Vaksin
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Vaksin iku salah siji penerapan biotéknologi kanggo nyegah penyakit kang disebabaké mikroorganisme.[1]
[sunting] Cara gawé vaksin
- vaksin kang asalé saka patogen kang wis dipaténi nganggo bahan kimia utawa cara pemanasan.[1] Contoné vaksin influenza, vaksin kolera lan vaksin hepatitis A. [1] Vaksin jinis iki mung gawé kekebalan sementara. [1]
- vaksin kang asalé saka patogen kang dilemahaké. [1] Contoné yaiku vaksin campak lan vaksin gondong. [1] Vaksin jinis iki kekebalané luwih suwé saka jinis vaksin kang asalé saka patogen kang dipanasaké. [1]
- vaksin kang asalé saka patogen kang dinon-aktivaké contoné vaksin tétanus lan vaksin diftéri. [1]
Nanging cara gawé vaksin ing dhuwur isih tradisional dadi isih ana éfék samping kaya iki:
- patogen kang dinggo mesih ana kemungkinan isih prosés metabolisme[1]
- patogen kang dienggo kanggo gawé vaksin isih ana kemungkinan bisa nyebabaké penyakit[1]
- ana wong kang alérgi mara luwihan sél kang ditinggalaké saka prosés gawé vaksin. [1]
- wong kang kerja ing gawé vaksin ana kemungkinan kepapar patogen. [2]
Kanggo ngurangi risiko ing dhuwur, saiki wis dikembangaké cara gawé vaksin kang nganggo rékayasa génetika. [2] Prinsip-prinsip rékayasa génetika antara liya:
- misahaké gen kang nyebabaké lara saka virus
- nyisipaké gen mara sel baktéri utawa kultur sel hewan. Sakwise disisipi sel bakteri utawa sel kewan dijenengi rekombinan.\
- Rekombinan bakal ngasilaké antigen kang salanjuté dikultur. Sakwise dikultur dadi ngasilaké akeh antigen.
[sunting] Cathetan Suku
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||||