Pulo Sibèrut

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Sibérut
Géografi
Pernah Asia Tenggara
Koordhinat 1°23′S 98°54′E / 1.383°S 98.900°E / -1.383; 98.900
Kapuloan Kapuloan Mentawai
Jembar 4,030 km2 (1.556 sq mi)
Administrasi
Indonésia
Provinsi Sumatera Barat
Kabupatèn Kapuloan Mentawai
Dhémografi
Cacah jiwa 30-35.000 (2001)
Kapadhetan 7.5 /km2 (19,4 /sq mi)
Golongan ètnik Suku Mentawai. 10% populasi saking pérangan sanès ing Indonésia.

Koordhinat: 1°23′S 98°54′E / 1.383°S 98.900°E / -1.383; 98.900

Pulo Sibérut

Pulo Siberut inggih punika salah satunggaling pulo ing Indonésia ingkang langkung jembar ambaning laladanipun.[1] Pulo Sibérut inggih pulo paling ageng wonten ing Kapuloan Mentawai.[2] Pulo punika ugi kalabet pulo ingkang paling lèr posisinipun wonten ing Kapuloan Mentawai, inggih mapan udakawis 150 kilimeter wonten sisih kilenipun pulo Sumatra, ing Samodra Hindia.[2] Pendhuhuk ing dumunung ing pulo Siberut inggih saking Suku Mentawai.[2] Separo péranganing pulo punika sampun dipuntemtokaken dados Taman Nasional Siberut nalika taun 1993.[2] Sapérangan ageng wewengkon pulo Siberut inggih katutup déning hutan hujan, ananging alas ing mriki ugi dados papan komersil kanggé pembalakan alasan.[2]

Pulo-pulo alit ingkang mapan ing sakitering pulo sibérut ing antawisipun Pulo Karamajet lan Masokut ingkang dumunung ing Selat Bungalaut wonten ing sisih kidul pulo Siberut.[2]

Pulo Siberut dados misuwur saking wontenipun kewan-kewanipun utawi primatanipun, ing antawisipun kados ta bilou (Hylobates klossii), langur buntut babi (Simias concolor), langur Mentawai (Presbytis potenziani) lan beruk Pulo Pagai (Macaca pagensis).[3]

Pulo Siberut rumiyin kalebet wewengkon ingkang kénging akibat saking tsunami Lindhu Samodra Hindia 2004,ananging boten dipunmangertosi kanthi cetha sepinten kathahipun kurban ingkang lampus wonten ing tsunami punika. Wonten lapuran ingkang nyebataken bilih amargi prastawa lindhu punika Pulo Siberut tambah dhuwuripun kirang langkung kalih mèter.

Pulo Siberut, Sumatra Barat

Géografi[besut | besut sumber]

Pulo Siberut taksih kalebet gugusan kapuloan Mentawai, provinsi Sumatra Barat.[3] Pulo Siberut dumunung udakawis 100–155 km wonten ing sisih kilèn kitha Padang, ingkang kapedhot kaliya Selat Mentawai.[3] Pulo Siberut miterat administratipipun kalebet pamaréntahan Kabupatèn Padang Pariaman, provinsi Sumatra Barat.[4] Pulo Siberut sajatosipun kapérang dados kalih kacamatan, inggih punika Siberut Utara lan Siberut Selatan.[4] Pusat pamaréntahan Siberut Utara wonten ing Muara Sikabaluan.[4] Déné pusat pamaréntahan Siberut Selatan wonten ing Muara Siberut.[4]

Pulo Siberut gadhah ékosistem ingkang inggil.[3] Wonten kathah jinising flora lan fauna ingkang kasebar wonten ing salebeting alas ing pulo punika.[3] Déné ambanipun alas ing pulo punika saged dumugi 60%, ingkang katutup déning mapinten-pinten jinisng alas, kados ta hutan primer Dipterocarpaceae, hutan primer campuran, rawa, hutan pasisir, dan hutan mangrove.[3] Pulo Siberut ambanipun inggih kirang langkung 25 miles (40 km) lan dawanipun kirang langkung 70 miles (110 km).[1] Laladan daratan ing Pulo Siberut inggih kalebet dataran andhap, déné pérangan ingkang radi inggih laladanipun inggih wonten ing sisih kilèn pulo punika, kirang langkung minggahipun 1.260 feet (384 m).[1] Ing Pulo Siberut kalebet wewengkon tropis ingkang kathah jawah, lan iklimipun anget lan teles (lembab).[1] Laladan ing sakitering pasisir inggih andhap lan kathah rawanipun.[1] Taneman ingkang kathah dipuntandur wonten ing laladan pasisir kados ta, mangrove (bakau), lan wit palem.[1]

Masarakat Suku Mentawai ing Pulo Siberut

Pendhudhuk[besut | besut sumber]

Pendhudhuk ingkang dumunung ing Pulo Siberut inggih saking masarakat asli Suku Mentawai.[5] Pendhudhuk saking suku Mentawai punika mapan ing Désa Madobak, Ugai, lan Matotonan.[5] Caraning gesang masarakat asli suku Mentawai punika taksih nengenaken budaya lan tradisi asli tilaranipun simbah buyutipun wiwit jaman rumiyin.[5] Manawi badhé wisata dhateng katiga laladan punika, transportasi ingkang saged dipun-ginakaken inggih nyebrang kalen lan ngliwati dalan ciut kanthi alur Muara Siberut-Rokdok-Madobak-Ugai-Matonan]].[5] Déné dangunipun dumugi 5-6 jam.[5]

Pakaryan ingkang paling utami ing masarakat Pulo Siberut inggih tani.[1] Déné tanduran ingkang kathah dipuntandur kados ta sagu, gendhis, tembakau (tembakau), tela, kenthang, mrica, kacang polong, pelem, lan nanas.[1] Ing laladan pasisir, tanduran ingkang dipuntanem inggih kacang.[1] Kajawi punika masarakat ugi gadhah pakaryan dados warigaluh.[1] Pramila, ing Pulo Siberut dipunsamektakaken ugi wista nyelem, lan mancing.[1] Industri ingkang kathah dipunasilaken saking masarakat Pulo Siberut inggih ukiran kayu, tenun, kopra lan produksi sabut, lan anyaman kranjang.[1]

Sapérangan ageng masarakat Pulo Siberut inggih Muslim déné agami Islam ingkang dados kapitadosanipun suku Mentawai, lan sakedhik saking masarakat ingkang agaminipun Kristen.[1]

Papan Ingkang Wigati[besut | besut sumber]

Laladan kampung lan pelabuhan ingkang paling wigati ing Pulo Siberut inggih Muarasiberut ingkang dados jembatanipun masarakat ingkang badhé tindak ing laladan Sigep, Simansih, lan Taileleo.[1] Déné masarakat Pulo Siberut tansah pinaringan informasi kaliyan pamaréntahan pusat ing Pulo Sumatra liwat Teluk Bayur ing sisih kilèn Sumatra, caket Padang.[1]

Obyek Wisata[besut | besut sumber]

Obyek-obyek wisata ingkang wonten ing Pulo Siberut ing antawisipun inggih [5]:

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o [1](dipunundhuh tanggal 22 Oktober 2012)
  2. ^ a b c d e f Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng internet_1
  3. ^ a b c d e f [2](dipunundhuh tanggal 22 Oktober 2012)
  4. ^ a b c d [3](dipunundhuh tanggal 22 Oktober 2012)
  5. ^ a b c d e f [4](dipunundhuh tanggal 22 Oktober 2012)