Lenga Atsiri

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Godhong Nilam, salah sawijiné bahan baku nggawé lenga atsiri

Lenga Atsiri utawa asring diarani volatile oil utawa essential oil yaiku cairan kentel sing ora bisa nyampur ing banyu.[1] Lenga atsiri ngandhut senyawa-senyawa sing gandané saka manéka jinis tetanduran.[1] Lenga atsiri padatan dikasilaké kanthi cara destilasi, uga bisa dikasilaké kanthi prosès ekspresi lan ekstrasi pelarut.[1] Lengan atsiri digunakaké kanggo minyak wangi, wedhak, kanggo rasa ing panganan lan ombé-ombénan, uga ing prodhuk-prodhuk kanggo ngresiki piranti omahan.[1] Lenga atsiri uga bisa digunakaké kanggo kasarasan, tuladhané ngrumat kulit nganti nambani kanker.[1] Nanging, kagunan utama lenga atsiri saiki yaiku kanggo kapreluan aromaterapi, salah sawijiné tetamba alternatif sing mènèhi èfèk nambani sawatara penyakit.[1] Lenga atsiri dikasilaké saka prosès penyulingan buwah, godhong, lan oyod tanduran atsiri.[2] Sawatara jinis tanduran atsiri sing tuwuh subur ing Indhonésia yaiku pala, cengkèh, nilam, serei, oyod wangi, panili, kayu manis, lsp.[2]

Ciri-ciri[sunting | sunting sumber]

Lenga atsiri sing wis disuling bentuké cairan kanthi kandhutan senyawa sing gampang ngabar, akèh sithiké saenyawa volatil kuwi gumantung saka akèhé senyawa sing ngandhut oksigen ing lenga atsiri.[3] Ciri-ciri lenga atsiri padatan ngandhut senyawa terpene, struktur kimiané mbentuk ranté lurus lan ora nyabang-nyabang.[3] Lenga atsiri ana sing nduwèni Senyawa Benzene.[3] Kualitas lan murniné saka sifat lenga atsiri bisa katon saka gedhéné spesific gravity ing suhu 15°C.[3] Lenga atsiri ing sushu 15°C nuduhaké perbandhingan antarané aboté lenga atsiri ing suhu 15°C karo volume banyu sing kaandhut ing jero lenga atsiri.[3]

Para ahli uga nganggep, lenga atsiri kuwi metabolit sekunder kang padatan migunani minangka alat pertahanan dhiri supaya tanduran ora dipangan kéwan (ama) utawa minangka agen kanggo saingan tetanduran liya anggoné nahanaké ruwang urip.[4] Dadi lenga atsiri kang kaandhut ing tetanduran kuwi bisa ngalang-ngalangi kéwan supaya ora ngganggu.[4]

Kagunan[sunting | sunting sumber]

Ing Indhonésia, kagunan lenga atsiri akèh banget lan bisa digunakakè kanthi manéka jinis cara.[5] Tuladhané dikonsumsi langsung arupa panganan utawa ombé-ombénan kayata jamu sing ngandhut lenga atsiri, bahan penyedhep panganan, nambahi rasa ing ès krim, permèn, lan odol.[5] Déné kanggo kagunan ing njaba awak kayata kanggo mijet, lulur, balsem, sabun, sampo, obat tatu, lan minyak wangi.[5] Kanggo napas bisa kanggo inhalasi utawa aromaterapi kayata pewangi ruwangan, pewangi tisu, nglegakaké napas, nuwuhaké rasa seger, uga kanggo wewangian liyané.[5]

Cara Nggawé[sunting | sunting sumber]

Lenga atsiri bisa digawé kanthi cara destilasi (penyulingan) lan cara ekstrasi pelarut (solvent extraction).[1] Destilasi lengan atsiri dilakokaké kanthi cara nadhahi bahan baku saka tanduran, kayata godhong, kulit kayu, wiji, lan oyod ing alat destilasi ing dhuwur banyu.[1] Nalika banyu dipanasaké, uap banyu bakal ngliwati bahan baku kasebut lan mèlu nguapaké lenga atsiri.[1] Uap lenga atsiri bakal ngalami prosès kondensasi saéngga dadi cairan manèh. Cairan kuwi banjur ditadhahi ing alat kanggo nadhahi.[1] Cairan kuwi diarani hidrosol utawa hidrolat. Tuladha hidrosol sing misuwur yaiku banyu mawar lan banyu lavender.[1]

Cara ekstraksi pelarut (solvent extraction) digunakaké kanggo ngasilaké lenga atsiri sing sithik banget kanggo diperes. Cara iki digunakaké pelarut, kayata heksan utawa karbondioksida superkritis kanggo ngekstraksi lenga atsiri.[1] Ekstrak sing dikasilaké pelarut heksan utawa pelarut hidrofobik liyané diarani concretes sing ngandhut campuran lenga atsiri, lilin, resin lan senyawa larut lenga liyané saka tanduran.[1] Pelarut liyané yaiku etil alkohol, digunakaké kanggo misahaké komponèn lenga atsiri saka concretes.[1] Alkohol diilangaké liwat prosès destilasi tahap sing kapindho, saéngga ninggalaké komponen lenga atsiri sing diarani absolute.[1] Pelarut karbondioksida superkritis digunakaké minangka pelarut ing prosès ekstraksi cairan superkritis.[1] Karbondioksida superkritis ngekstraksi lilin uga lenga atsiri ing concrete.[1] Lilin bakal dipisahaké saka lenga atsiri kanthi cara ngudhunaké temperatur ekstraksi, banjur sawisé ekstraksi rampung, tekanan diudhunaké saéngga karbondioksida owah dadi gas.[1]

Sawatara jinis lenga atsiri[sunting | sunting sumber]

Jeneng lenga atsiri padatan miturut bahan baku sing digawé lenga atsiri, tuladhané:

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r (id)Minyak Atsiri(diundhuh 4 Desember 2012)
  2. ^ a b (id)Minyak Atsiri-Essential oil(diundhuh 4 Desember 2012)
  3. ^ a b c d e (id)Makalah Produksi Minyak Atsiri(dipunundhuh 7 Desember 2012)
  4. ^ a b (id)Kegunaan Minyak Atsiri(diundhuh 31 Desember 2012)
  5. ^ a b c d (id)Penggunaan Minyak Atsiri di Indonesia(diundhuh 4 Desember 2012)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Lenga_Atsiri&oldid=835746"