Ba Jin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Li Yaotang
Ba Jin 1938.jpg
Ba Jin in 1938
Jeneng pèn Ba Jin
Pakarya Novelis
Bangsa Chinese
Mangsa 1927-1995

Ba Jin (巴金) (lair ing Chengdu, Sichuan, 25 Novèmber 1904 – pati ing Shanghai, 17 Oktober 2005 ing yuswa 100 taun) ya iku jeneng pena saka penulis kontemporer Cina, Li Yaotang(李尧棠) uga sinebut Feigan (芾甘).[1] Karyane kang paling misuwur ya iku Trilogi Guncangan (激流三部曲)ya iku Jia, Chun lan Qiu.[1] Trilogi iku musatake ing panulisan ngenani gulat kulawarga-kulawarga nalika ngadepi gantine pamaréntahan Cina dadi kuminisme.[1][2]

Biografi[besut | besut sumber]

Ba Jin lair ing kutha Chengdu, Provinsi Sichuan, Cina nalika 25 November ing taun pungkasan pamaréntahan Dinasti Qing.[1][2][3]

Kulawargane ya iku kulawarga pejabat mula kaya kebiyasaane wong Tionghoa jaman iku, lima génerasi manggon ana sawijining omah kang gedhé.[2][3] Dhèwèké éntuk pengajaran kanthi privat lan berkualitas amarga status kulawargane kang dhuwur.[3] Wong tuwané tinggal donya nalika Ba Jin isih enom lan perwaliane ngalih ing simbah kakunge kang otoriter.[2][4] Kabèh mau kang dadi gawé Ba jin dadi sawijining penulis Jia.

Sawisé simbah kakunge tinggal donya, kekuasaan kulawargane pindhah ing pak like. .[2] Pindhahan iki dadekake dhèwèké bébas metu.[2] Nalika iku ana Gerakan Empat Mèi 1919 kang bukak dalan Ba Jin ing idealisme anarkisme lan dhémokrasi.[3] Ba Jin nerusaké sekolah ing Sekolah Menengah Atas di Chengdu Foreign Language School lan jupuk jurusan Basa Inggris.[3] ing taun 1923 dhèwèké nerusaké sekolah ing Shanghai lan Nanjing.[3] Nalika sekolah kang suwéné rong taun, dhèwèké seneng nulis lan nerjemahake artikel Anarkisme.[3] Ing taun 1925 dhèwèké nyiapake karire ngenani literatur.[4]

Pendhidhikan ing Prancis (1927-1928)[besut | besut sumber]

Ing taun 1927, dhèwèké ninggal Cina lan tukuju ing Paris, Perancis.[2][3][4] Tekane ing Prancis mènèhi akses ngenani carita fiksi lan ngenani Revolusi Perancis.[4] Ing kono dhèwèké gabung karo mahasiswa beraliran Anarkisme Cina liyané.[2] Ukuman kanggo rong pekerja imigran anarkis Italia, Nicola Sacco lan Bartolomeo Vanzetti mrabawabi Ba Jin kang merjuangake kebebasan lumantar artikel-artikele.[2]

Ing taun 1929 dhèwèké milih jeneng pena Ba Jin kanthi nggabungake jeneng loro tokoh Anarkisme idolane.[2][3] Ba (巴) dijupuk saka pertalan rong huruf wiwitan jeneng mburi Mikhail Bakunin lan Jin (金) saka telung huruf pungkasan Pyotr Kropotkin.[2][3]

Shanghai[besut | besut sumber]

Balike dhèwèké ing tanah air ndadèkaké dhèwèké sadhar yèn Parté Kuminis Cina durung gawé owah-owahan berarti ing nagarané.[2] Dhèwèké banjur kerep lelungan saperlu deleng uripé rakyat ing jaman iku.[2] Pengamatane gawa jinis karakter anyar ing novèle, ya iku rakyat jelata Cina.[2] Banjur Ba Jin nggabungake pengalamane ing luar nagari lan asil pengamatan rakyat iku ing novèl-novèl candhaké.[2]

Ba Jin nulis novèl wiwitane ing Shanghai, kanthi irah-irahan Kehancuran (灭亡) kang diterbitake kanthi berkala ing jurnal carita cekak Xiaoshuo Yuanbao ing taun 1929.[4] SetelahSawise Kehancuran, dhèwèké nulis pirang-pirang buku lan esai kang cacahé punjul enem juta tembung.[3] Karyane kang paling wigati ya iku Trilogi Cinta(爱情的三部曲).[1][4] Karyane didadèkaké buku kanthi 14 Volume Karya Ba Jin(dipublikasekake ing taun 1958-1962) lan Karya Terpilih Ba Jin (kalebu Trilogi Guncangan, Trilogi Cinta, Mimpi Lautan (海的梦) lan Musim Gugur di Musim Semi (春天里的秋天).[3] Ing rong dekade nganti akir 1950an, ia menulis hampdheweke nulis ngancik 20 novèl lan 70 carita cerkak.[2]

Ing taun 1934, amarga novèle dianggep ngancam pamaréntahan dhèwèké kepeksa lunga menyang Jepang.[2] Sawisé rong taun, Ba Jin lagi sadar yèn dhèwèké salah sawijiné Sastrawan kang duwé prabawa ing jaman iku.[2] Karya-karyane misuwur ing kalangan para mudha.[2] Novèl trilogi karyane Api (火) kang diterbitake antarané taun 1940-1945, diwiwiti saka perang ing Shanghai lan kepahlawanan kaum mudha.[2] Sawisé pasca perang saudara ing Cina, Ba Jin nerusaké karyane karo Shen Congwen lan Lu Xun ing jinis karya kontemporer.[2] Telung tokoh wigati mau ya iku Sastra Kontemporer Cina.[2]

Tulisan Ba Jin kaya ta Kamar Pasien Nomor 4 (第四病室) ngrefleksikake alane kuwalitas rumah sakit ing wektu iku.[2][4] Utawa Malam Dingin (寒夜) ngenani sepasang kekasih kang kelangan idealisme, kanthi pesen "Kemenangan ya iku kanggo kabèh wong, dudu kanggo dhéwé".[2][4] Kabèh iki ngrefleksikake kabingungan sarta penderitaan rakyat pasca Perang Saudara antarané Parté Kuminis Cina lan Kuomintang.[2][4]

Sanajan kaya ngono, padha kaya para penulis wektu iku, dhèwèké nyoba ngrangkul Kuminisme lan nyoba deleng sisih apike.[2] Dhèwèké mbusek referensine ing Anarkisme nalika isih enom.[2] Dhèwèké ngakoni yèn tetutup nalika isih enom, adoh saka mangsa enome kang sabenere.[2]

Saliyané dadi penulis, Ba Jin nyambut gawé minangka redaksi, kepala redaksi, sarta pengurus saka pirang-pirang kumpulan literatur lan seni ing Shanghai.[2][3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e Masalah Lua ing package.lua larik 80: module 'Modul:No globals' not found. Zhao, Zhangzheng(赵长征). (2007). Wenxue Zhuanye Hanyu Jiaocheng (文学专业汉语教程). Beijing: Peking University Press (北京大学出版社). Hal. 15
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac Gittings, John (2005-10-18). "Ba Jin: Chinese writer who made the journey from anarchism to Mao and back again". The Guardian UK. 
  3. ^ a b c d e f g h i j k l m Ba Jin, Chinese Culture Online. Diundhuh tanggal 18 Mèi 2010.
  4. ^ a b c d e f g h i Ba Jin, About.com. Diundhuh tanggal 18 Mèi 2010.