Kangkung
| Kangkung | |
|---|---|
| Ipomoea aquatica | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Solanales |
| kulawarga: | Convolvulaceae |
| Genus: | Ipomoea |
| Species: | I. aquatica |
| Jeneng binomial | |
| Ipomoea aquatica Forssk. |
|
Kangkung (Ipomoea aquatica Forsk.), uga ditepungi minangka Ipomoea reptans Poir1. arupa sajenis tetanduran sing klebu jenis janganan lan ditandur minangka panganan. Kangkung akèh didol ing pasar-pasar. Kangkung akèh ana ing kawasan Asia lan arupa tetanduran sing bisa ditemoni mèh ing ngendi waé utamané ing kawasan mbanyu.
[sunting] Gambaran
Godhong kangkung lunyu lan wanguné mèmper mata panah, dawané 5-6 inci. Tetanduran iki mrambat mawa godhong selang-seling lan watangé tegak ing pangkal godhong. Tanduran iki wernané ijo pucet lan kembangé werna putih. Kembangé nghasilaké kanthong sing ngandhut papat wiji winih. Kangkung ana uga sing jenis godhongé amba lan ana uga sing godhongé tirus.
[sunting] Kagunaan
Mèh kabèh tetanduran sing enom bisa dipangan. Amarga kangkung tuwa seraté kasar, pucuk sing enom luwih disenengi. Kangkung bisa dipangan mentah utawa dimasak kaya bayem. Kangkung asring uga ditumis minangka cah. Masakan populèr sing migunakaké kangkung yaiku kangkung gorèng belacan. Sauntara plecing kangkung arupa menu sing misuwur saka dhaérah Lombok. Kangkung uga arupa panganan salah sawijining spesies kéwan Chersina, utawa bulus.