Markus
Rasul Markus ya iku salah sijiné Penginjil. Markus uga wong Kristen kang urip ing abad pisanan lan dipercaya dadi juru nulis Injil Markus (salah sijiné pérangan Perjanjian Baru ing Alkitab Kristen). Ana bab-bab tartemtu ing Alkitab kang jenengé Markus ditulis Yohanes uga ingaran Markus. Markus dilambangaké kanthi wujud singa[1]
Pirang taun sawisé Petrus bisa ucul saka bui, Barnabas lan Saulus (kang sawisé iku kawentar dadi Paulus) mangkat saka Yerusalem bali ing Antiokhia, sawisé ngrampungaké tugas pelayanan, Paulus lan Barnabas nggawa Markus. Roh Kudus ngutus Barnabas lan Saulus mangkat mara ing Seleukia, lan saka kono kabèh mau banjur numpak kapal tumuju Siprus. Tekan Salamis kabèh mau padha mbritakaké firman Allah ing omah-omah ibadat wong Yahudi. Lan MarkuS mèlu ngrewangi Paulus lan Barnabas. Kabèh padha muteri pulau nganti tekan Pafos. Ning kono Paulus mbutakaké mripaté Elimas lan nggawé Sergius Paulus, gubernur pulau Siprus, percaya karo Injil Kristus. Paulus lan kanca-kancané mau ninggal Pafos lan numpak kapal tumuju Perga ing Pamfilia; nanging Markus ninggal Paulus lan Barnabas balik ing Yerusalem.
Miturut Eusebius saka Kaisarea, sawisé ucul saka tahanan ratu Herodes Agrippa, Petrus lunga menyang Antiokhia lan sempet ketemu karo Paulus ing kono kaya kang ditulisaké ing Surat Galatia 2:11-14, lan sawisé iku nerusaké lelampahan ing Asia Kecil, nekani gréja-gréja ing Pontus, Galatia, Kapadokia, Provinsi (Romawi) Asia, lan Bitinia, kaya kang katulis ing Surat 1 Petrus 1:1. Eusebius nyathet yèn Petrus tekan Roma taun angka 2 Kaisar Claudius (taun 42 M). Markus mèlu ngampingi Petrus ing lelampahan iku dadi penerjemah. Gaweyané Petrus kasil banget ing kono dadi warga ngurmati nganggo patung kang digawé padha kaya Petrus. Panyuwuné jemaat nggawé Markus nulisaké khutbah-khutbah Petrus dadi Injil [2]
Perkiraan periodé antarané taun 62-68 M Markus mangkat menyang Roma. Ing kono Markus ketemu Paulus, njaluk ngapura lan ngancani Paulus ing bui, kaya kang ditulis Paulus ing suraté kanggo jemaat ing Kolose: "Salam kanggo kowé ing Aristarkhus, kancaku sapakunjara lan saka Markus, duluré Barnabas--bab awaké Markus kowe wis nampa pesen; nampa dhèwèké, yèn Markus tekani kowé--" lan ing suraté kanggo Filemon: "saka Markus, Aristarkhus, Demas lan Lukas, kanca-kanca sapagawéyanku."
Ing surat pungkasané kanggo Timotius, Paulus ngentèkaké dina-dina pungkasané sadurungé diukum mati, ditinggal dhéwéan bareng karo Lukas, amarga kanca-kanca liyané saka papan panggonan liyané utawa ninggal gawéan Yesus, dadiné Paulus njaluk Timotius: "Petuk Markus lan gawa mréné, amarga pelayanané wigati kanggoku."
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Senior, Donald P. (1998), "Mark", di dalam Ferguson, Everett, Encyclopedia of Early Christianity (edisi ke-2nd), New York and London: Garland Publishing, Inc., hlm. 720, ISBN 0-8153-3319-6.
- ↑ ^ Eusebius, Eccl. Hist. 15-16
Rasul Yesus Kristus | |
---|---|
Panginjil: Yohanes | Matius | Markus | Lukas Sanèsipun: Petrus | Andreas | Yakobus | Filipus | Bartolomeus | Tomas/Didimus Yakobus anak Alfeus | Simon tiyang Zelot | Yudas Tadeus | Yudas Iskariot ingkang dipungantos déning Matias |