Segara Tengah
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Segara Tengah, kadhangkala disebut Segara Mediterania ('Mediterrania' tegesé 'dharatan/negeri tengah') kuwi sawijining segara antarbawana dumunung ing antarané Eropah ing sisih lor, Afrika ing sisih kidul lan Asia ing sisih wétan, nyakup wilayah kang jembaré 2,5 yuta km².
Ing jaman biyèn, segara iki minangka jalur lalu lintas kang ramé, kanggo perdaganan lan pertukaran budaya antara wong Mesir, Yunani Kuno, Romawi Kuno lan Timur Tengah. Sajarah Mediterania wigati kanggo mangertèni asal lan perkembangan Peradaban Kulon.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Geografi
Segara Tengah dihubungaké menyang Samudra Atlantik déning Selat Gibraltar ing kulon, lan déning Segara Marmara, Segara Ireng, Selat Dardanella lan Bosporus, ing sisih wétan. Segara Marmara biasané dianggep bagéan saka Segara Tengah, déné Segara Ireng ora. Terusan Suez gawéan manungsa ing kidul-wétan ngubungaké Segara Tengah lan Segara Abang.
Pasang-surut ing Segara Tengah sithik banget amarga hubungan kang mung sethithik karo samudra.
Iklim Laut Tengah biasané mangsa adhem kang teles lan mangsa panas kang panas lan garing. Tetanduran spesial dhaérah iki yakuwi zaitun, anggur, jeruk, tangerine, lan cork.
[sunting] Pulo-pulo
Pulo gedhé ing Segara Tengah:
- Siprus, Kreta, Euboea lan Rhodos ing wétan Segara Tengah
- Sardinia, Korsika, Sisilia, lan Malta ing tengah Segara Tengah
- Ibiza, Majorca lan Minorca (Kapuloan Balearik) ing kulon Segara Tengah
[sunting] Delengen uga
[sunting] Pranala njaba
| Negara-negara ing Pantai Mediterania |
|---|
| Albania | Aljazair | Bosnia-Herzegovina | Israel | Italia | Kroasia | Libanon | Libya | Malta | Maroko | Mesir | Monako | Montenegro | Prancis | Serbia | Siprus | Slovenia | Spanyol | Suriah | Tunisia | Turki | Yunani |
| Artikel perkawis geografi menika taksih awujud tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |

