Fuad Hassan
| Fuad Hassan | |
|---|---|
| Mantri Pendidikan Nasional Républik Indonésia 18 | |
| Linggih 3 Juni 1985 – 17 Maret 1993 | |
| Présidhèn | Soeharto |
| Kang sadurungé | Nugroho Notosusanto |
| Kang sawisé | Wardiman Djojonegoro |
| Rerincèn dhiri | |
| Lair | 26 Juni 1929 |
| Pati | 7 Dhésèmber 2007 (umur 78) |
| Agama | Islam |
Prof. Dr. Fuad Hassan (lair ing Semarang, Jawa Tengah, 26 Juni 1929 – pati ing Jakarta, 7 Dhésèmber 2007 ing umur 78 taun) inggih punika salah satunggalipun tokoh pendidikan Indonésia.[1] Panjenenganipun njabat dados Mantri Pendidikan dan Kebudayaan Kabinèt Karya Pembangunan IV lan V (1985-1993).[2]
Biografi
[besut | besut sumber]Fuad Hassan miyos ing Semarang, 26 Juni 1929. Nalika taksih alit panjenenganipun gadhah gegayuhan badhé dados kondhuktor.[2] Panjenenganipun wasis nggésék piyul.[2] Bakatipun punika saking ramanipun, Ahmad Hassan ingkang dados juru main mandolin.[2] Wiwitanipun Fuad Hassan kapingin sekolah ing sekolah musik nanging panjenenganipun lajeng milih mlebet Fakultas Psikologi Universitas Indonésia (UI), lulus 1958.[2] Salajengipun sinau filsafat ing Universitas Toronto, Kanada, 1962.[2] Sasampunipun punika, Fuad pikantuk gelar dhoktor saking Universitas Indonésia ing taun 1967 kanthi dhisertasi ingkang irah-irahanipun Neurosis sebagai Konflik Eksistensial.[2] Salajengipun Fuad dados mahaguru (profesor) Fakultas Psikologi (Fps-UI).[2]
Fuad miwiti karieripun minangka asistén ing Balai Psikoteknik Departemen P & K (1952-1956).[2] Salajengipun njabat dados asistén Jurusan Psikologi Fakultas Kedhokteran Universitas Indonésia (1956-1958).[2] Taun 1965 dados tenaga ahli ing Koti G-5 lan anggota Tim Ahli babagan Pulitik Staf Présidhén (1966-1968).[2] Panjenenganipun naté njabat dados utusan ageng Républik Indonésia kanggé nagari Mesir, ngrangkep Sudan, Somalia lan Jibouti (1976-1980).[1][2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 Fuad Hassan[pranala mati permanèn] dipunundhuh tanggal 4 Oktober 2011)
- 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 Fuad Hasan Gesekan Biola Mendikbud 1985-1993 Archived 2011-09-08 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 4 Oktober 2011)
Pranala njawi
[besut | besut sumber]Fuad Hasan Gesekan Biola Mendikbud 1985-1993 Archived 2011-09-08 at the Wayback Machine.
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |