Menyang kontèn

Marsilea

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Marsilea
Marsilea drummondii L.
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Pteridophyta
Klas: Pteridopsida
Ordho: Salviniales
Famili: Marsileaceae
Génus: Marsilea L.
Species

sakiwa-tengené 35 spésies, di antaranya

  • M. crenata
  • M. quadrifolia
  • M. drummondii
  • M. macrocarpa
  • M. exarata
Semanggi

Semanggi ya iku jeneng kanggo kulawarga paku banyu (Salviniales) saka marga Marsilea kang ana ing Indonésia akèh tinemu ing sawah, kali utawa ing pinggir saluran irigasi.

Tuwuhan semanggi nduwéni morfologi kang khas amarga wujud entalé kang pada kaya payung. Wujud iki kasusun saka anak godhong kang cacahé papat lan dhapuré adhep-adhepan. Amarga saka wujud godhong kang kaya ngéné iki, jeneng semanggi dianggo kanggo jinis tuwuhan dikotil kang duwé godhong kang susunané mirib kaya semanggi. Tuwuhan iki kaya ta klover. Semanggi nduwé heterosporkang duwé loro tipe spora kang jinis kelaminé béda.

Godhong tuwuhan iki, umpamané M. crenata lumrahé dianggo nggawé masakan kaya ta pecel.[1] Pecel kang digawé saka semanggi diarani pecel semanggi. Pecel iki dadi masakan khas Surabaya.[1] Pérangan organ kang kanggo nyimpen spora (diarani sporokarp) M. drummondii.[1] Pérangan iki uga dimanfaataké pandhudhuh asli Australia (aborigin) dadi masakan. Semanggi M. crenata uga ngandhut fitoestrogen (estrogen tuwuhan) kang nduwéni poténsi kanggo ncegah osteoporesis.[1] Tuwuhan iki uga duwé potensi dadi tuwuhan bioremediasi, awit bisa nyesep logam berat Cd lan Pb. Kanthi iki perlu ati-ati nalika masak semanggi mligi godhong semanggi kang dijupuk saka panggonan kang akèh logam beraté.[1] Nalika digawé pecel, godhong semanggi lumrahé diwénéhi bumbu pedhes.[2] Carané masak kanthi digodhog utawa didang.[2] Semanggi lumrahé dipangan nganggo krupuk karo bumbu.[2] Bumbu kanggo masak semanggi ya iku, kacang brol, tela, gula abang, gula putih, asem, bawang, trasi, lombok, lan petis.[2]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e surya.co.id [pranala mati permanèn] (dipunundhuh tanggal 5 Juli 2011)
  2. a b c d koranrakyatonline.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 5 Juli 2011)