Wayang thengul

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wayang thengul

Karya budaya lokal Wayang Thengul lan Seni Sandur saka kabupaten Bojonegoro Jawa Timur kanggo Warisan Budaya Tak Benda (WBTB) Indonesia. Hal iku sawisè ditetapakè Direktorat Warisan lan Diplomasi Budaya, Direktorat Jendral Kebudayaan Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan (kemendikbud) Republik Indonesia. Panetapan kasebu dilaksanakakè ing siding panetapan WBTB Indonesia 2018 ing Hotel Millenium Sirih Jakarta dina jumat (3/8) kepungkur. Salainè wayang thengul lan seni sandur , ana enem karya budaya saka jatim uga ditetapakè minangka WBTB Indonesia. Enem dhaerah kuwi antarane Janger Banyuwangi, Clurit (Are’”) Madura, Rawon Nguling Probolinggo, Upacara Adat Manten, Kucing Tulungagung. Reog Cemandi Sidoarjo lan Wayang Topeng Jatiduwur Jombang. Pertama muncul Wayang Thengul ing bojonegoro iku sekitar taun 1930, penciptanè yaiku Samijan, pemuda desa kang awalè nggawe kanggo ngamen ing desa-desa kanthi ancas golek nafkah urip ing periode 1930-an. Wayang thengul asalè saka tembung thengul ing penuturan masyarakat asalè saka Teng yaiku anggan-anggan utawa cita-cita lan Ngul kang berate ngulandoro utawa wong kang seneng pindah-pindah kanggo ngembangake kasenian. [1]

Aji nyeritakaké, wayang wong thengul ngalami masa kejayaan ing taun 1967 nganti 1980. Nganti tekan saiki, kasenian kaebut kudu ngalami masa kevakuman.

miturut Aji, fenomena iku disebabaké amarga akéh alasan. Akéh anggota-anggota kang pindah panggon, lanjut usia, keterbatasan sumber dana lan kurangé alat musik utawa kostum. Wayang wong thengul unik amarga seni tariné nirukaké olah kridha wayang golek dadi gerakan kaku utawa patah-patah. Biasané, pagelarané njukuk tema carita Ramayana lan Mahabarata.[2]

Titikané[besut | besut sumber]

Kabeh wayang thengul gawa rompi, kang kadhapuk saka raja, ratu, prajurit, karakter jahat. Rompi nunjukaken status lan peranè, tuladhane rompi topong kanggo peran raja, rompi jangkangan kanggo peran kesatria, rompi jubah kanggo pendeta, rompi kanggo peran ayu, lan rompi serban kanggo peran adapati. Mahkota ing wayang thengul dibagi loro bagian pokok, yaiku bagian muka lan perhiasan panutup sirah utawa irah-irahan. Aksesoris kang digunakake ing sirah antaranè yaiku gelung, topong, jamang, garuda mungkur, bentuk wajah wayang thengul manawa diperindi bagian-bagian iku saka bentuk mata, bentuk irung, bentuk mulut, bentuk brèngos, bentuk janggut.[3]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. [jawapos.com "Wayang Thengul Bojonegoro Ditetapkan Jadi Warisan Budaya Tak Benda"]. 2018-10-08. {{cite news}}: Check |url= value (pitulung)
  2. Suryana, Wahyu. [REPUBLIKA "Vakum Hampir 20 Tahun, Sleman Pentaskan Wayang Wong Thengul"]. Dibukak ing 2018-11-23. {{cite news}}: Check |url= value (pitulung)
  3. Pradhiska, Yogi Widya (2014). "Tinjauan Visual Tokoh Wayang Thengul di Bojonegoro": 87–95. {{cite journal}}: Cite journal requires |journal= (pitulung)