Kroncong

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kroncong
Asal-usuling aliran musik Portugis
Sumber kabudayan abad kaping 16 Indonésia
Piranti musik VokalUkulélé (cak, cuk) – sélogitarbasssulingpiyul
Moncèr Indonésia, Malaysia, Singapura, lan Nèderlan wiwit 1960-an
Wujud turunan Gambang Kromong – Tanjidor – Langgam JawaCampursari
Subgenre
Kroncong Koes Plus – Kroncong Beat
Genre campuran (fusion)
Pop Kroncong – Kroncong Dangdut
Vèrsi nggon-nggonan
Kroncong Tugu – Kroncong Johor
Topik liyané
Musik ing Indonésia


Gesang, Maestro Keroncong Indonésia

Kroncong ya iku jinising lelagon kanthi témpo alon kang migunaké flute, sélo, piyul, cak. lan cuk. Lelagon iki minangka akulturasi antarané kabudayan Portugis lan Nuswantara. Sabanjuré, kroncong dadi kabudayan Indonésia kang kawentar ing jaman wiwitan kamardhikan.

Asal-Usul[besut | besut sumber]

Mula bukaning kroncong isih sasar-susur. Ana kang nyebut asli Indonésia, ana kang nyebut gawanan Portugis. Nanging kang paling akèh ditampa bebrayan ya iku kroncong iku asli Indonésia.[1]. Manut Denny Sakrie, ananing kroncong ing Nuswantara kababag dadi patang jaman,[2] ya iku:

  1. Kroncong Tempo Doeloe (1880-1920)
  2. Kroncong Abadi (1920-1960)
  3. Kroncong Moderen (1960-2000)
  4. Kroncong Milenium (2000-saiki)

Udakara abad angka 19, kroncong dadi kondhang lan nyebrang tekan Ujung Malaya. Kroncong banjur nglebur karo kabudayan lokal. Upamané, ing 1950-an, kroncong nglebur karo gamelan Jawa dadi langgam. Ing antarané kang kawentar nyindhèn kroncong langgam jawa ya iku Waljinah. Kroncong ngancik pucuking kondhang ing taun 1960-an lan banjur nyusut kadhesek déning lagu populer.

Swara cara kroncong[besut | besut sumber]

Liev Java Orchestra ing Betawi, 1936

Sebutan "Kroncong" dinuga saka suara krincingan krincing rebana. Swara iki keprungu dadi latar kang ngreroncé swara instrumèn liyané, nalika tabuh lerem utama mlaku. Thuthukan swarané luwih rikat tinimbang swara panembang (penyanyi) lan mélodi. Lelagon kroncong iki diracik, lumrahé, nganggo cak, cuk, sélo, gitar, lan kontra bass. Cak lan cuk digunakaké kaya déné ricikan ing gamelan. Ing jaman wiwitan kroncong, nganggoné cavaquinho, gitar cilik nganggo senar waja papat. Cavaquinho banjur diréka dadi prounga (senar telu nganggo nilon) kanthi swara cendhèk. Cavaquinho uga diréka nganggo senar nilon papat kanthi swara dhuwur.[3]

"Cak", kang senaré papat, dipetik nganti wolung (8) petikan saben sa thuthukan ing wirama 4/4. Ana kalané nganggo senggakan. "Cuk", kang senaré telu, metik kanthi cara arpeggio lan tremolo migunakaké plèktrum kanthi ngukuhaké pas thuthukan. Cak lan cuk bebarengan ngisi, sesautan nyawiji kaya déné swara "kron" lan "cong."

Sélo kang kanggo ing kroncong bisa nganggo kang senaré telu. Senar nilon dipetik kanthi rikat utawa migunakaké bethotan saka jiwitan jempol lan driji. Swara gitar ngiringi cak lan cuk kanthi gegayuhan skala swara kang luwih dawa. Gitar nggenepi chord utawa wot-wotan (bridge) lagu. Bass nambahi gayeng kanthi cara kaya déné gong ageng ing gamelan.

Ing piranti musik kang nyuwara mélodi, ana penyanyi, suling, lan piyul. Biola lan suling ana kalané dadi bebuka lagu.

Lumrahé, kroncong migunakaké kunci mayor kanthi aransemèn skala minor. Nalika ing langgam jawa, kroncong tetep migunakaké not kang umum ing musik kulonan (Western), nanging diréka supaya laras karo gamelan kang skalané luwih cendhèk.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Denny Sakrie. 100 Tahun Musik Indonésia, Gagas Media 2005
  2. ^ Sunaryo Joyopuspito, Musik Keroncong: Suatu Analisis Berdasarkan Téyori Musik, Bina Musik Remaja-Jakarta 2006.
  3. ^ "‘Keroncong’: Freedom music from Portuguese descendants". The Jakarta Post. PT. Bina Media Tenggara. 16 Juni 2011. Dijupuk 11 June 2012.