Jihad

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
اللہ کا نام.jpg
Rukun Islam
Syahadat · Shalat · Pasa
Zakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Al-Qur'an · Malaikat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Muhammad SAW
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait
Kota Suci
Mekkah ·Madinah · Yerusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitektur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Teks & Hukum
Al-Qur'an ·Hadist · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Mazhab
Sunni
Hanafi ·Hambali
Maliki ·Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam

Jihad ( جهاد ) iku berjuang kanthi temenan miturut syariat Islam.[1]. Jihad ditindakaké kanggo ngayahi misi utama manungsa ya iku negakaké Din Allah utawa njaga Din tetep tegak, kanthi cara-cara sarujuk karo garis perjuangan para Rasul lan Kuran. Jihad sing ditindakaké Rasul iku dhakwah supaya manungsa ninggal kamusyrikan lan bali marang aturan Allah, nyucèkaké qalbu, maringi pengajaran marang ummat lan ndhidhik manungsa supaya sarujuk karo tujuan panciptaané ya iku dadi khalifah Allah ing lumahing bumi. Jihad iku minangka pilar kakuwatan umat Islam kawit biyèn nganti dina akir. Jihad banget dipahami déning musuh-musuh Allah Swt saéngga kanggo bisa ngalahake umat Muhammad Saw iki, musuh-musuh padha usaha kanggo ngrusak hakikat jihad. Salah sijiné kanthi nylewengake hakikat jihad dadi mung “usaha kanthi tenanan”. Dhèwèké ngandhakake iku kanthi alesan manawa akar tembung “jihad” ya iku “mujadalah” kang pancèn tegesé tenanan.[2]

Asal Tembung Jihad[besut | besut sumber]

Ing al-Quran lan Sunnah, tembung jihaad diwenenhi arti anyar saka syariat saka arti asal (basane) utawa pinuju makna kang luwih mirunggan, ya iku, ”ngetokake kabèh kemam-puan kanggo perang ing dalan Allah, kanthi langsung, karo bantuan keuangan, penemu (pamikir), ngakehi kuantitas (taktsiir al-sawaad) utawa liyané (Ibn 'Abidiin, Haasyiyah, jus III, hal. 336). Dadi jihad maknané perang ing dalan Allah.[3]

Jihad saka basa al-Qur’an. Dadi pemahamané uga kudu Qur’ani dudu mung basa Arab ing endi wong-wong kaya Abu Lahab lan para kafirin Quraiys uga nggunakaké amarga sanadyan basané padha, tapi duwé makna lan hakikat kan béda. Sanajan padha-padha basa Arab, nanging apa kang metu saka lambéné kaya Abu Lahab utawa sawijining pemuka kafirin Quraiys, karo apa kang metu saka lésan Rasulullah Saw lan para sahabat temtu béda.[4]

Dhasar[besut | besut sumber]

Salah sijiné dhasar jihad ya iku: “Ora padha antarané mu'min kang lungguh (ora mèlu perang) kang ora duwé uzur karo wong-wong kang jihad ing dalan Allah kanthi bandha lan jiwané. Allah ngluwihake wong-wong kang jihad kanthi bandha lan jiwane sakdhuwure wong-wong kang lungguh siji drajat... (QS. al-Nisaa' : 95)

Dhasar-dhasar jihad ing AlQuran:

  • Al-Baqarah: 216
  • Ali Imran: 156-157
  • Ali Imran: 169-170
  • An-Nisa: 78
  • Al-Anfal: 65
  • At-Taubah: 14-15.[5]

Panemu Ulama[besut | besut sumber]

Para ulama shalafus-shalih kawit biyèn tekan saiki ora ana béda penemu ngenani jihad, ya iku perang ing dalan Allah Swt kanthi niyat: urip mulya utawa Mati Syahid. Dadi dudu mung tenanan nglakoni sesuatu.[4] Manawa ana ulama kang ngomong jihad iku mung sekadar tenanan, mula iku wis mbuktekake marang kita manawa wong iku lagi nglayani kepentingan musuh-musuh Allah Swt ing sajeroning ngrusak salah sijiné pilar kekuatan umat iki.[2]

Makna Jihad[besut | besut sumber]

Ana upaya anyar kang diciptakake déning musuh-musuh Islam, ya iku ngilangake makna sarta prabawa istilah-istilah Islam ing satengahing kaum Muslim. Salah siji istilah kang dièliminir lan dikaburaké ya iku istilah jihad, iki kanggo nyipta stereotipe negatif ngenani jihad, mujahid lan syahid, tapi uga kanthi ngalihake makna jihad kang syar’i tumuju pengerten jihad kang lughawi (sipaté luwih umum).[6]

Tingkatan Jihad[besut | besut sumber]

Jihad duwé tataran. Tenanan nglakoni sawenèh ana ing tataran paling ngisor, jihad paling dhuwur ya iku Qital utawa Jihad fi Sabilillah, perang ing dalan Allah Swt.[6]

Jihad lan terorisme[besut | besut sumber]

Terorisme ora bisa dikategori minangka Jihad; Jihad sajeroning wangun perang kudu jelas pihak-pihak endi waé sing kalibet sajeroning paprangan, kaya déné perang sing dilakoni Muhammad sing makili Madinah nglawan Makkah lan sekuthu-sekuthuné. Alesan perang kasebut mligi dipicu déning kezaliman kaum Quraisy sing nglanggar hak urip kaum Muslimin sing ana ing Makkah (kalebu perampasan harta kasugihan kaum Muslimin sarta pangusiran).[6]

Kena apa kowé ora gelem perang ing dalan Allah lan (mbéla) wong-wong sing lemah lanang, wanita-wanita lan bocah-bocah sing kabèh padha dedonga: "Duh Gusti, wetokaké kita saka nagari iki (Mekah) sing zalim sing ndunungi lan paringi kita pelindhung saka sisih Panjenengan, lan paringi kita panulung saka sisih Panjenengan !".(QS 4:75)

Perang sing nganggo jeneng negakaké Islam nanging ora nuruti Sunnah Rasul ora bisa ingaran Jihad. Sunnah Rasul kanggo negakaké Islam diwiwiti saka dakwah tanpa kakerasan, hijrah menyang wewengkon sing aman lan nampa dhakwah Rasul, banjur minangka sawijining masarakat Islami (Ummah) sing duwé angkah negakaké Kakuwasan Allah ing bumi.[6]

"Perangi wong-wong sing ora duwé iman marang Allah lan ora (uga) marang dina kiyamat lan ora ngaramaké apa sing wis dikaramaké déning Allah lan Rasul-É lan ora duwé agama sing bener (agama Allah<-Islam), (yaitu wong-wong) sing diparingi Al Kitab, nganti mbayar jizyah kanthi patuh déné wong-wong iku sajeroning kahanan tundhuk."[6]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Macsonic.org Jihad
  2. ^ a b ww.eramuslim.com Jihad (diaksés tanggal 5 Agustus 2011)
  3. ^ www.facebook.com Jihad (diaksés tanggal 5 Agustus 2011)
  4. ^ a b hizbut-tahrir.or.id Pangertèn Jihad Miturut Para Ulama (diaksés tanggal 5 Agustus 2011)
  5. ^ www.al-ikhwan.net Risalah Jihad (diaksés tanggal 5 Agustus 2011)
  6. ^ a b c d e radioyabis.com Makna Jihad Menurut Islam (diaksés tanggal 5 Agustus 2011)