Ibnu Taimiyah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa





Islamic scholar
Jeneng: Ibn Taymiyyah
Sesebutan: Sheikh ul-Islam
Lair: {{{birth}}}
Pati: {{{death}}}
Madab: Hanbali
Kaprebawan: Ibn al-Qayyim (d 721 AH / 1350 CE),
al-Mizzi (d 1341 CE),
al-Dhahabi (d 1347 CE),[1]
Ibn Muflih (d 1361 CE),
Ibn Kathir (d 1373 CE),[2]
Ibn Abi al-Izz (d 1390 CE),
Ibn Abd al Wahhab (d 1792 CE)

Abul Abbas Taqiuddin Ahmad bin Abdus Salam bin Abdullah bin Taimiyah al Harrani asring dijekak Taimiyah (Basa Arab: أبو عباس تقي الدين أحمد بن عبد السلام بن عبد الله ابن تيمية الحراني) ya iku imam, Qudwah, 'Alim, Zahid lan Da'i ila Allah, apik amarga omongane, lakune, sabare, uga jihade.[3] Ibnu Taimiyah nduwèni jeneg jangkep Taqiyyudin Ahmad bin Abdilhalim bin Taymiyyah.[4]

Nasab[besut | besut sumber]

Dhèwèké ya iku Syaikhul Islam Al Imam Ahmad bin Abdul Halim bin Abdus Salambin Abdullah bin Muhammad bin Al Khadr bin Muhammad bin Al Khadr bin Ali binAbdullah bin Taimiyyah Al Harani Ad Dimasyqi. Jeneng Kunyahe dhèwèké ya iku Abul'Abbas.[5]

Lair[besut | besut sumber]

Ibnu Taimiyah lair ing Harran, sawijining kutha induk ing Jazirah Arabia kang ana ing antarane kali Dajalah (Tigris) karo Efrat, dina Senin 10 Rabiu'ul Awal taun 661 H.[6]

Kulawarga[besut | besut sumber]

Dhèwèké saka kulawrga taqwa. Bapake Syihabuddin bin Taymiyyah sawijining Syaikh, hakim, khatib, ‘alim lan wara’. Mbah kakunge Majduddin Abul Birkan Abdussalam bin Abdullah bin Taymiyyah Al-Harrani sawijining Syaikhul Islam, Ulama fiqih, ahli hadits, tafsir, Ilmu Ushul lan hafidz.[4]

Hijrah[besut | besut sumber]

Dhèwèké hijrah ing Damasyq (Damsyik) karo wong tuwa lan kulawargane nalika isih cilik, amarga tentara Tartar nyerabg negerine. Dhèwèké sakkaluwarga hijrah ing wayah wengi sinambi nyeret grobag gedhé kang isine kebak kitab-kitab ilmu. [7]

Sawijining wektu, grobage rusak ing tengah dalan nganti meh konangan musuh. ing kahanan kang kaya mangkono, dhèwèké nglakoni istighatsah marang Allah Ta'ala. Akhire kabèh padha slamet kalebu kitab-kitabe.

Pendhidhikan[besut | besut sumber]

Ing dhèwèké merguru ing akèh guru. Ilmu itung, khat, Nahwu, Ushul fiqih kabèh digoleki. Ing umur kang enom, dhèwèké wis éntuk ilmu utama saka manungsa utama. Dhèwèké uga éntuk karunia saka Allah arupa gampang ngapalke lan angel lai, sahingga ing umur kang enom, dhèwèké wis apal Quran.

Dhèwèké uga ngimbangi tamake golek ilmu karo karesikan atine. Dhèwèké seneng banget nekani majelis-majelis mudzakarah (dzikir). Umur 17 taun, kepekaane tumrap donyane ilmu mulai ketara. Umur 19, dhèwèké wis menehi fatwa.

Ibnu Taymiyyah ngerti rijalul Hadits (perawi hadits) lan Fununul hadits (macem-macem hadits) sing lemah, cacat utawa shahih. Dhèwèké paham kabèh hadits kang ana ing Kutubus Sittah lan Al-Musnad. Ing ngetokake ayat-ayat kanggo hujjah, dhèwèké nduwèni kahebatan kang luar biasa, sahingga bisa ngandakake kesalahan uga kelemahane para mufassir. Saben wengi tansah nulis tafsir, fiqh, ilmu ‘ushul sinambi ngomentari para filosof . Sadina sewengi dhèwèké saguh nulis 4 kurrosah (buku cilik) kang isine pendapat-pendapate ing babagan syari’ah. Ibnul Wardi ngandakake ing Tarikul Ibnul Warid manawa karangan dhèwèké wis nganti 500 judhul.

Al-Washiti ngendhika: “Demi Allah, syaikh-mu(Ibnu Taymiyyah) nduwèni keagungan khuluqiyah, amaliyah, ilmiyah lan saguh ngadhepi tantangan wong-wong kang ngidak-idak hak Allah lan kehormatanNe.”

Mujahid lan Mujaddid[besut | besut sumber]

Ing uripe, dhèwèké tansah terjun ing masyarakat kanggo amar ma’ruf nahi munkar. Sawijining dina ing perjalanan tumuju Damaskus, ing sawijining warung kang biasa dadi panggonan kanggo kumpule pandai besi, dhèwèké ndeleng wong lagi dolanan catur. Dhèwèké langsung nekani panggonan mau kanggo njupuk papan catur lan diwalik sanalika.

Dhèwèké uga nate ngrusak panggonan kanggo mabok. Ing sawijining Jumat, Ibnu Taymiyyah lan pendhereke merangi masyrakat kang manggon ing ing gunung jurdu lan Kasrawan amarga padha sesat lan rusak aqidahe amarga tentara tar-tar. Dhèwèké banjur nerangke hakikat Islam.

Dhèwèké uga sawijining mujahid kang ndadekake jihad dadi dalan uripe. Jarene: “Jihad kita ing babagan iki kaya jihad Qazan, jabaliah, Jahmiyah, Ittihadiyah lan liya-liya. Perang iki adya iku sebagiyan nikmat gedhé saka Allah Ta’ala kanggo kita. Tapi kakehan manungsa padha ora mangerteni.

Taun 700 H, Syam dikepung tentara tar-tar. Dhèwèké langsung nekani walikota Syam kanggo goleki kabèh kemungkinan kang bisa dadi. Kanthi ayat Alqur’an dhèwèké nggugah kasemngatan warga kanggo mbela tanah air ngusir musuh. Kegigihane mau nggawe dhèwèké dipercaya kanggo njaluk bantuwan sultan ing Kairo. Kanthi argumentasi sing mateng lan pas, dhèwèké bisa njupuk atine sultan sing banjur ngongkon tentarane tumuju Syam sahingga akhire menang.

Ramadhan 702 H, dhèwèké terjun dhéwé ing perang Syuquq kang dadi pusat komando pasukan tar-tar. Bareng tentara Mesir, kabèh padha maju ing snagisore komando Sultan. Kanthi semangat Allahu Akbar kang seru, akhire kasil ngusir tentara tar-tar lan Syuquq bisa dikuasai.

Wafat[besut | besut sumber]

Syeikh Ibnu Taimiyah wafat ing penjara dadi tahanan ing penjara Qal‘ah ing Damsyik. Dhèwèké wafat malem Senin tanggal 20 Dzulqa‘dah taun 728 Hijriyah.[8]


Penduduk Damsyik lan sekitare metu kabèh kanggo nyolati lan njujugake jenazah ing kuburan. Pirang-pirang sumber ngandakake manawa nalika wafat, jenazahe dijujugake déning masyarakat kang akèh banget jumlahe.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ (en) Mountains of Knowledge, pg 222
  2. ^ Mountains of Knowledge, pg 220
  3. ^ (id)[1], diaksés tanggal 15 Juli 2011.
  4. ^ a b (id)[2], diaksés tanggal 15 Juli 2011.
  5. ^ (id)[3], diaksés tanggal 15 Juli 2011.
  6. ^ (id)[4], diaksés tanggal 15 Juli 2011.
  7. ^ (id)[5], diaksés tanggal 15 Juli 2011.
  8. ^ (id)[6], diaksés tanggal 15 Juli 2011.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ibnu_Taimiyah&oldid=1086465"