Gangsa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Gangsa cara Bali.
Gangsa cara Jawa.
Pélog Salisir, tabuhan ing gangsa.

Ana masalah nalika muter barkas iki? Waca pitulung médhiya.

Gangsa yaiku aran kanggo piranti gamelan kang kagawé saka logam utawa perunggu. Miturut Kamus Bausastra Jawa tegesé gangsa yaiku tetabuhan rericikané akèh banget (saron, bonang, gendèr lsp).[1] Ing kabudayan Jawa gamelan kapérang dumadi loro, Pamérangan iki dilandhesi bedané laras péntatonis kang diasilaké saka wilahan gangsa kang ana ing gamelan kasebut yaiku laras Sléndro ln Pélog.[2] Gangsa uga tinemu ing kabudayan Bali yaiku awujud gong kebyar kang uga duwé rong wujud yaiku gangsa cilik lan gangsa gedhé.

Laras Gangsa Miturut Umur[besut | besut sumber]

Endi umuré kang luwih tuwa antarané laras Sléndro lan Pélog durung bisa kawiyak tuméka saiki, nanging para winasis wis paring ancer-ancer kang bisa dinggo cekelan. Manawa digatékaké sakabèhé ricikan kang ana ing gangsa Sléndro lan Pélog panci rada angèl ditentokaké. Ancer-anceré yaiku tumrap anane Gangsa Kodhok Ngorèk lan Gangsa Munggang. Gangsa Kodhok Ngorèk dumadi saka laras Sléndro, déné Gangsa Munggang Seton dumadi saka Laras Pélog.[2]

Kaloro gangsa kasebut wis ana ing atusan taun kepungkur. Rickan Gendèr kang ana ing Gangsa Kodhok Ngorèk Laras Sléndro kasebut bisa dipesthèkak;e umuré luwih tuwa tinimbang Gendèr Pélog kang ana ing gangsa jaman saiki.Déné Bonang Pélog kang ana ing Gangsa Munggang anané wis luwih tuwa tinimbang Bonang Sléndro kang ana ing gangsa saiki.[2]

Dudutané yaiku ana sapérangan ricikan Gangsa Sléndro kang luwih tuwa, ana uga ricikan Gangsa Pélog kang luwih tuwa saka Gangsa Sléndro.

Kagunan Gangsa[besut | besut sumber]

Ing jaman kawuri, ricikan Gangsa Sléndro asring dinggo ing pagelaran Wayang Kulit Purwa (Wayang Kulit), déné Gangsa Pélog dinggo ngiringi pagelaran Wayang Gedhog (Wayang Panji).

Gangsa ditabuh ana ing upacara-upacara tinamtu kang bisa dipérang dumadi limang pérangan.[3]

  1. Gangsa dinggo ngiringi pagelaran Wayang Kulit, Wayang Purwa, Wayang Gedhog, Wayang Madya, Wayang Klithik, Wayang Thengul, Wayang Wong, Kethoprak lan sapanunggalané.
  2. Gangsa ditabuh kanggo ngiringi beksan tinamtu, kaya ta Bandhabaya, Beksan Lawung, Srimpi, Pentul Tembem, Srikandhi-Larasati, Kusumawicitra, Bancak Dhoyok, Golèk, Prawiramudha, Klana Gandrung, Gathutkaca Gandrung, Gambir Anom, Andaga-Bugis, Anoman-Wilkataksini, lan liya-liyané.
  3. Gangsa dtabuh kanggo ngiringi upacara Sekatèn (jeneng ricikan Gangsa Sekati, umpamané Guntur Madu lan Guntur Sari), ana manèh gendhing kang ditabuh yaiku: Rambu, Rangkung, Jalaga, Tukung, Kombangmara, Babarlayar, Denggung Turulalré, Siring, Agul-agul, lan liya-liyané.
  4. Gangsa ditabuh kanggo ngiringi klonéngan ing upacara kraman, supitan, ngundhuh mantu, sukuran, Tumbak Yuswa, lan sapanunggalané.
  5. Kanggo ngiringi upacara kanagaran utawa agama, akèh banget gendhing-gendhing kang dianggo ing rong upacara iki, kaya ta: Srikaton, Langen Gita-Sri Naréndra, Dhendha Gedhé, Dhendha Sèwu, Menyan Kobar, Kebogiro, Carabalèn, Kinanthi Bedhaya Stimpi Sekarsih, Dhèmpèl, Duradasih, lan akèh manèh gendhing Bedaya kanggo ngiringi beksan Bedaya Sumreg, Bedaya Ketawang, Anglir Mendhung, Bedaya Srimpi, uga ana kang dinggo upacara ngruwat, Sesanti (Panembrama) lan sapanunggalané.

Jejer Gangsa[besut | besut sumber]

Ricikan Saron
Ricikan Bonang
Ricikan Slenthem

Jeneng-jeneng ricikang Gangsa Jawa cara mapanaké kang pener manawa urut saka ngarep yaiku[4]:

  • Gendèr Sléndro
  • Gendèr Pélog
  • Gendèr Pélog Barang
  • Gendèr Sléndro Panerus
  • Gendèr Pélog 6 Panerus
  • Gendèr Pélog Barang Panerus
  • Bonang Sléndro Gedhé
  • Bonang Sléndro Panerus
  • Bonang Pélog Gedhé
  • Bonang Pélog Panerus
  • Gambang Sléndro
  • Gambang Pélog
  • Rebab (Gadhing utawa Ponthang0
  • Kècrèk
  • Clempung Sléndro
  • Clempung Pélog
  • Kendhang Gedhé
  • Kendhang Ciblon
  • Kendhang Ketipung
  • Bedhug Gedhé
  • Slenthem Sléndro
  • Slenthem Pélog
  • Demung Sléndro
  • Demung Pélog
  • Saron Sléndro
  • Saron Péelog
  • Saron Peking Sléndro
  • Saron Peking Pélog
  • Suling Sléndro
  • Suling Pélog
  • Gong Suwukan
  • Gong Gedhé
  • Kempul 1 Sléndro
  • Kempul 6 Sléndro
  • Kempul 5 Sléndro
  • Kempul 3 Sléndro
  • Kempul 2 Sléndro
  • Kempul 5 utawa 6 Pélog (Yèn tumbuk 5/6)
  • Kempul Barang (7) Pélog
  • Kempul 1 Pélog
  • Kempul 3 Pélog
  • Kempul 2 Pélog
  • Kenong 1 Sléndro
  • Kenong 6 Sléndro
  • Kenong 5 Sléndro
  • Kenong 3 Sléndro
  • Kenong 2 Sléndro
  • Kenong Barang Pélog (7)
  • Kenong 6 Pélog
  • Kenong 5 Pélog
  • Kenong 3 Pélog
  • Kenong 2 Pélog
  • Kenong 1 Pélog
  • Rancak Kempyang lan Kethuk Sléndro
  • Rancak Kempyang lan Kethuk Pélog

Jinis Gangsa Bali[besut | besut sumber]

Gangsa Gantung Kanthil[besut | besut sumber]

Gangsa Gantung Kanthil yaiku salah siji jinis tungguhan wilah kang dinggo ing ricikan gamelan Semar Pegulingan Saih Lima kanthi laras pélog lima. Wujud wilah kang dinggo ing tungguhan gangsa gantung kanthil yaiku wujud wilah kayu usuk kang dipasang kanthi cara digantung nganggo jangat. Urutan laras ing gangsa iki yaiku (dhing, dhong, dhèng, dhung, dhang). Papan wilah utawa pelawah tungguhan iki nggunakaké bumbung minangka wadhah uni. Saben ricikan gamelan, nggunakaké rong tungguuh gansa gantung kanthil kang minangka sepasang, saben wilah nggunakakké téba laras tinamtu. Tungguhan kang nggunakaké laras ngumbang, uniné luwih gedhé timbang tungguhan kang laras ngisep[5].

Gangsa Gantung Pemadhe[besut | besut sumber]

Gangsa Gantung Pemadhe yaiku sawijining jinis tungguhan wilah kang dinggo ing ricikan gamelan Semar Pagulingan Saih Lima kanthi laras pélog lima. Wujud wilah kang dinggo ing tungguhan gangsa gantung pemadhe yaiku wujud wilah kayu usuk kang dipasang kanthi cara digantung nganggo jangat. Urutan laras-laras ing tungguhan gangsa gantung kanthil yaiku (dhing, dhong, dhèng, dhung, dhang). Papan wilah utawa pelawah tungguhan iki nggunakaké bumbung minangka wadhah uni.Saben saricikn gamelan nggunakaké rong tungguh gangsa gantung pemadhe kang minangka sepasang[6].

Gangsa Kagungan Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat[besut | besut sumber]

Karaton Ngayogyakarta kagungan udakara 21 ricikan gamelan kang dipérang dadi loro, yaiku Gangsa Pakurmatan lan Gangsa Ageng.

Gangsa Pakurmatan[besut | besut sumber]

Gamelan Kyai Guntur Madu ing Karaton Ngayogyakarta
Gamelan Monggang

Gangsa Pakurmatan ditabuh kanggo ngiringi Hajad Dalem utawa upacara adhat karaton. Gangsa Pakurmatan dumadi saka Kanjeng Kyai Guntur Laut, Kanjeng Kyai Kebo Ganggang, Kanjeng Kyai Guntur Madu, Kanjeng Kyai Nagawilaga, dan Gangsa Carabalèn. Kanjeng Kyai Guntur Laut uga diarani Gangsa Monggang amung ditabuh ing upacara kanagaran kang wigati kaya ta Jumenengan Sultan, mapag tamu karaton kang kinurmatan, Kraman Dalem, lan Garebeg. Kanjeng Kyai Kebo Ganggang utawa diarani Gamelan Kodhok Ngorèk lumrah ditabuh bebarengan Kanjeng Kyai Guntur Laut kaya nalika ing acara Jumenengan Sultan utawa Garebeg. Kanjeng Kyai Sekati kang dumadi saka rong ricikan yaiku Kanjeng Kyai Guntur Madu lan Kanjeng Kyai Nagawilaga. Gamelan Sekati mligi ditabuh ing acara sekatèn. Gangsa Carabalèn ing jaman kawuri digunakaké kanggo mapag tamu karaton, ngiringi gladhi prajurit kang lagi baris, lan garebeg[7].

Gangsa Ageng[besut | besut sumber]

Béda kalawan Gangsa Pakurmatan, Gangsa Ageng ditabuh minangka pangiring acara seni budaya karaton. Kajaba kuwi, Gangsa Ageng duwèni ricikan kang luwih jangkep tinimbang Gangsa Pakurmatan. Gangsa Ageng kagungan Karaton Ngayogyakarta yaiku:

Kanjeng Kyai Surak, yaiku gamelan kang diasta déning Pangéran Mangkubumi (Sri Sultan Hamengku Buwana I) nalika isih perang lumawan VOC. Nalika iku gamelan iki ditabuh kanggo nggugah semangat juwang para prajurit. Nalika kasultanan wis madeg. Gamelan laras sléndro iki ditabuh kanggo ngiringi Ngabektèn lan Adu Banthèng kalawan Macan.

Kanjeng Kyai Kancil Belik diasta saka karaton Surakarta Hadiningrat sawisé Prajanjèn Giyanti. Gamelan kanthi laras pélog iki ditabuh kanggo ngiringi rawuhé Sultan ing acara Ngabektèn, ngiringi Krama Dalem lan Supitan Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Anom (Pangéran Pati).

Kanjeng Kyai Guntur Sari yaiku tilaran Sri Sultan Hamengku Buwana I, gamelan laras pélog iki digunakaké kanggo ngiringi Beksan Trunajaya Hajad Dalem Supitan dan Tetesan, dan Prajurit Langenastra saat Garebeg Mulud. Jalaran larasé mèh padha kalawan Gangsa Sekati, gamelan iki uga dinggo gladhèn acara Sekatèn[7].

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Poerwadarminta, WJS (1939). Baoesastra Djawa. Batavia: JB Wolters. p. 130.
  2. a b c Kodrat, Harsono (1982). Gending-Gending Karawitan Jawa Lengkap. Jakarta: Balai Pustaka. p. 9.
  3. Kodrat, Harsono (1982). Gending-Gending Karawitan Jawa Slendro-Pelog. Jakarta: Balai Pustaka. p. 10.
  4. Kodrat, Harsono (1982). Gending-Gending Karawitan Jawa Slendro-Pelog. Jakarta: Balai Pustaka. pp. 11–12.
  5. Sukerta, Pande Made (2001). Jenis-Jenis Tungguhan Karawitan Bali. Jakarta: Proyek Pengembangan Media Kebudayaan Direktorat Jenderal Kebudayaan Departemen Pendidikan Nasional Republik Indonesia. p. 36. ISBN 979-95068-3-2.
  6. Sukerta, Pande Made (2001). Jenis-Jenis Tungguhan Karawitan Bali. Jakarta: Proyek Pengembangan Media Kebudayaan Direktorat Jenderal Kebudayaan Departemen Pendidikan Nasional Republik Indonesia. p. 40. ISBN 9799506832.
  7. a b Kraton, Admin (2018-08-14). "Mengenal Gamelan Keraton Yogyakarta". Kraton Jogja. Dibukak ing 2019-12-28.