Jalak bali
| Jalak Bali | |
|---|---|
| Jalak Bali ing Kebon Kéwan Brookfield | |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Animalia |
| Filum: | Chordata |
| Klas: | Aves |
| Ordho: | Passeriformes |
| Famili: | Sturnidae |
| Génus: | Leucopsar Stresemann, 1912 |
| Spésies: | L. rothschildi |
| Jeneng binomial | |
| Leucopsar rothschildi Stresemann, 1912 | |
Jalak Bali gadhah nama Latin Leucopsar rothschildi.[1] Jalak bali punika nama aslinipun curik bali.[1] Peksi jalak bali punika dawanipun boten langkung saking 25 cm.[1] Kajawi punika ciri sanèsipun inggih punika wulunipun ingkang pethak resik saha wonten ing pucuking buntut saha lar awerna cemeng.[1] Jalak bali gadhah warni biru wonten ing sakupengipun soca saha sikil.[1] Werni punika sangsaya ndamel peksi jalak bali katingal saé.[1] Jalak bali kathah dipunremeni tiyang amargi swantenipun ingkang saé.[1]
Jalak bali punika salah satunggaling kéwan éndemik amargi namung saged kapanggih wonten ing Bali.[1] Nanging wonten ugi jalak bali ingkang gesang wonten ing panggènan sanès, punika amargi jalak bali sampun dipuntengkaraken.[1] Nanging jalak bali ingkang dipuntengkaraken punika namung manggèn wonten kandhang.[1] Panggènan punika kados ta wonten ing Éropah, Jepang, Jawa.[1]
Jalak bali kalebet kéwan ingkang langka amargi kathah ingkang mburu, kejawi punika lingkungan ingkang risak wonten ing Taman Nasional Bali Kilèn.[1] Miturut panalitèn, cacahipun peksi punika namung kantun welasan.[1] Mangsa kawin jalak bali punika nalika wulan Oktober ngantos November.[1] Jalak bali ndamel susoh wonten ing wit-witan ingkang inggilipun kirang saking 175 cm.[1] Jalak bali punika remen semak saha wit-witan ing panggènan ingkang wiyar saha caket kaliyan wana ingkang ngrembuyeng.[1] Nalika rumuyin jalak bali asring ndamel susoh wonten ing kebon klapa sawit caket griya-griya pandhudhuk.[1] Karemenan gesang wonten ing panggènan-panggènan punika ingkang ndadosaken peksi jalak bali gampil dipuncepeng tiyang.[1] Kanggé njagi populasi jalak bali supados boten cures kedah dipuntengkaraken saha njagi habitat jalak bali.[1]
Nalika taun 1991 jalak bali dados lambang fauna Provinsi Bali.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
| Artikel bab kéwan iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |