Gajah Asia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Gajah asia[1]
Asian elephant - melbourne zoo.jpg
Bong Su, seekor gajah asia jantan di Kebun Binatang Melbourne
ElephantSkelLyd2.png
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Proboscidea
Famili: Elephantidae
Génus: Elephas
Spésies: E. maximus
Jeneng binomial
Elephas maximus
Linnaeus, 1758
Asian Elephant range.png
Penyebaran gajah Asia
(cokelat — daerah asal, hitam — asal belum jelas)

Gajah Asia ( Elephas maximus ), kadhangkala dikenal minangka salah sawijining subspèsiès, gajah India, iku salah siji saka telung spèsiès gajah, lan minangka spèsiès gajah mung saka genus Elephas sing isih urip . Kéwan iki minangka kéwan kang gedhé dhèwè ing Asia .[3] Gajah Asia minangka spèsiès sing kaincim amarga papan panggonan lan bedhagan,[4] populasi gajah ing donya antara 41.410 nganti 52.345. Gajah Asia umuré dawa, kanthi umur paling tuwa 86 taun.

kéwan iki akeh didomestikasi lan wis dipigunakaké ana alas ing Asia Kidul lan Asia Kidul-wètan nganti maabad-abad lan uga dipigunakaké kanggo ancas upacara . Sumber sajarah nuduhaké menawa kéwan iki kadhang-kadhang dipigunakaké ana ing sajroné mangsa panén ana ing kagiyatan panggilingan. Gajah liar bisa dipigunakaké kanggo narik wisatawan, nanging kéwan iki bisa ngrisak tetanèn, lan bisa mlebu ing désa-désa kanggo ngrusak kebonan.

Panyebaran lan habitat[besut | besut sumber]

Gajah Asia manggon ana pasuketan, alas ijo tropis, alas semi-ijo, alas gugur lembab, alas gugur garing lan alas rimba garing. Kajaba iku uga umume manggon ana ing kebonan, alas sekunder lan semak. Sapérangan jinis papan panggonan gajah dhuwuré bisa tekan 3,000 m (9,800 ft) ndhuwur level segara.

Ana telu subspèsiès gajah Asia:

Ana ing China, gajah Asia namung katemokaké ana ing prefektur Xishuangbanna, Simao lan Lincangana ing kidul Yunnan. Ana ing Bangladesh, namung ana sabagèyan populasi gajah ana ing Bukit Chittagong.[5]

Ekologi lan prilaku[besut | besut sumber]

Anak gajah (5 sasi) lan sepupu (17 sasi) ing asylum ing Laos

Gajah iku kéwan sing krepuskular. Dhèwèké digolongaké minangka megafauna lan mangan watara 150 kg (330 lb) pakan tanduran saben dina.[6] dhèwèké padha mangan kabèh tetuwuhan; Angonan (Grazer) uga minangka pamangan wiji-wit (browser) bebarengan. kacathet 112 spesiès tanduran sing beda minangka panganan kanggo kewan kasebut. Sebagéyan gedhé tetanduran saka Malvales, suku polong-polongan, pinang-pinangan, teki-tekian lan biji-bijian .[7] Dhèwèké padha mangan wit (browsing) luwih akèh ing mangsa ketiga, karo kulit wit iku dadi pakanan utama.[8] Dhèwèké padha ngombe paling sethithik sapisan ana ing sedina lan ora tau adoh saka sumber banyu murni. Dhèwèké padha butuh banyu 80-200 liter sedinané. Anak gajah biasane kagabung ana ing komplotan gajah wanita dewasa. Nanging gajah lanang bakal misahaké nalika bocah wis remaja.[9] Pemangsaan macan marang gajah Asia langka lan namung winates kanggo gajah sing isih cilik.[10]


Deleng uga[besut | besut sumber]

  • Gajah Kalimantan

Catatan kaki[besut | besut sumber]

  1. Cithakan:MSW3 Proboscidea
  2. Choudhury, A., Lahiri Choudhury, D.K., Desai, A., Duckworth, J.W., Easa, P.S., Johnsingh, A.J.T., Fernando, P., Hedges, S., Gunawardena, M., Kurt, F., Karanth, U., Lister, A., Menon, V., Riddle, H., Rübel, A. & Wikramanayake, E. (2008). "Elephas maximus". IUCN Red List of Threatened Species. Version 2008. International Union for Conservation of Nature. Retrieved 28 October 2008.CS1 maint: uses authors parameter (link) CS1 maint: ref=harv (link)
  3. Shoshani, J, Eisenberg, J. F. (1982). "Elephas maximus" (PDF). Mammalian Species. 182: 1–8. doi:10.2307/3504045.CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  4. Cynthia Turnage and Mark McGinley. 2010. Asian Elephant. Encyclopedia of Earth. C. Michael Hogan, Topic editor. eds. Cutler J. Cleveland. National Council for Science and the Environment, Washington DC
  5. Sukumar, R. (1993) The Asian Elephant: Ecology and Management Second edition. Cambridge University Press. ISBN 0-521-43758-X
  6. Samansiri, K. A. P.; Weerakoon, D. K. (2007). "Feeding Behaviour of Asian Elephants in the Northwestern Region of Sri Lanka" (PDF). Gajah: Journal of the IUCN/SSC Asian Elephant Specialist Group. 2: 27–34.
  7. Sukumar, R. (1990). "Ecology of the Asian Elephant in southern India. II. Feeding habits and crop raiding patterns" (PDF). Journal of Tropical Ecology. 6: 33–53.
  8. Pradhan, N. M. B.; Wegge, P.; Moe, S. R.; Shrestha, A. K. (2008). "Feeding ecology of two endangered sympatric megaherbivores: Asian elephant Elephas maximus and greater one-horned rhinoceros Rhinoceros unicornis in lowland Nepal". Wildlife Biology. 14: 147–154.
  9. McKay, G. M. (1973). "Behavior and ecology of the Asiatic elephant in southeastern Ceylon". Smithsonian Contributions to Zoology. 125: 1–113.
  10. Karanth, K. U. and Nichols, J. D. (1998). Estimation of tiger densities in India using photographic captures and recaptures. Ecology, 79 (8): 2852–2862.

Pranala njaba[besut | besut sumber]