Menyang kontèn

Ngundhuh mantu adat Jawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Temantén adat Jawa

Ngundhuh Mantu Adat Jawa saged dipunjlèntrèhaken antawisipun aturan ingkang sampun kulina dupunlampahi nalika jaman rumiyin, cara ingkang sampun dados mbudi daya, wujudipun gagasan kabudayan saking nilai-nilai budaya, norma, hukum lan aturan setunggal kaliyan sanèsipun. Déné ngundhuh mantu inggih punika salah satunggaling adicara temanténan ingkang dipunlampahi sasampunipun upacara resèpsi.[1] Ngundhuh mantu punika salah satunggaling adat Jawa ingkang dipunlaksanakaken kanthi cara manggihaken temantén putri ing papan kulawarga temantén putra sasampunipun gangsal dinten, kekalihipun gesang sareng wonten ing kulawarga temantén putri, (Dwirahardjo salebeting Djoko Sulaksono, 2016).[2]

Temantén putra lan putri gesang sesarengan ing kulawarga temantén putri dangunipun pitung dinten lan dados kulawarga ènggal, mula wonten Jawa asring dipunsebat pengantén utawi temantén ènggal. Ananging, wonten uga ingkang dangunipun selapan dinten inggih punika tigang dasa gangsal dinten. Wekdal punika kedah dipunmanfaataken kanthi sae kagem gladhen tugas-tugas enggal, kados déné mendhet cuti makarya sesarengan lan fokus gesang sesarengan minangka pasangan gesang ingkang ènggal. Ngundhuh mantu punika sampun dados salah satunggaling adat Jawa ingkang sampun tumurun dipunlaksanakaken déning para sesepuh nalika jaman rumiyin. Reroncèning adicara ngundhuh mantu punika dipunjumbuhaken kaliyan kasiapanipun lan kamampuanipun kulawarga. Jumbuh kaliyan kasepakatan sesarengan, saking utusan pihak temanten putra rawuh kagem methuk temanten kekalihipun kanthi sanggan ngundhuh nganten ingkang arupi gedhang ayu, suruh ayu, kembang telon, saha jajanan pasar.[3]

Gegambaranipun adicara sindur binayang

Ancasipun ngundhuh mantu inggih punika:

a.Kagem raos sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun maringi kaslametan kagem temanten putra lan putri.

b.Kagem nepangaken temantén putra lan putri ingkang sampun saged mbentuk kulawarga enggal dhateng para kulawarga, sanak kulawarga, tangga teparo, lsp.

c.Nggrakètaken paseduluran antawisipun kulawarga ingkang sampun saged bebesanan.

Susunan Adicara

[besut | besut sumber]

Mapinten-pinten adicara pokok kagem methuk para tamu ing adicara ngundhuh mantu inggih punika nampi karawuhanipun utusan saking pamethuk temantén, nampi kerawuhanipun temantén sarimbit sarta bésan lan temantén putri, maringi asma sepuh lan ndunga sarta dhahar sesarengan antawisipun kulawarga temantén putra lan kulawarga temantén putri kagem ngraketaken paseduluran nalika bebésanan. Wonten adicara ngundhuh mantu ingkang dipunlaksanakaken kanthi meriah ing bentuk pahargyan. Rawuhipun temantén putra lan putri kalih rombonganipun saged dipuntampi kusus lan dipundhatengi tamu ingkang kathah kaliyan rerangkéning adicara tartamtu. Reroncéning adicara punika, inggih punika:

  1. Pasrahan inggih punika kaluwarga temantén putri nyerahaken kagem sawetawis temantén putra lan putri dhateng kaluwarga temantén putra kagem njangkepi panggihan lan nglampahaken adicara ngundhuh mantu.
  2. Gepyokan inggih punika sambutan saking tiyang sepuh temantén putra kanthi simbolik dhateng karawuhanipun temantén ènggal ingkang nglambangaken ‘’sugeng rawuh lan dunga sarta kekarepan’’.
  3. Simpingan inggih punika temantén putra lan putri ngagem busana kadaos déné nalika upacara panggih, lungguh jejer wonten ing papan ingkang sampun dipuncaosaken.
  4. Dunga lan restu saking para sesepuh lan para tamu dhateng temantén putra lan putri sarta kaluwarga ingkang bebésanan.
  5. Dunga syukur dhateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos
  6. Dhahar sesarengan lan lelipuran.
Lelipuran adicara menika

Déné reroncéning adicara ingkang biasa inggih punika:

  1. Temantén putra lan temantén putri rawuh sesarengan kaliyan pangombyong (pangiring) saking dalem temantén putri. Para pangiring biasanipun saking kulawarga ageng, tangga teparo lan kerabat temantén putri.
  2. Imbal Wicara, inggih punika pacelaton panyerahan temantén saking kulawarga temantén putri dening kulawarga ageng saking temantén putra.
  3. Sindur Binayang, inggih punika Bapak saking temantén putra nyampiraken kain sindur déning kekalihipun temantén lan nuntun pasangan temantén wonten kursi pelaminan. Bapak wonten ing ngajeng, temantén wonten ing madya lan Ibu saking temantén putra wonten ing wingkingipun ngiringi temantén. Wonten ing prosèsi punika biasanipun dipuniringi kaliyan gendhing Ketawang Boyong Basuki, Pelog Barang.
  4. Sambutan lan maturnuwun saking sesulih kulawarga temantén putra, nalika temantén sesarengan kaliyan tiyang sepuhipun jumeneng sajajar ing ngajeng pelaminan.
  5. Acara paripurna
Pambuka adicara temantèn arupa kesenian Banyumasan ing Jawa Tengah

Sasampunipun adicara kasebat pungkas, banjur temantén putra lan putri gesang sesarengan wonten ing pihak kulawarga temantén putra kagem mapinten-pinten dinten.Samangké temantén putra lan temantén putri saged nemtokaken piyambak badhé gesang piyambak menapa tetep gesang sesarengan kaliyan tiyang sepuhipun. Menawi badhé gesang piyambak, temantén putra lan putri kedah priyatin damel griya piyambak, saged uga ngontrak, lsp. Déné badhé gesang kaliyan tiyang sepuhipun, temantén putra lan temantén putri kedah sarujuk badhé gesang wonten ing kulawarga temantén putra utawi wonten ing kulawarga temantén putri.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Permatasari, Afika Fitria (2017). "Perubahan Perilaku Masyarakat Jawa dalam Penyelenggaraan Resepsi Pernikahan di Kota Surakarta". Analisa Sosiologi.
  2. Sulaksono, Djoko (2016). Seputar Budaya Jawa. Surakarta: CakraBooks Solo. ISBN 9789793456539.
  3. Maknun, Moch. Lukluil (2013). "Tradisi Pernikahan Islam Jawa Pesisir". Jurnal Kebudayaan Islam. Diarsip saka sing asli ing 2019-05-07. Dibukak ing 2019-05-15.