Mehmed VI

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Sultan Mehmed VI

Mehmed VI (basa Arab: محمد السادس), jeneng asli Mehmed Vahdettin utawa Mehmed Vahideddin, (14 Januari 186116 Mèi 1926) iku khalifah ka-40 Turki Utsmani, mengku kalungguhan watara taun 19181922. Panjenengané uga Khalifah Islam ka-100. Seduluré Mehmed V Resat, panjenengané munggah tahta amarga nglaluné Yusuf Izzetin, pawaris tahta. Panjenengané mengku tahta wiwit tanggal 4 Juli 1918, minangka padishah ka-36.

PD I nyebabaké bebendu kanggo Khilafah Turki Utsmani. Angkatan Inggris wis ngrampas Baghdad lan Jerusalem suwéné perang lan sapérangan gedhé kakhalifahan bakal didum-dumaké marang kuwasa Eropah. Sajeroning konfrènsi San Remo sasi April 1920, Prancis wis diwènèhi mandhat marang Suriah lan Britania Raya wis diwènèhi mandhat marang Palestina lan Mesopotamia. Nalika tanggal 10 Agustus 1920, pawakilan Mehmed nandhatangani Pasetujon Sevres, sing ngakoni mandhat iku, nguwalaké kendhali Ottoman marang Anatolia lan Izmir, ngilangaké pawiyaran Turki, lan ngakoni Hejaz minangka nagara mardika.

Klompok nasionalis Turki (sing didhéking pihak Kulon) muntab karo pasetujon Sultan marang pamukiman-pamukiman mau. Sawijining pamaréntahan anyar, Majelis Nasional Agung Turki, dipimpin déning Mustafa Kemal wis kawangun nalika sasi April 1920, pusaté ing Ankara. Nalika tanggal 23 April, pamaréntahan Mehmed dibubaraké lan konstitusi sauntara disahaké.

Kasilé golongan nasionalis gawé kakuwasan khalifah dibubaraké tanggal 1 November 1922, lan Mehmed ninggal Istanbul, numpak kapal perang Inggris tanggal 17 November. Nuju Malta kanggo eksil, Mehmed banjur manggon ing Riviera Italia.

Panjenengané tilar donya tanggal 15 Mèi 1926 ing San Remo, Italia. Nalika tanggal 19 November 1922 sepupuné diangkat minangka khalifah minangka Abdul Mejid II.


Didhisiki déning:
Mehmed V
{{{jabatan}}}
19181922
Diganti déning:
Republik Turki sangisoré Kemal Atatürk
Didhisiki déning:
Mehmed V
{{{jabatan}}}
19181922
Diganti déning:
Abdul Mejid II