Menyang kontèn

Perang Salib Kapindho

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Perang Salib Kaloro)
Perang Salib Kapindho
Péranganing Perang Salib

Peta taun 1140 kang nuduhaké tibané Edessa ing pérangan tengen peta, kang sebab kadadeyané Perang Salib Kaloro.
Titimangsa1145-1149
PernahUjung Iberia, Timur Dekat (Anatolia, Levant, Palestina), Mesir
Asil Gagale ngadegaké manèh Edessa. Kadadeyané paprangan antarané nagara-nagara Wadya Salib lan kamaharajan Muslim. Lisboa kalah saka Portugis, Tibané Murabitun, lan bangkite Muwahidun. Traktat perdamaian antarané Kamaharajan Bizantium lan Seljuk. Kadadeyané kategangan antarané Kamaharajan Bizantium lan Wadya Salib. Wiwité serangan Wadya Salib ing Mesir.
Owah-owahan
laladan
Lisboa direbut déning Portugal; saliyané iku status quo ante bellum
Péhak kang perang

Wadya Salib

Muslim

Pangarep
Melisende dari Yerusalem
Baldwin III dari Yerusalem
Raymond II
Raymond dari Poitiers
Manuel I Komnenos
Thoros II
Afonso I dari Portugal
Alfonso VII dari León
Conrad III dari Jerman
Ottokar III dari Styria
Louis VII dari Prancis
Thierry dari Elsas
Stephen dari Inggris
Geoffrey V
Mesud I
Tashfin bin Alibr
Ibrahim bin Tashfin
Ishaq bin Ali
Abdul Mu'min
Imad ad-Din Zengi
Saif ad-Din Ghazi I
Al-Muqtafi
Al-Hafiz
Kakuwatan
Jerman: 20.000 wadya[1]
Prancis: 15.000 wadya[2]

Perang Salib Kapindho (11451149) ya iku perang salib kapindho kang digawé saka Éropah. Perang iki kadadéan amarga kalahé County Edessa ing taun sadurungé. Edessa ya iku nagara wadya salib kang kapisan didekné sasuwené Perang Salib Kapisan (10951099), lan uga nagara kang kapisan kalah. Perang Salib Kaloro diumumaké déning Paus Eugenius III, lan minangka Perang Salib kapisan kang dipanggedhèni déning ratu-ratu Éropah, kaya ta Louis VII saka Prancis lan Conrad III saka Jerman, kanthi bantuan saka bangsawan-bangsawan Éropah wigati liyané. Pasukan-prajurit kaloro ratu mau obah nyeberangi Éropah kanthi kapisah lan sithik kalangan déning kaisar Romawi Etan, Manuel I Comnenus. Sawisé nglewati Bizantium lan lumebu ing Anatolia, prajurit-prajurit kaloro ratu mau dikalahaké déning wadya Seljuk. Louis, Conrad, lan sisa saka wadyabalaé wes kasil tekan Yerusalem lan ngirim serangan kang "salah" ing Damaskus ing taun 1148. Perang Salib ing Etan éntuk kamenangan. Gagalé iki nyurung babagan tibané kutha Yerusalem lan Perang Salib Katelu ing abad angka 12.

Wadya salib kang bisa éntuk kamenangan ya iku gabungan wadya salib Flandria, Frisia, Normandia, Inggris, Sekotlan, lan Jerman Panjenengané numpak kapal pinuju Tanah Suci. Ing tengah lelampahan, wadya mau mandek lan mbiyantu bangsa Portugis ngrebut Lisboa taun 1147. Saliyané iku, Perang Salib Lor dikobarké munangka upaya kanggo ngubah wong-wong kang nganut paganisme dadi iman karo Kristen, lan panjenengané kudu berjuang sasuwené pirang-pirang abad.

Latar belakang

[besut | besut sumber]

Sawisé lekas Perang Salib Kapisan lan Perang Salib 1101, ana telu nagara wadya salib kang didekné ing étan, ya iku Karajan Yerusalem, Kepangeranan Antiokhia, lan County Edessa. County Tripoli didekné ing taun 1109. Edessa ya iku nagara kang kanthi géografis mapan paling lor saka papat nagara iki, lan uga minangka nagara kang paling ringkih lan mung nduwé sithik penduduk. Pramila saka iku , daerah iki kerep diserang déning nagara-nagara Muslim kaya ta Ortoqid, Danishmend, lan Seljuk. Baldwin II lan Joscelin saka Courtenay ditangkap amarga kalahé penjenengané ing Paprangan Harran taun 1104. Baldwin lan Joscelin ditangkep kaping pindone ing taun 1122, lan sanadyan Edessa bali aman sawisé Paprangan Azaz ing taun 1125, Joscelin tilar donya ing paprangan taun 1131. Paneruse, Joscelin II, kapeksa sekuthu karo kamaharajan Romawi Etan, nanging, ing taun 1143, Kaisar Romawi Etan, John II Comnenus lan Raja Yerusalem Fulk saka Anjou, tilar donya. Joscelin uga padu karo Count Tripoli lan Pangeran Antiokhia, saingga Edessa ora duwé sekuthu kang kuwat.

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. J. Norwhich, Byzantium: The Decline and Fall, 94
  2. J. Norwhich, Byzantium: The Decline and Fall, 95

Rujukan

[besut | besut sumber]
  • Baldwin, M. W. (1969). The first hundred years. Madison, WI: University of Wisconsin Press.
  • Barraclough, Geoffrey (1984). The Origins of Modern Germany. New York: W. W. Norton & Company. kc. 481. ISBN 0-393-30153-2.
  • Brundage, James (1962). The Crusades: A Documentary History. Milwaukee, WI: Marquette University Press.
  • Christiansen, Eric (1997). The Northern Crusades. London: Penguin Books. kc. 287. ISBN 0-14-026653-4.
  • Davies, Norman (1996). Europe: A History. Oxford: Oxford University Press. kc. 1365. ISBN 0-06-097468-0.
  • Herrmann, Joachim (1970). Die Slawen in Deutschland. Berlin: Akademie-Verlag GmbH. kc. 530.
  • Norwich, John Julius (1995). Byzantium: the Decline and Fall. Viking. ISBN 9780670823772.
  • Riley-Smith, Jonathan (1991). Atlas of the Crusades. New York: Facts on File.
  • Riley-Smith, Jonathan (2005). The Crusades: A Short History (édhisi ka-Second). New Haven, CT: Yale University Press. ISBN 0-300-10128-7.
  • Runciman, Steven (1952; repr. Folio Society, 1994). A History of the Crusades, vol. II: The Kingdom of Jerusalem and the Frankish East, 1100–1187. Cambridge University Press. {{cite book}}: Check date values in: |year= (pitulung)
  • Tyerman, Christopher (2006). God's War: A New History of the Crusades. Cambridge: Belknap Press of Harvard University Press. ISBN 0-674-02387-0.
  • William of Tyre; Babcock, E. A.; Krey, A. C. (1943). A History of Deeds Done Beyond the Sea. Columbia University Press. OCLC 310995.

Wacanan lanjut

[besut | besut sumber]
Primer
  • Anonim. De expugniatione Lyxbonensi. The Conquest of Lisbon. Disunting dan diterjemahkan olèh Charles Wendell David. Columbia University Press, 1936.
  • Odo dari Deuil. De profectione Ludovici VII in orientem. Disunting dan diterjemahkan olèh Virginia Gingerick Berry. Columbia University Press, 1948.
  • Otto dari Freising. Gesta Friderici I Imperatoris. The Deeds of Frederick Barbarossa. Disunting dan diterjemahkan olehCharles Christopher Mierow. Columbia University Press, 1953.
  • The Damascus Chronicle of the Crusaders, extracted and translated from the Chronicle of Ibn al-Qalanisi. Disunting dan diterjemahkan olèh H. A. R. Gibb. London, 1932.
  • William dari Tirus. A History of Deeds Done Beyond the Sea. Disunting dan diterjemahkan olèh E. A. Babcock and A. C. Krey. Columbia University Press, 1943.
  • O City of Byzantium, Annals of Niketas Choniatēs, diterj. Harry J. Magoulias. Wayne State University Press, 1984.
  • John Cinnamus, Deeds of John and Manuel Comnenus, trans. Charles M. Brand. Columbia University Press, 1976.
Sekunder
  • Gervers, Michael, ed. The Second Crusade and the Cistercians. St. Martin's Press, 1992.
  • Phillips, Jonathan, and Martin Hoch, eds. The Second Crusade: Scope and Consequences. Manchester University Press, 2001.
  • Phillips, Jonathan (2007). The Second Crusade: Extending the Frontiers of Christendom. Yale University Press.
  • Setton, Kenneth, ed. A History of the Crusades, vol. I. University of Pennsylvania Press, 1958 (tersedia daring).
  • Villegas-Aristizábal, Lucas, "Anglo-Norman involvement in the conquest of Tortosa and Settlement of Tortosa, 1148–1180", Crusades, 8, Aldeshot, 2009, pp. 65–129.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]