodhe punika ugi tiyang-tiyang sugih pada miwiti bangun perpustakaan-perpustakaan pribadhi. Mungkin perpustakaan kagunganipun Filipus Si Pemberani punika minangka dados perpustakaan paling ageng ing pertengangan abad kaping- 15. Boten dipun nyana-nyana biih Filipus punika ngolèksi kinten-kinten 600 naskah mawi iluminasi, manawi dipungatèkake kanca-kancane saha sedhèrèkipun namung ngolèksi kinten-kintan namung pirang lusin kémawon.

Dumugi ngantos abad kaping 12, sapérangan ageng naskah dipunanggit ing asrama-asrama kagem kolèksi perpustakaan asrama utawi kagem jangkepi pikajengan utawi pesenan saking dermawan sugih. asrama-asrama angeng punika sok kadhang kala nyawisaken papan khusus kagem para rahib kagem yasa utawi nganggit naskah ingkang kasebat skriptorium. ing salebeting ruang skriptorium wonten aré-aré kerja pribadhi, papanipun rahib lenggah saha nganggit naskah tanpa kaganggu kaliyan kanca-kancanipun. manawi boten kagungan skriptorium, asrama wau saged nyisihaken "centhong-centhong alit ingkang saged dikhususaken kagem papan mutrani buku; centhong-centhong punika kedah dipunpilih kanthi prayitna supados masing-masing juru carik saged kagungan jendhéla ingkang madhep ing serambi asrama.[2] Pamisahan rahib-rahib punika saking saisinipun asrama nedahaken panjenengan-panjenenganipun estu diajèni ugi dihormati salebeting paguyubanipun.

Ing abad kaping 14, regu khusus para rahib ingkang nganggit naskah ing ruang skriptorium asrama sampun mèh kémawon kagantos kaliyan sanggar-sanggar skriptorium komèrsial (perkotaan), ingkang mirunggan wonten ing Paris, Roma, ugi negri Walandi.[3] Nadyan proses yasa naskah mawi ilumminasi boten ngantos ngalami owahan, ananging geseripun saking asrama-asrama tumuju ing lingkungan komèrsial inggih punika salah satunggaling langkah ingkang kagolong prakarti ingkang radhikal. Panyuwunan naskah saya inggil ugi pesat ngantos-ngantos perpustakaan-perpustakaan asrama ngantos kabanting-banting umpaminipun ing salebeting nyekapi punapa ingkang dados pamundhutipun saengga awit punika sampun nyambutdamelaken juru-juru carik ugi iluminator-iluminator saking jawinipun asrama.[4] Tiyang-tiyang punika umumipun manggèn ing celakipun asrama ugi wonten ing sapérangan kasus, ngagem busana kadya rahib manawi mlebet ing asrama, ananging dipunkeparengaken wangsul manawi wekdal sampun sonten. Ing sanyatanipun, para ilumminator kadhang kala dipunkenal ugi dipunpuji-puji kaliyan tiyang kathah, saha kathah saking tandha-tandha jati diri panjenenganipun sedaya ingkang sintas.[5]

Ing wiwitan, naskah "dipunsrahaken dhumateng rubrikator, ingkang mangké kuwajibanipun, jangkepi (mawi tinta abrit utawi warna sanèsipun) judhul-judhul, judhul-judhul utama, inisial-inisial bab ugii pérangan-pérangan bab, cathetan-cathetan tuwin sanès-sanèsipun; Salajengipun manawi badhe dipunilustrasi, buku punika kasrahaken dhumateng iluminator." salebeting kasus nalika nganggit naskah-naskah kagem disadé mawi cara komèrsial, panyeratipun "Sampun pasti dirembag rumiyin antawisipun panyuwun naskah punika kaliyan juru carik (agèn juru carik); nanging nalikanipun kempalan tulisan punika dipunsrahaken dhumateng iluminator, sampun boten wonten papan kagem inovasi."[6]

Tèknik[besut | besut sumber]

Panganggit naskah ing papan nyambut damelipun. Abad kaping 14.

Iluminasi inggih punika salah satunggaling prosès ingkang rumit ugi sok kadhangkala nelasaken prabéya ingkang ageng. Karya iluminasi umumipun dipunkhususaken dhumateng buku-buku ingkang mirunggan: Alkitab kagem altar gréja, kadosta, tiyang-tiyang sugih kadhang kala mesen "buku-buku ibadat kegem sabendintenipun", ingkang ngemu wos kempalan donga-donga kagem wekdal-wekdal sembahyang salebeting dinten liturgi.

Ing kawitaning Abad Pertengahan, sapérangan ageng buku dipundamel ing asrama-asrama, kagem kaperluwan utawi kabutuhan asrama punika piyambak, kagem dipundadosaken sesajen, punapa déné kagem nyekapi panyuwunan. Nadyan kala wau, sanggar-sanggar skriptorium komèrsial setunggal mawi setunggal padha muncul ing kutha-kutha ageng, istimewanipun ing Paris, ugi Italia, sarta negri Walandi. Ing pangujung abad kaping 14 sampun wonten industri kegem nganggit naskah ingkang (signifikan). Industri punika ugi njawil marang agèn-agèn ingkang kagungan kuwajiban tugis nyatet pesenan-pesenan utawi panyuwunan saking tebih-tebih, sarta rincianipun lambang pribadhi ingkang nyuwun (mesen), ugi tiyang-tiyang kudus ingkang dipunpenginaken (kagem pananggalan ing salebeting buku ibadat sabendinanipun). Ing pangujung Abad Pertengahan, kathah saking para pelukis inggih punika kaum wanodya, mliginipun ing Paris.

Tèks[besut | besut sumber]

Salebeting yasa utawi nganggit naskah mawi iluminasi, umumipun tèks dipuntulis rumiyin. Lembaran-lembarann perkamèn utawi vélum, inggih punika kulit kéwan ingkang sampun dipunolah mawi cara khusus ngantos dados mèdhia tulis, dipuniris-iris dados lembaran-lembaran kaca kanthi ukuran ingkang trep. Sawisipun sedata tata panggènan isinipun naskah dipunrancang kanthi mateng ( kadosta, papanipun huruf-huruf kapital inisial ugi gambar-gambar bingkai kaca), garis-garis minangka tandha saking garis dipungorèsaken kanthi tipis ing lembaran kala wau mawi pang ingkang landhep (runcing). Salajengipun juru carik wiwit yasa utawi nganggit kanthi (buli-buli tinta) tuwin péna bulu utawi kalam ingkang sampun diruncingaken.

Jinis hurup kagem nulis tèks dipunpasaken kaliyan kebiasaan ugi (cita rasa setempat). Hurup-hurup Romawi ingkang kokoh saking kawitaning Abad Pertengahan suwi suwining wekdal saged kaganti kaliyan jinis-jinis hurup sanèsipun, kadosta hurup unksial saha hurup separo unksial, khuhusipun ing Kepulauan Britania, papan kagem ngembangaken jinis-jinis hurup ingkang khas kadosta hurup mayuskula insular tuwin hurup minuskula insular. Hurup cemeng ingkang padhet ugi kagungan tèkstur kados pisanan medal kinten-kinten abad kaping 13 ugi dados sanget populèr, mliginipun ing pangujung Abad Pertengahan. Paléografi inggih punika kajian ngenani hurup-hurup tulisan carik ingkang kagungan nilai sejarah, ugi kodikologi inggih punika kajian ngenani aspèk-aspèk fisik sanèsipun saking kodèks-kodèks naskah.

Salah saiwjining unsur ingkang èstu penting salebeting yasa utawi nganggit naskah mawi iluminasi inggih punika kathahipun wekdal ingkang dipuntelasaken ing tahap praprodhuksi kagem nyiapaken warangka naskah punika. Ing wekdal saderengipun naskah dipunanggit, naskah dipunrancang rumiyin kanthi prayitna, "Selembar kaca (halaman) mawi tulisan hurup cemeng, punika sampun dados barang lumrah ing périodhe Gotik, badhe katingal minangka salembar kaca ingkang mawi wos hurup-hurup ingkang dipuntulus dhèmpèt-dhèmpètan saha seseg-sesegan, ing salah satunggaling format ingkang dipundominasi hurup-hurup ageng mawi rerenggan, ingkang dipuntedhak saking wujud aksara unksial utawi ingkang dipunpasaken kaliyan sedaya ilustrasi."[7] Kagem nyegah kaulangipun yasa naskah-naskah ugi iluminasi-iluminasi ingkang kirang saé kados punika, limrahipun tulisan punika dipunwuwuhaken kala rumiyin, "ugi bidhang-bidhang kothong dipunsisihaken kagem dhekorasi. Bab punika dipunrancang kanthi prayitna sanget déning juru carik, langkung malih sadèrèngipun péna dipungores ing perkamèn punika."manawi juru carik ugi iluminator boten dipunayahi kaliyan setunggal tiyang ingkang sami, maka rencana praproduksi dadosaken kedah dipuncawisaken ruang utawi papan ingkang (memadai) kagem asil karya panjenengan punika sedaya masing-masing.

Prosès yasa iluminasi[besut | besut sumber]

langkah-langkah ingkang limrah salebeting yasa (nganggit) naskah mawi iluminasi, wiwit saking damel kuras dumugi ngantos panjilidan.
TAHAP-TAHAPING NGILUMINASI I. Maringi tandha warangka gambar mawi titik-titik saking bubuk grafit. II. Damel gambar mawi gerip pérak. III. Dadosaken gambar tambah jelas mawi tinta. IV. Nyawisaken (permukaan) bidhang gambar kagem mangké lajeng dipunsepuh kaliyan emas keranjang. V. Nyepuhaken emas keranjang. VI. Nggilapaken emas keranjang kersanipun kinclong. VII. Nambahaken (guratan) renggan supados emas keranjang saya kelèt. VIII. Bubuhaken warni-warni dhasar. IX. Nambahaken warni-warni peteng supados gambar kagungan kesan timbul. X. Nambahaken detail-detail gambar. XI. Bubuhakaen detail tambahan mawi warni-warni ingkang padhang. XII. Jelasaken sakiwa tengening pérangan saka ing gambar mawi tinta minangka ngrampungaken iluminasi punika.
Salah satunggaling iluminasi manuskrip abad kaping 13, gambar prastawa paukuman mati Thomas Becket, minangka foto paling sepuh ingkang dipunsumerepi.

Tahapan-tahapan ing ngandhap inggih punika pethingan saking sedaya warangka kegiatan salebeting yasa iluminasi-iluminasi ing salah satunggaling kaca ing naskah:

  1. Damel gambar mawi gerip pérak.
  2. Nyepuhaken emas.
  3. Bubuhaken warni-warni ingkang utami.
  4. Nglanjutaken tigang tahap utami sarta yasa warangka gambar-gambar hiasan ing sapinggiring kaca (halaman).
  5. Nggambar rinceau utawi rerenggan ingkang awujud sulur-suluran minangka rerenggan marjin ing saben kaca.
  6. Maringi warna gambar-gambar renggan marjin kaca punika.[8]

Iluminasi ugi rerenggan limrahipun sampun dipunrancang nalikaning naskah arsa dipunyasa, inggih punika ugi mawi bidhang kothong ingkang kedah dipunsisihaken kagem nampung sedaya renggan punika. Nadyan makaten, panulisan tèks limrahipun dipundamel langkung rumiyin sadèrèngipun naskah dipunsukani iluminasi. Ing kawitaning Abad Pertengahan, tèks ugi iluminasi sok kadhangkala dipundamel sekaliyan déning tiyang-tiyang ingkang sami, umumipun déning para rahib. Ananging ing puncaking Abad Pertengahan, tèks saha iluminasi limrahipun dipunyasa kanthi cara misah, kajaba kagem inisial-inisial ugi rerenggan-rerenggan tambahan ing hurup ingkang kaulang. Ing abad kaping-14, sampun wonten sanggar-sanggar kriya ingkang mrodhuksi naskah-naskah, ugi ing kawitaning abad kaping-15, sapérangan ageng naskah-naskah ingkang saé piyambak dipunyasa ing sanggar-sanggar punika kagem nyekapi panyuwunan, langkung malih panyuwunan saking asrama-asrama. manawi payeratan tèks sampun paripurna, ilustrator lajeng siap-siap kagem nyambut damel. Gambar-gambar ingkang rumit (angèl) sampun dipunrancang sadèrèngipun, saged dipunpastèkaken ing papan-papan mawi lapis lilin, buku skétsa ing wanci punika. Gambar-gambar rancangan punika salajengipun dipuntedhak utawi dipunputrani ing (permukaan) vélum, (mingunakaken dom utawi alat kanggé nggorès sanèsipun, kadya ing prosès yasa Kitab Injil Lindisfarne). Sakpunika kathahipun naskah ingkang nembé separo dados saking mawarni-warni périodhe mawi sampun cetha nyingkap métodhe-métodhe ingkang natos dipunginaken ing prosès yasa (nganggit) naskah.

Ing sedaya périodhe, sapérangan ageng naskah ingkang dipunkasilaken boten momot gambar. Ing kawitaning Abad Pertengahan, naskah-naskah condhong dipunkasilaken ing salebeting kalih kategori inggih punika tujuanipun dipundamel, inggih punika kagem dipunginakaken minagka buku pajangan ingkang sarat kaliyan iluminasi,punapa kagem kaperluwan pasinaon ingkang dipunrengga kanthi inisial-inisial renggan saha rerenggan-rerenggan tambahan ing hurup. Ing périodhe Roman, langkung kathah malih naskah ingkang dipunsukani rerenggan utawi inisial-inisial mawi riwayat (sajarahipun), ugi naskah-naskah ingkang kagem kaperluwan pasinaonan kerep sanget muat sapérangan gambar, nadyan kadhangkala boten dipunsukani warni. Conhongipun punika saya nambah ing périodhe Gotik, manawi sapérangan ageng naskah ingkang dipunasilaken sakirang-kirangipun kagungan rerenggan tambahan ing bagian hurup tertentu, ugi taksih kathah malih naskah ingkang ngemot gambar. Buku-buku pajangan, mliginipun ingkang dipunasilaken ing périodhe Gotik, dipunisi kaliyan warangka-warangka rerenggan utawi motif sulur-suluran, ingkang sok kadhangkala dipunsisipi droleri-droleri alit. Setunggal lembar kaca naskah ingkang dipun yasa ing périodhe Gotik saged ngemu sapérangan jinis rerenggan: salah satunggaling miniatur ing warangka, salah satunggaling inisial mawi riwayat ing awal setuggal bait tèks, ugi salah sawiining jinis warangka renggan ingkang dipunsisipi gambar-gambar droleri. Kadhang kala inis rerenggan ingkang benten punika dipunyasa déning juru kagunan ingkang sanès ugi.

Migunakaken warni ing salebeting naskah-naskah mawi iluminasi[besut | besut sumber]

manawi sepuhan emas minangka salah satunggaling tampilan ingkang paling nengsemaké saking naskah-naskah mawi iluminasi, kanthi punika padhuwan warni-warni ingkang kendel ngasilaken lapisna-lapisan dhimènsi ing iluminasi. Saking sudhut pandhang rèligius, "Manéka warni ingkang dipunginaken ing ilustrasi buku, boten kirang layang amargi kagungan manéka warnarahmat saking hikmah surgawi."manawi pujangga réligius nganggep badanipun minangka ejawantah sapérangan saking kamulyaning Allah ingkang boten wonten telasipun ing salebeting karya-karya panjenengan punika sadaya, kathah ilustrasi saged dipunhubungaken utawi dipunsautaken kaliyan "Sajarah saking tèks-tèks ingkang badhe dipunilustrasi sarta kabutuhan tuwin (cita rasa) saking para pamaosipun."[9] Wrni dadosaken gambar-gambar salebeting lembaran naskah katon gesang ugi nengsemaken pamaos. Tanpa warni, dhampak saking gambar naskah punika arsa ical sedayanipun.

Prosès wewarnan[besut | besut sumber]

Para juru kagunan Abad Pertengahan kagungan (perbendaharaan) warni ingkang sugih; ing ngandhap inggih punika dhaftar sapérangan bahan pewarna ingkang dipunginakaken. Kajaba saking punika, bahan-bahan anèh kadosta toya kagunan ugi reregeding talingan ugi dipunginakaken salebeting ngramu pewarna punika.[10]

Warni Pawarna
Abang Pawarni saking serangga, antawisipun:

Pawarna saking bahan kimiawi ugi mineral, antawisipun:

Jenar Pawarna saking tetuwuhan, antawisipun:
  • Reseda, dipunolah saking tetuwuhan Reseda Luteola;
  • Kunyit, saking tetuwuhan Curcuma Longa; ugi
  • Kuma-kuma, arang sanget digunakan amargi reginipun ingkang awis, saking tetuwuhan Crocus Sativus.

Pawarna saking mineral, antawisipun:

  • Hartal, zat warni lemah ingkang dipunpikantukaken kanthi cara alami saking mineral limonit; ugi
  • Orpimèn, ing ngèlmu kimia kawastanan arsèn trisulfida, As2S3.
Ijo
  • Verdigris, ing ngèlmu kimia kawastanan kupri asetat, Cu(OAc)2.(H2O)2, miturut sajarah dipundamel kanthi cara nggodhog semprèngan tembaga ing salebeting larutan cuka;
  • Malakit, sijinising mineral ingkang wonten ing alam, ing ngèlmu kimia kawastanan tembaga karbonat dasar, Cu2CO3.(OH)2; dan
  • Ijo gadhung, jinising pawarna saking tetuwuhan ingkang dipunékstrak saking woh buni Rhamnus tinctoria
Biru Pawarna saking tetuwuhan, antawisipun:

Pawarna saking bahan kimiawi saha mineral, antawisipun:

Pethak
Cemeng
  • Karbon, saking jelaga (awu), arang, ugi asil pangobangan balung utawi gadhing;
  • Sepia, saking tinta sotong; ugi
  • Tinta wesi makajané, ing Abad Pertengahan dipundamel saking paku wesi ingkang dipungodhog ing larutan cuka; senyawa ingkang dipunkasilaken salajengipun dipuncampur kaliyan sari makajané (puru wit tarbatin).
Emas
  • Emas keranjang, emas ingkang dipuntempa saéngga ngantos tipis-tipis, utawi bubuk emas, dipunkelètaken kaliyan gom arab utawi endog, punika kawastanan emas cangkang.
Pérak
  • Pérak, pérak krenjang punapa déné bubuk, sami kaliaj emas; ugi
  • Timah krenjang, sami kaliyan emas.

Panyepuhan[besut | besut sumber]

Sakramentarium Tyniec saking abad kaping 11, dipuntulis mawi mangsi emas ing (latar wuri) ungu.

Salah satunggaling naskah mawi iluminasi dipunanggep kanthi temenan mawi iluminasi manawi salah setunggaling utawi langkung iluminasi ing salebeting naskah punika dipun rengga kanthi wontenipun emas krenjang utawi emas urai ingkang dipunsepuhaken kanthi tèknik upam. Sepuhan emas ing salah satunggaling iluminasi nyirataken maneka warni makna hubunganipun kaliyan naskah punika. manawi sipating tèks punika rèligius, mangké prosès mbubuhi emas minangka tandha kurmat ugi mulyakaken tèks punika.ing abad-abad kawitan agama Kristen, "naskah-naskah Injil kadhangkala dipuntulis sedaya kanthi migunakaken mangsi emas (prada)."[11] Kajaba dadosaken tèks katon nengsemaken, juru-juru carik wekdal samanten punika ugi kagungan pamikir bilih migunaaken emas punika minangka wujud mulyakaken Allah. Minangka tuladhanipun, "Lukisan riwayat gesangipun Kristus dipundamel langkung éndah ugi kagungan latar wingking emas ing tengah-tengah kathahing gambar (adegan perburuan), lomba, tuwin makhluk gaib."[12] Kajaba saking punika, emas ugi dipunginaaken manawi tiyang ingkang pesen naskah kepingin mamèraken kasugiihanipun. Ing wekdal mangkénipun bubuhi emas ing naskah-naskah kathah dipunayahi kaliyan tiyang-tiyang, "saéngga nilainipun minangka pratandha statusing janma dados mudhun."[13] Salamining wekdal punika, reginipun emas dados mirah saengga bubuhi naskah-naskah mawi iluminasi kanthi mangsi emas namung dipunregani agengipun sepersedasa saking prabeya yasa naskah punika.[14] Kanthi cara nambah méwahing naskah, (penggunaan) emas ing salebeting yasa iluminasi sampun ngasilaken karya-karya kagunanng ingkang taksih dipunregani dumugi sakpunika.

Dipunbubuhaken emas kranjang utawi emas urai ing salah satunggaling iluminasi inggih punika prosès ingkang saèstu rumit saéngga namung iluminator-iluminator ingkang mahir kémawon ingkang saged nindakaken pakaryan punika. Bab ingkang sepisan ingkang dados dasaring tetimbangan iluminator manawi badhe bubuhaken emas inggih punika punapa emas kranjang utawi emas urai ingkang kados pundi ingkang saé manawi dipunginakaken. manawi iluminator arsa migunakaken emas kranjang, kedahipun emas punika dipuntempa ngantos tipis nglangkungi tipisipun kertas ingkang paling tipis." Emas ingkang dipunagem ing bab punika bisa kémawon mujudaken mawarni-warni pérangan saking tèks ingkang saged dipun damelwarngka mawi garis emas. Wonten sapérangan cara nyapokaken emas ing salah satunggaling iluminasi, salah setunggaling cara ing paling poluler inggih punika nyampur emas kala rumiyin kaliyan lém héwani lajeng "dipunsuntak ing toya lajeng dipunluluhaken kanthi driji."[15] Sawisipun sampun dados empuk ugi mlempung ing salebeting toya, emas sampun siap manawi dipunsapokaken wonten lembaran naskah. Para iluminator kedah ngatos-atos sanget nalikanipun nyapokaken emas punika supados naskah kersanipun boten rusak warni sadèrèngipun ingkang dipun bubuhaken nalikanipun iluminasi. Emas Kranjang sipatipun gampil sanget kelet ing sedaya warni pawarna ingkang langkung rumiyin sampun dipunbubuhaken, saéngga saged ngrisak sedaya rancanganipun. Kajaba saking punika prosès panginclongan dipunleksanakanen kanthi cara medalaken sedaya daya saéngga risiko sanget dhumateng lukisan-lukisan kala wau amargi emas punika saged malubèr tumuju pérangan sakiwa tengenipun." Pambubuhan emas kanthi boten waspada saged ngrisak pérangn-pérangan iluminasi ingkang langkung rumiyin sampun dipun yasa saéngga sedaya lembaran kapeksa kedah dipungantos.

Para patron kagunan iluminasi[besut | besut sumber]

asrama-asrama ngasilaken naskah-naskah kagem dipunanggé piyambak; naskah-naskah ingkang dipunsarati iluminasi ing ngajengipun namung kagem tujuan sarana paribadatan, ing sanès bab naskah-naskah kolèksi perpustakaan asrama ngemu wos tèks-tèks ingkang katingal langkung prasaja. Ing périodhe kala rumiyin, naskah-naskah kadhangkala dipunyasa amargi panyuwunanipun para panguwasa supados saged dipunanggé piyambak utawi dipundadosaken tandha mata diplomatik. Kathah naskah kuno ingkang dipunkasilaken kanthi cara kados punika, malah ugi ngantos kawitaning jaman Modern. Kawit buku ibadat dinan sampun dados populèr, tiyang-tiyang sugih sami remen pesen buku-buku ibadat padinan mawi iluminasi kanggé dipundadosaken sarana pratandha status utawi drajad ing madyaning masyarakat, saéngga buku-buku kados makaten kadhang-kadhang ngemu potrèt utawi lambang pribadhi ingkang mesen: Ïng lukisan ingkang nggambaraken kisah Perjanjian Anyar, sosok Kristus lajeng dipunyasa langkung ageng tinimbang sosok rasul, ugi sosok rasul lajeng dipunyasa langkung ageng malih tinimbang sosok figuran, ambyog ingkang mesen ingkang (rendah hati) utawi pelukis piyambak badhe dipuntampilaken minangka sosok alit ing sudhut lukisan.[16] Pananggalan ing salebeting buku-buku ibadat padinan punika dipunyasa kanthi sipating langkung pribadhi, inggih punika kanthi nonjolaken tanggal-tanggal ngenani acaranipun tiyang-tiyang kudus ing papan punika utawi santo-santa pangayoming anggota-anggota kulawarga ingkang mesen. Wonten ing pangujung Abad Pertengahan, kathah naskah ingkang dipunyasa kanthi tujuan dipundistribusèkaken liwat salah satunggaling jaringan agèn. Ing naskah-naskah punika wonten pérangan-pérangan ingkang sengaja dipunkothongaken kagem mangkenipun badhé dipunisi piyambak déning tiyang ingkang tumbas lukisan lambang ingkang dipunminati punika.

Detail ugi kaéndahanipun ingkang nengsemaken nuduhaken bilih bubuhipun iluminasi boten natos saged dipunleksanakaken tanpa rancangan ingkang mateng. Bubuhaken iluminasi kagungan mupangat rangkep, inggih punika nambah nilai salah satunggaling karya tulis ugi ingkang langkung penting malih, nampilaken gambar-gambar tumraping golongan wuta aksara ing salebeting masyarakat ingkang "Dadosaken pamaosipun kraos langkung nyata, gampil, ugi bisa saged langkung dipercados."

Gladri[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Buku Misa Silos saking kawitan abad kaping-11, dipunserat ing bahan ingkang boten limrah sajeroning yasa buku-buku ing wekdal punika, mijil saking Spanyol, cerak saking pusat yasa dluwang kaum Muslim ing Al-Andaluz. Panyeratan naskah ing dluwang lami-laminipun saya limrah dipunleksanakaken, ananging perkamèn ingkang langkung awis ugi taksih lankung asring dipunginakaken ing sajeroning yasa naskah-naskah mawi iluminasi dumugi ngantos purnaning période punika.
  2. Putnam A.M., Geo. Haven. Books and Their Makers During The Middle Ages. Jil. 1. New York: Hillary House, 1962. Print.
  3. De Hamel, 45
  4. De Hamel, 57
  5. De Hamel, 65
  6. De Hamel, Christopher. Medieval Craftsmen: Scribes and Illuminations. Buffalo: University of Toronto, 1992. hal. 60.
  7. Anderson, Donald M. The Art of Written Forms: The Theory and Practice of Calligraphy. New York: Holt, Rinehart and Winston, Inc, 1969. Print.
  8. Calkins, Robert G. "Stages of Execution: Procedures of Illumination as Revealed in an Unfinished Book of Hours." International Center of Medieval Art 17.1 (1978): 61–70. JSTOR.org. Web. 17 April 2010. <http://www.jstor.org/stable/766713>
  9. "Manuscript." http://arts.jrank.org/pages/9716/Manuscript.html. Web. 17 April 2010.
  10. Iberian manuscripts (pigments) . 29 Maret 2003 https://archive.is/20030329222834/http://www.humanities.uci.edu/spanishandportuguese/spanish/medievaliberia/manuscript_glossary_O-P.html. Check date values in: |date= (help); Missing or empty |title= (help)
  11. De Hamel, Christopher. The British Library Guide to Manuscript Illumination: History and Techniques. Toronto: University of Toronto, 2001. Print, 52.
  12. Brehier, Louis. “Illuminated Manuscripts.” The Catholic Encyclopedia. Jil.9. New York: Robert Appelton Company, 1910. 17 April 2010 http://www.newadvent.org/cathen/09620a.htm
  13. De Hamel, Christopher. Medieval Craftsmen: Scribes and Illuminations. Buffalo: University of Toronto, 1992. Print, 49.
  14. Brehier, Louis. “Illuminated Manuscripts.” The Catholic Encyclopedia. Jil.9. New York: Robert Appelton Company, 1910. 17 April 2010 http://www.newadvent.org/cathen/09620a.htm, kaca 45.
  15. Blondheim, D.S. "An Old Portuguese Work on Manuscript Illumination." The Jewish Quarterly Review, New Series 19.2 (1928): 97–135. JSTOR. Web. 17 April 2010. <http://www.jstor.org/stable/1451766>.
  16. "Heraldry". Glossary for Illuminated Manuscripts. British Library. n.d. Retrieved 14 Desember 2015. Check date values in: |accessdate= (help)

Waosan langkung lanjut[besut | besut sumber]

  • Bland, David. A History of Book Illustration: The Illuminated Manuscript and the Printed Book (London: Faber & Faber, 1958)
  • Coleman, Joyce, Mark Cruse, and Kathryn A. Smith, eds. The Social Life of Illumination: Manuscripts, Images, and Communities in the Late Middle Ages (Series: Medieval Texts and Cultures in Northern Europe, jil. 21. Turnhout: Brepols Publishing, 2013). xxiv + 552 kaca tinjauan daring
  • De Hamel, Christopher. A History of Illuminated Manuscript (Phaidon, 1986)
  • De Hamel, Christopher. Medieval Craftsmen: Scribes and Illuminations. Buffalo: University of Toronto, 1992.
  • Lazaris, Stavros. "L’illustration des disciplines médicales dans l’Antiquité: hypothèses, enjeux, nouvelles interprétations", salebeting: La Collezione di testi chirurgici di Niceta (Firenze, Biblioteca Medicea Laurenziana, Plut. 74.7). Tradizione medica classica a Bisanzio, M. Bernabò (ed.), Roma, 2010, kaca. 99-109 [1].
  • Lazaris, Stavros. "L’image paradigmatique: des Schémas anatomiques d’Aristote au De materia medica de Dioscoride", Pallas, 93 (2013), hal. 131-164 .
  • Lazaris, Stavros. "Art et science vétérinaire à Byzance: Formes et fonctions de l’image hippiatrique". Turnhout: Brepols, 2010 [2]
  • Morgan, Nigel J., Stella Panayotova, dan Martine Meuwese. Illuminated Manuscripts in Cambridge: A Catalogue of Western Book Illumination in the Fitzwilliam Museum and the Cambridge Colleges (London: Harvey Miller Publishers nyambut damel sesarengan kaliyan Modern Humanities Association. 1999- )
  • Rudy, K.M. Piety in Pieces: How Medieval Readers Customized their Manuscripts (Open Book Publishers, 2016)
  • Wieck, Roger. "Folia Fugitiva: The Pursui of the Illuminated Manuscript Leaf". Jurnal Walters Art Gallery, Jil. 54, 1996.

Pranala jaba[besut | besut sumber]

Gambar[besut | besut sumber]

Sumber[besut | besut sumber]

Modhéren[besut | besut sumber]