Perang Salib Kapisan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
1099jerusalem.jpg
Seri Perang Salib
Perang Salib Kapisan
Perang Salib Rakyat
Perang Salib Jerman, 1096
Perang Salib 1101
Perang Salib Kaloro
Perang Salib Katelu
Perang Salib Kapapat
Perang Salib Albigensian
Perang Salib Anak-anak
Perang Salib Kalima
Perang Salib Kaenam
Perang Salib Kapitu
Perang Salib Gembala
Perang Salib Kawalu
Perang Salib Kasanga
Perang Salib Lor

Perang Salib Kapisan ya iku perang ing taun 1095 déning Paus Urbanus II kanggo ngrebut kutha suci Yerusalem kang dadi kutha suci agama Islam lan Kristen.[1] Perang salib kang pisanan iki isiné mung suwara-suwara sing digedhekgedhekake déning para ulama kristen kang disebabake déning kaum seljuk Turki kang dodolan, nanging ora nganggo jeneng agama. Tujuwan saka migrasi kang wiwitane kanggo njaga lan nentremake agama telu, malih dadi tujuwan kanggo nguwasani papan iku, para warga non kristen lan yahudi uga nguwasani kabèh tlatah ing Yerusalem.

Saka para ksatriya, masarakat biyasa saka nagara Éropah Kulon, mlaku tumujukutha Yerusalem, banjur nguwasani kutha mau nalika sasi Juli 1099, sarta ngadegaké Krajan Yerusalem utawa krajan Latin ing Yerussalem. Sanajan penguwasane kurang saka 200 taun, nanging Perang Salib Kapisan nggawék jungkir walike jamannguwasani donya kulon.

Kang Njalari[besut | besut sumber]

Pengepungan Antioch, gambar cilik abad pertengahan sasuwene Perang Salib Kapisan

Nalika tumuju abad ka 11, para warga Éropah wis akèh sing nganut agama Kristen, ing kono katon saka anané bimbingan pastoral, nikahan ing gréja, lan wong kang lagi lara uga digawa ing gréja.[2]

Nalika taun 1088, wong Prancis kang jenenge Urbanus II dadi Paus. Nalika dadi Paus, ana kadadéan perang antarané raja Jerman, Henry IV — ngenani pembaruan déning Paus Gregorius VIII kang ora ngasilaké apa-apa. Paus anyaran iki, ora péngin nerusaké geger mau. Nanging dhèwèké péngin ndadèkaké siji kabèh krajan Kristen. Nalika Kaisar Alexis saka Konstantinopel njaluk tulung Paus mungsuh wong Muslim Turki. Pikirane Urbanus yèn kabèh krajan Kristen dadi siji bakal bisa ngalahake mungsuh.

Ora dadi perkara sanajan Paus ngucilke patriark Konstantinopel, lan Kristen Ortodoks Timor wis ora sagreja. Urbanus golèk dalan liya kanggo nguwasani tlatah wétan. Nalika iku para Pangeran ing tlatah kulon lagi padha padu.

Nalika taun 1095 Urbanus nganakake Konsili Clermont. Ing kono dhèwèké ngandharake kutbah kang isiné ngajak-ajak, lan mènèhi pawarta kang nggawé gething karo wong muslim.

"Telah tersebar sebuah carita mengerikan... sebuah golongan terkutuk yang sama sekali diasingkan Allah... telah menyerang tanah (nagara) orang Kristen dan memerangi penduduk setempat dengan pedang, menjarah dan membakar." Ia berseru: "Pisahkanlah laladan itu dari tangan bangsa yang jahat itu dan jadikanlah ia sebagai milikmu."

Iki sing diandharake, lan gawé warga kristiani Éropah geger. Iki salah siji usaha saka Urbanus kanggo nguwasai tlatah wétan, lan unjere ana ing Yerusalem, kang dadi kutha suci Yahudi, Kristiani lan Muslim.

Deus vult! Deus vult! (Allah menghendakinya)', suwarane para jamaah. Tembung iku dadi unen-unen nalika perang déning para tentara Perang Salib. Nalika para utusan Paus ngliwati Éropah, ngajak para ksatria lunga menyang Palestina kanthi propaganda saka pimpinan, para wadyabala disengkuyung pejuang saka Perancis lan Italia. Akèh kang mèlu nyengkuyung, ana uga kang ngrebut tlatah kang dikuwasai déning tentara muslim.

Urbanus lan para paus, mènèhi pituduh marang para tentara ngenani babagan kabecikan spiritual saka perang mungsuh wong muslim. Ing Bible, Urbanus ngeyakinake para tentara yèn mèlu perang iki bisa langsung mlebu surga, utawa saora-orane nyuda wektu nalika ing neraka. Nanging ing kono ana niyat liya kang dilakoni wiwit jaman Alexander the great tekan jaman Imperium Roma ya iku kanggo nguwasani tlatah wétan.

Ing satengahe laku tumuju ing tanah suv=ci para tentara Salib mandheg ing Konstantinopel. Ing kono, kaisar Konstantinopel ndeleng yèn tentreme Wétan lan Kulon iku ora bakal kelakon, para prajurit dianggep anceman marang jabatane. Nalika para tentara ngerti yèn Alexis wis ana perjanjian karo wong-wong Turki, banjur para tentara rumangsa yèn dikianati.

Sumber terpilih dan bacaan lebih lanjut[besut | besut sumber]

Sumber utama[besut | besut sumber]

Sumber online utama[besut | besut sumber]

Sumber sekunder[besut | besut sumber]

  • Asbridge, Thomas. The First Crusade: A New History. Oxford: 2004. ISBN 0-19-517823-8.
  • Bartlett, Robert. The Making of Europe: Conquest, Colonization and Cultural Exchange, 950–1350. Princeton: 1993.
  • Chazan, Robert. In the Year 1096: The First Crusade and the Jews. Jewish Publication Society, 1997. ISBN 0-8276-0575-7.
  • Hillenbrand, Carole. The Crusades: Islamic Perspectives. Routledge, 2000. ISBN 0-415-92914-8.
  • Holt, P.M. The Age of the Crusades: The Near East from the Eleventh Century to 1517. Longman, 1989. ISBN 0-582-49302-1.
  • Mayer, Hans Eberhard. The Crusades. John Gillingham, translator. Oxford: 1988. ISBN 0-19-873097-7.
  • Riley-Smith, Jonathan. The First Crusade and the Idea of Crusading. University of Pennsylvania: 1991. ISBN 0-8122-1363-7.
  • Riley-Smith, Jonathan, editor. The Oxford History of the Crusades. Oxford: 2002. ISBN 0-19-280312-3.
  • Runciman, Steven. The First Crusaders, 1095–1131, Cambridge: 1998. ISBN 0-521-64603-0.
  • Setton, Kenneth, editor. A History of the Crusades. Madison: 1969–1989 (available online).
  • Maalouf, Amin. The Crusades Through Arab Eyes, New York: Schocken Books, 1984. ISBN 0-8052-0898-4

Bibliografi[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Perang Salib Bagian 1 (diundhuh tanggal 22 Oktober 2012)
  2. ^ Sejarah Perang Salib (Muslim Vs Nasrani) (diundhuh tanggal 22 Oktober 2012)