Menyang kontèn

Kupatan Jalasutra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kupatan Jalasutra inggih punika upacara adat ingkang minangka mujudaken raos sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rahmat saha kanugrahan satemah asiling tetanèn saged lumampah kanthi sae, ugi nyuwun berkah supados asil tetanèn ing salajengipun saged langkung saé tinimbang taun kapengker.[1] Sasanèsipun, ugi sarana ndonga dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW lan para leluhuripun, kalebet Sunan Geseng, supados tansah pinaringan rahmat saha barokah. Wiwit Sunan Geseng taksih sugeng, masarakat Jalasutra tansah nindakaken upacara Rasulan saben taunipun sasampunipun panèn pantun. Kathah tamu ingkang rawuh, kalebet saking Karaton. Kanggé nglipur tamu saking Karaton, ing saben upacara tansah dipun suguhi nyamikan ingkang boten kalebet sesaji, inggih punika awujud kupat lan lawuhipun. Nanging, bènten kalih kupat limrahipun, kupat Jalasutra dipun wungkus ron gebang lan ukuranipun langkung ageng, watawis 15 x 15 cm ngantos 356 x 35 cm.[2] Déné cara ngolahipun bènten kaliyan kupat limrahipun satemah raosipun ugi beènten, lawuhipun gudheg manggar. Kupat Rasulan puniki minangka dhaharan kas ing upacara Rasulan dhusun Jalasutra ngantos sapuniki.[3]

Sujarah

[besut | besut sumber]

Kacariyos rikala jumenengipun raja Mataram Islam kaping 2, Pangéran Seda Krapyak utawa Mas Jolang, salah satunggal ratunipun nembé mbobot lan kepéngin padoos ulam sisik kencana utawi dipun wastani wader sisik emas. Amargi awrat anggènipun pads mina, lajeng dipun adani sayembara. Wonten ingkang sarujuk ndhèrèk sayembara, inggih punika Cakrajaya utawa Sunan Geseng ingka manggèn ing papan ingkang sapunka dipun wastani dhusun Jalasutra. Cakrajaya ngejokaken sarat supados benang sutra dipun sedhiyakaken kanggé jaring. Amargi ulamipun naming saged dipun cepeng nganggé jala ingkang kadamel saking bolah sutra.[4]

Upacara Kupatan Jalasutra punika dipun rawuhi enem dhusun, inggih punika Jalasutra, Jasem, Prayan, Ngelosari, Kaligathuk, saha Pandhéyan. Perlu dipun tingali malih istilah “Jalasutra” ingkang dados dhasaripun nami upacara adat ing Kalurahan Srimulya puniki. Istilah Jalasutra naté kapacak ing Babad Giyanti ingkang dados cepengan madegipun Kasultanan Ngayogyakarta ing taun 1755:

“gelar jalasutra wong sakawan sandi kanggo nambahi wong kang padha marang Wiranala Ummah Pangeran Purubaya gusti nuwun kawula amit karuhun | mantuk. mring Bagelèn arsa amrênahkên anak rabi." Irah-irahan tembung sandhi Jalasutra diwenehake kanthi rata kanggo wong papat. Wiranala matur “Pangeran Purubaya Gusti, kula nyuwun pamit sadèrèngipun kondur dhateng Bagelèn badhe/ngaturaken palakrama anak...”. Mliginipun upacara tradhisi puniki nyariyosaken Sunan Gesang, muridipun Sunan Kalijaga, ingkang sampun dipun wartakaken ing masyarakat kang gadhahi upacara adat puniki.[5]

Upacara Kupatan Jalasutra dipuntindakaken sasampunipun panèn pantun, dinten Senèn Legi wulan Sapar lan dipun wontenaken ing Jalasutra, Kalurahan Srimulya, Kapanéwon Piyungan, Kabupatèn Bantul, peneriipun wonten ing pasaréan Sunan Geseng. Nanging, amargi wekdalipun panèn sampun gantos wulan, boten kedah wulan Sapar lan nami pasaran boten kedah Legi, anggeripun sanès pasaran Pon, déné tanggalipun adhedhasar. Pandoman pananggalan Jawi, inggih puniku 10-15 sadèrèngipun wulan purnama. Pucak acara kasebat dipun tindakaken ing wanci siyang antawisipun tabuh 14.00-16.00 WIB. Dinten Senèn Legi, sabibaripun sholat Dhuhur, jodhang-jodhang ingkang isinipun sesaji kendurèn saking macem-macem RT wonten ing tlatah dhusun Jalasutra dipun bekta sesarengan ing lapangan Jalasutra.[6] Sasampunipun sedaya sampun siyaga, jodhang-jodhang dipun bekta sesarengan dhateng panggénan upacara ing pasareyan Sunan Geseng kanthi kairing kesenian jathilan. Acara punika dipun wiwiti kanthi atur pambagya harja saking Lurah Srimulya saha Panewu Piyungan. Acara ingkang utami dipun wiwiti kanthi waosan ikrar ingkang dipun andharaken déning pangemban pasareyan Sunan Geseng, dipun lajengaken waosan donga déning warga lan ditutup kanthi dhahar sesaji saking sesaji kendurèn ingkang sampun kasedhiya awujud sekul ameng, gurih, lan lawuh ugi asil palawija, jajanan peken, rendhang lan entèn-entèn.[7][8]

Upacara tradhisi Kupatan Jalasutra kagungan ancas minangka pakurmatan mligi kanggé Sunan Geseng. Pangaji-aji spiritual ingkang dipun asta déning panjenenganipun supados kanggé dipun ambal-ambali mangké minangka pérangan saking ajining gesang ingkang ngrembaka ing bebrayan.[9] Upacara kupatan punika dipun mangertosi minangka upacara ingkang mujudaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos ugi dados lantaran nyawijinipun para warga.[10]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Darori, Amin (2000). Islam dan Kebudayaan Jawa. Yogyakarta: Gema Media. kc. 21.
  2. Solikhin, KH. Muhammad, 2010. Ritual dan Tradisi Islam Jawa. Yogyakarta : Narasi, Cet.1
  3. Admin, Gudegnet. "Kupatan Jalasutra". Gudeg.net. Dibukak ing 2023-02-23.
  4. HK, Jatmika (2018-01-14). "Dhusun Jalasutra Bauraken Kagiyatan Agama saha Budaya Tradhisi Leluhur (saking basa Indhonésia)". Cendana News. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-23. Dibukak ing 2023-02-23.
  5. WBTB DIY, Admin (2020-09-12). "WBTB Kupatan Jalasutra". WBTB DIY. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-23. Dibukak ing 2023-02-23.
  6. Mulyadi, 2009. Upacara Tradisional Sebagai Sosialisasi DIY. Yogyakarta: Proyek P2NB Dekdikbud.
  7. Nurcahyo, Jati, dkk (2019-09-02). "Tradhisi Ritual Kupatan Jalasutra ing Srimulya, Piyungan, Bantul, Ngayogyakarta (saking basa Indhonesia)". Jurnal Khasanah Ilmu. 10: 149–153.
  8. Spd (2022-09-12). "Pawartos Tradhisi Kupatan Jalasutra Dipun Regengaken Ewonan Warga (saking Basa Indhonésia)". Yogya Pos. Dibukak ing 2023-02-23.
  9. Irwan, Abdullah, 2002. Simbol, Makna dan Pandangan Hidup Jawa: Analisis Gunungan Pada Upacara Garebeg. Yogyakarta: BPST.
  10. Endaswara, Suwardi (2012). Filsafat Sastra: Hakikat, Metodelogi dan Teori. Yogyakarta: Layar Kata.

Pranala Jaba

[besut | besut sumber]