Nurcholish Madjid

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Nurcholish Madjid
Lair(1939-Cithakan:NOMORBULAN-17)17 Maret 1939
Indhonésia Jombang, Jawa Timur, Indonésia
PatiAgustus 29, 2005(2005-08-29) (umur 66)
Indhonésia Jakarta, Indonesia
Pakaryan
Taun aktif19652005
BojoOmie Komariah Madjid
Anak2

Nurcholish Madjid utawa kawentar diarani Cak Nur iku salah sawijining nimpuna Islam, profésor kang miwiti konsèp pluralisme Islam ing Indonésia. Panjenengané lair lan gedhé ing Mojoanyar, Jombang, Jawa Wétan surya ping 17 Maret 1939. Cak Nur lair ing désa kang kenthel prabawa Islamé. Kaanan iku mrabawani panjenengané dadi priyangga kang akèh labuh-labeté marang Islam.[1]

Mangsa cilik lan pawiyatan[besut | besut sumber]

Cak Nur lair saka pasangan KH. Abul Madjid kang dadi panjurung parté Masyumi, lan Fatonah kang minangka anak ulama kondhang saka Kedhiri aran Kyai Abdullah Sadjad.[2] Nalika isih cilik, Cak Nur duwé gegayuhan dadi masinis utawa juru mudhi sepur.

Panjenengané marisi intelèktualitas lan aktivisme rong organisasi gedhé kaya Masyumi kang gawa sipat modhèrnis lan Nahdlatul Ulama kang gawa sipat tradhisionalis. Nurcholish Madjid ing mangsa ciliké sekolah ana ing Madrasah al-Wathaniyyah (saèmper SD) kang rineksa déning bapaké, banjur mbacutaké pawiyatan ing Pesantrèn Dar Al-lum, Jombang (saèmper SMP). Pesantrèn mau dadi punjer kadhèrisasi kang wigati tumrap NU. Jalaran rumangsa ora marem, panjenengané banjur njaluk marang bapaké supaya dialih menyang Pondhok Modhèren Gontor ing Panaraga, sawijining pesantrèn kang gagasan Islamé luwih caket marang modhèrnisme Islam Masyumi.[3]

Mangsa diwasa[besut | besut sumber]

Nurcholish Madjid, Abdurrahman Wahid, Emha Ainun Nadjib, lan Yusril Ihza Mahendra ing patemon rembugan buku Islam Demokrasi Atas Bawah ing Jakarta nalika 1998.

Ing 1962, Cak Nur alihan menyang Jakarta kanggo nerusaké sekolah ana ing Institut Agama Islam Negeri Syarif Hidayatullah, Ciputat kang saiki wis ganti jeneng dadi Universitas Islam Negeri Syarif Hidayatullah. Nalika mlebu menyang pawiyatan luhur iku, Cak Nur wiwit gandhok ana ing organisasi Himpunan Mahasiswa Islam (HMI) kang madeg ing 1947. Cak Nur ibut ana organisasi kampus kang nglantaraké panjenengané nuju jagat pulitik praktis. Panjenengané kapilih dadi lurah HMI cawang Ciputat. Panjenengané uga kapilih dadi Ketua Umum Pengurus Besar HMI kaping pindho. Ing atasé dadi lurah organisasi iku, Cak Nur ora nggendéra ing lapangan minangka juru ontran-ontran. Jenengé ora kawentar ing lingkungan pulitik minangka pangurus Komité Aksi Mahasiswa Indonésia (KAMI).[3]

Lulus saka Ciputat taun 1968 sawisé njupuk S1 lan S2, Cak Nur kober mulang ing pawiyatan luhur udakara patang taun saka 1972-1976, banjur panjenengané njupuk pasinaon dhoktoral ing Universitas Chicago, Amérika Sarékat (1978-1984) kanthi dhisertasi ngenani "Filsafat lan Kalam Ibnu Taimiyah". Lulus saka jaban rangkah, Cak Nur dadi dhosèn program pascasarjana wiwit taun 1985. Sadurungé, panjenengané uga wis mergawé dadi panaliti ing LIPI 1978, lan guru ageng tamu ing Universitas McGill, Montreal, Kanadha, 1991-1992. Panjenengané minangka anggota akadhemisi ing Eishenhower Fellowship, bareng bojoné ing 1990. Nalika ing Amérika Sarékat, Cak Nur antuk kalodhangan kanggo nyawang kahanan Islam kanthi cara global. Bab iku kang njalari Cak Nur nggawé dhasar-dhasar HMI kang saiki dadi buku cekelan idheologis HMI.[2] Panjenengané asring nulis makalah-makalah kang kababar ana pirang-pirang kalawarti, ariwarti, lan buku.[4]

Pamikir[besut | besut sumber]

Cak Nur asring sinebut mèlu dalan pikirané Fazlur Rahman, nanging satemené Cak Nur luwih caket marang pamikiré Ibnu Taimiyah. Panjenengané dianggep nganyari pamikiré Ibnu Taimiyah tumrap prakara-prakara modhèren. Akèh bab pluralisme kang dirembakakaké Cak Nur asumber saka Ibnu Taimiyah. Pamikiré Fazlur Rahman uga mrabawani Cak Nur, nanging mung ana ing bab cara laku, mligi bab tepsirané Fazlur Rahman marang Al-Quran kang tinulis ana ing buku Major Themes of the Qur'an. Tundhoné, tuk-sumber pamikiré Cak Nur ya iku Al-Quran dhéwé kang narik wigati panjenengané, bisa nuduhaké sawijining 'skripturalisme' (cara maca adhedhasar makna saka Al-Quran) kang béda kalawan kalangan kang sipaté kolot. Miturut panjenengané, saka pamawas téyologi kang optimis lan tinarbuka, sajatiné papané umat Islam ing Indonésia ing sajeroning ngadhepi globalisasi ora cukup angèl. Ing jaban prakara psikologis kang sapérangan umat Islam malah nutup awaké dhéwé, mangka kang perlu diadhepi umat Islam ora liya yaiku kapriyé carané ngurip-uripi manèh semangat Islam klasik (Salaf) kang murni lan narjamahaké manèh marang tatanan papan lan wektu saiki.[5]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Merdeka, Redhaks. "Profil Nurcholish Madjid". Merdeka. Dibukak ing 2021-07-18.
  2. a b Kumparan, Redhaksi (2021-03-17). "Pawarta Dina Iki Profil Nurcholish Madjid utawa Cak Nur kang Lair 17 Maret 1939". Kumparan. Dibukak ing 2021-07-18.
  3. a b Tirto, Redhaksi. "Nurcholish Madjid". Tirto. Dibukak ing 2021-07-18.
  4. Nurdyansa, Nurdyansa (2012-03-04). "Biografi Nurcholish Madjid". Biografiku. Dibukak ing 2021-07-18.
  5. Rachman, Budhy Munawar (2006-08-29). "Bauwarna Nurcholish Madjid". Pusat Agama lan Demokrasi Paramadina. Dibukak ing 2021-07-18.