Allamanda cathartica

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Allamanda cathartica
Hoa Thang Giu.jpg
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Filum: Basidiomycota
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Apocynales
Famili: Apocynaceae
Génus: Allamanda
Spésies: A. cathartica
Jeneng binomial
Allamanda cathartica
L.[1]

Allamanda cathartica ya iku tanduran hias kang racaké diarani kembang alamanda lan lan uga kerep diarani kembang trompet emas, kembang lonceng kuning, utawa kembang buttercup.[2] Kembang alamanda asalé saka laladan Amérika Tengah lan KIdul lan akèh tinemu ing Brazil. Ing kono kembang iki kerep digunakaké minangka rerenggan amarga bentuke éndah.[2]

Ciri-ciri[besut | besut sumber]

Tanduran alamanda éwoning perdu kayu kang dhuwure ngancik 2 mèter.[3] Tanduran iki asipat evergreen (tansah ijo saben taune).[4] Gagange kang wis tuwa wernane coklat amarga wektu iku mbentuk kayu, déné tunas enome warna ijo.[4] Kembang alamanda wernane kuning lan bentuke kaya trompet kanthi diameter 5-7.5 cm.[3] Tanduran iki duwé kembang kang ambune wangi.[3]

Panggonan urip[besut | besut sumber]

Alamanda biyasane urip ing jejere kali utawa ing panggoan kang kena sinare srengéngé lan kena banyu udan kang cukup.[4] Tnduran iki ora bisa urip ing lemah kang ngndhut uyah lan tanduran iki uga ora tahan suhu cendhèk.[4] Suhu -1 °C bisa matèni tanduran mau amarga tandura iki sensitif banget marang suhu atis.[4]

Alamanda bisa urip apik lan ngasilaké kembang ing intensitas srengéngé tanpa alangan.[4] Yèn diwènèhi alangan, kembange bisa mudhun.[4] Tanduran iki urip kanthi apik nalika ana ing lemah pasir kaya ta, akèh bahan organike, lan aerasi kanthi apik uga.[3] Surasane, alamanda ya iku tanduran kang gampang urip ing kondisi kang cocog mula ing pirang-pirang laladan uga diarani gulma.[3]

Iklim kang cocog kanggo pertumbuhan alamanda ya iku laladan kanthi iklim tropis. Pada laladan kanthi iklim tropis, alamanda bisa urip ing lingkungan kang mlakune lumayan rikat.[5] Di habitat Asline, alamanda urip ing ketinggian 0-700 mèter saka laut (dpl) kanthi curah udan 1000 nganti 2800 mm saben taun.[3] Karena modote kang rikat, alamanda racaké kanggo ornamen kanggo rerenggan pager lan tembok.[2]

Reproduksi[besut | besut sumber]

Tanaman alamanda berbunga sepanjang taun di banyak habitat.[4] Tanaman ini dapat berkembangbiak dengan biji, namun perbanyakan yang umum dilakukan yaitu dengan stek batang. Hal ini disebabkan, beberapa varietas hibrida sulit memunculkan kapsul biji.[4] Alamanda tergolong tanaman yang tumbuhnya cepat sehingga harus sok dilakukan pemangkasan untuk menjaga penampilannya.[4]

Manfaat[besut | besut sumber]

Kembang alamanda duwé pirang-pirang fungsi medis, salah sijiné ya iku diengo minangka laksatif.[6] Dhadhak tanduran iki duwé sipat antibakteri. Kembang alamanda uga duwé sipat antibiotik tumrap bakteri Staphylococcus.[6] Kembange tanduran iki dimanfaatake minangka obat kanggo nyegah komplikasi saka malaria lan abohe limpa.[6] Saliyané iku, oyote bisa minangka nyegah lelara kuning.[6]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ [UTS] Universal Taxonomic Services. 2008. The Taxonomicon [terhubung berkala]. http://taxonomicon.taxonomy.nl/TaxonTree.aspx?id=9456 [28 Okt 2015].
  2. ^ a b c Simoes AO, Castro MM de, Kinoshita LS. 2006. Calycine colleters of seven species of Apocynaceae (Apocynoideae) from Brazil. Botanic J Linn Soc 152(3):387-98.
  3. ^ a b c d e f Thomas V, Dave Y. 1989. Histochemistry and senescence of colleters of Allamanda cathartica (Apocynaceae). Ann Bot 64:201-3.
  4. ^ a b c d e f g h i j Francis JK. 2002. Allamanda cathartica L. [terhubung berkala]. http://www.fs.fed.us/global/iitf/pdf/shrubs/Allamanda%20cathartica.pdf [23 Agu 2009].
  5. ^ Austin DF. 2002. Healing plants of peninsular India. Eco Bot 56(3):292.
  6. ^ a b c d Nayak S, Nalabothu P, Sandiford S, Bhogadi V, Adogwa A. 2006. Evaluation of wound healing activity of Allamanda cathartica. L. and Laurus nobilis. L. extracts on rats. BMC Comp Alt Med 6:12.