Kelinci
| Kelinci | ||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
kelinci |
||||||||||
| Klasifikasi Ilmiah | ||||||||||
|
Kelinci kalebu bangsaning Mamalia utawa kéwan nyusoni, lan tansah sapaduluran karo Terwelu lan Pika.[1] Kelinci wis kasebar saindhenging jagad kejaba ing tlatah Antartika. [1]Jeneng latiné yaiku Oryctolagus cuniculus.[1]Kelinci bisa nglairake anak kurang luwih nganti ping 5-7 saben setaun.[1] Cacahé anaké kelinci saben nglairaké yaiku 5-8 kelinci.[1] Rata-rata saben manak kelinci nglairaké anak cacahé 6.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Tetengering Kelinci
Kelinci boboté isa nganti 5 kilo yèn dadi raja kaya, lan ing alas mung nganti 3,5 kilo.[2] Kelinci duwé kuping dawa sing bisa dianggo ngrungokaké swara saka kadohan, rupané lucu dadi bisa didadèkaké dolanan utawa klangenan.[2] Kelinci uga duwé sikil sing kuwat kanggo mencolot lan awaké buntek tur lucu.[2]
Anakané kelinci biasané lair ora duwé wulu lan wuta, ora kaya anaké trewelu.[2]
[sunting] Uriping Kelinci
Kelinci ing alas biasané urip ing bolongan-bolongan siti, utawa wit-witan.[2] Kelinci liar utawa kelinsi alasan biasané ngedhuk lemah kanggo susuhané lan ngasuh anak-anaké ing kana.[2] Uga, kelinci misuwur amarga cacah lairé sing dhuwur banget.[2] Kelinci wis isa kawin wiwit umur wulanan lan bisa meteng 31-35 dina. [2]Anak sing dilairaké isa loro nganti 12 iji.[2]
Kelinci uga kéwan sing paling énggal ngepaské kahananing alam, dadi cepet duwé anak.[2] Ing Australia, saking akèhé, kelinci wis dadi ama sing nyusahaké amarga mangani asil kebon para tani ing kana.[2]
[sunting] Pakan
Kelinci kalebu ''herbivora'' utawa mangan tetanduran.[3] Ing peternakan, kelinci saliyané dipakani tetanduran, dhèwèké uga dipakani pèlèt lan campuran-campuran tambahan kanggo kesehataning kéwan iki.[3] Suket, wortel, kangkung, lan sapanunggalané apik kanggo uripé kelinci.[3]
[sunting] Jinising Kelinci
Kelinci saindhenging jagat rupa-rupa, ana sing jinis buntut kapas, angora, nganti ana sing wuluné dawa. Ing Indonésia, kelinci akèh-akèhané diimpor saka negara manca.[4]
[sunting] Kelinci ing uriping manungsa
Kelinci biasané didadèkaké kéwan raja kaya, kanggo pakan, nganti dadi klangenan.[4] Kelinci sing didadèkaké panganan biasané nduwé ukuran sing gedhé, lan sing dadi klangenan biasané nduwé wulu sing apik.[4] Panganan saka daging kelinci sing paling misuwur yaiku saté kelinci.[4]
[sunting] Ternak kelinci
Méh kabéh hasil saka ternak kelinci bisa dimanfaataké, kalebu kotoran lan urine.[5] Asil kang dimanfaatke iki bisa langsung dimanfaatké utawa diolah dhisik.[5]
- Karkas : daging kelinci kanthi kualitas apik bisa kanggo sumber gizi lan sumber protein. Mulané saiki akéh sing dodolan ''hotplate'' saté kelinci, bakso kelinci, lan liya-liyané.[5] Balung kelinci uga bisa digawé glepung kang bisa kanggo pakan ternak.[5]
- Kulit lan sikil : kulit kelinci bisa dimanfaataké kanggo bahan kanggo nggawé topi, jaket, hiasan dinding, tas, sepatu, alas, gantungan kunci lan pelapis perabot rumah tangga.[5]
- Endhas : endhas kelinci bisa kanggo pakan kèwan kayata asu, kucing, lan liya-liyané.[5] Saliyané iku, utek kelinci uga bisa dimanfaataké kanthi digawé vaksin tumprap perusahaan farmasi.[5]
- Kotoran lan urin : kanggo bahan nggawé gas methane, média kanggo nandur jamur, kanggo bahan pupuk kompos, lan urin kelinci bisa dimanfatké kanggo pupuk kembang anggrék.[5]