Babad Giyanti
Serat Babad Giyanti ugi dipunwastani Babad Palihan Nagari punika salah satunggaling karya sastra sajarah Jawa ingkang énggal. Karya sastra punika anggitanipun Ki Yasadipura. Wosing karya sastra punika ngèngingi babagan sajarah pérangan tlatah Jawi wonten 13 Fèbruari 1755. Cariyosipun, sasampunipun karaton dipunpindhah wonten ing Surakarta saking Kartasura, amargi wonten ing Kartasura karaton dipunpérang déning tiyang Cina, pangéran Mangkubumi duka lan mbaléla, amargi tlatahipun dipunsudani kathah sanget, lajeng perang mungsuhi karaton Surakarta. Nalika perang, Pangéran Mangkubumi dipunbiyantu déning para pangéran sanèsipun, ingkang ugi boten remen panggalihipun. Kadosta Pangéran Mangkunagara (Samber Nyawa), panjenenganipun dipundadosaken sénopatining perang.
Patrapipun perang, Pangéran Mangkubumi sarana neluk-neukaken tlatah manca-nagari saha pasisir. Nanging, wonten ing salebeting perang Pangéran Samber nyawa misah saking Mangkubumèn, ugi malah dados mungsuhipun. Kadadosan punika amargi kekalihipun péngin dados raja tunggal. Pangéran Sambernyawa dados saingan ingkang awrat déning Pangéran Mangkubumi anggènipun pikantuk panjurung saking èlit Jawi, amargi nalika dipunpendhet suwanten antawisipun Pangéran Sambernyawa saha Pangéran Mangkubumi, ingkang pikantuk panjurung kathah inggih punika Pangéran Sambernyawa. Ningali kawontenan punika, Pangéran Mangkubumi kaliyan prajuritipun nyerang Pangéran Sambernyawa nganggé gegaman. Nanging Pangéran Mangkubumi kaliyan prajuritipun kalah, amargi Pangéran Sambernyawa sekti sanget. Salajengipun, Pangéran Mangkubumi ngginakaken cara ingkang licik, inggih supados pikantuk separo karaton Mataram. Cara kanthi licik punika nyuwun dhumateng Semarang supados maringi seeparo kuwasanipun Mataram, panjenenganipun damel prajanjèn badhé setia saha sembah sujud dhumateng Walandi sarta kersa biyantu Surakarta kaliyan Walandi anggénipun mejahi Pangéran Sambernyawa. Minangka tali prajanjèn ingkang énggal antawisipun bekas mungsuh punika, pramila Pangéran Mangkubumi maringakên garwanipun, inggih Radèn Ayu Rêtnosari saking Sukawati dhumateng Walandi utawi VOC. Pangéran Mangkubumi saèstu dados raja tunggal, kanthi asma Sultan Hamêngkubawana I wonten ing tlatah énggal ingkang dipunwastani Yogyakarta.
Wusananing perang, tanah Jawi lajeng binagi. Pangéran Mangkubumi jumeneng nata ing tanah Mataram, lan paring nama karaton Ngayogyakarta, ajejuluk Kangjeng Sultan Hamengkubuwana I.
Ingkang dados bala Kangjeng Sultan ingkang énggal punika ingkang paling sektos, inggih punika Kangjeng Gusti Mangkunagara, sadurungé pisah, Adipati Puger (Martapura), Tumenggung Prawiradirja, Tumenggung Suryanagara (Suwandi) lan liya-liyané.
Saking pamrayoginipun Kumpeni, ingkang kala punika ngréncangi karaton Surakarta, Pangéran Mangkunagara kapurih teluk ing Surakarta; kalampahan, lajeng jumeneng Mangkunagara I. Bibaripun perang sampun jamanipun Sunan Pakubuwana III.
Babad Giyanti punika isinipun visi Ki Yasadipura prakara palihan nagari punika.
Ringkesan
[besut | besut sumber]Warsa 1746 punika warsa ingkang bebayani kanggé tlatah Jawi, amargai wonten ing warsa punika tlatah Jawi tansah nandang cilaka. Wonten ing warsa 1746, Kasunanan Mataram kèlangan sadaya pasisir sisih lèr saha sadaya tlatah antawisipun Pasuruan kaliyan Banyuwangi. Taksih wonten ing warsa punika, wonten perang ingkang ndadosaken Mataram kelangan pérangan tlatah separo malih saking tlatah ingkang taksih dipungadhahi. Salajengipun, wonten ing warsa 1755 nalika prajanjén karukunan dipuntapakastani, sepalih kang ndunungi Jawi tiwas.
Bebaya punika kawiwitan saking prajanjèn antawisipun Sunan Pakubuwana II saha VOC. Wosing prajanjèn punika, manawi VOC saged biyantu ngicalaken pambrontakkan, Sunan Pakubuwana II badhé maringaken tlatah pasisir sisih lèr saha tlatah Jawi sisih wétan. Sapunika, VOC ingkang dipunwakili Van Imhoff nagih janjèn. Sunan Pakubuwana II ngleresaken manawi panjenenganipun naté damel janjèn kados punika, nanging pamanggih Sunan Pakubuwana II nalika damel janjèn punika panjenenganipun saweg kepépèt, saweg betahaken pitulungan supados saged oncat saking karaton sawatawis.
Leres manawi kapamrèntahan Sunan Pakubuwana II (1726-1749) boten asring katingal rukun. Tiyang Tionghoa ingkang balèla saha ngawontenaken pambrontakan, kanthi pamanggih ingkang boten trep saha sajatosipun boten wonten gegayutanipun kaliyan Sunan, inggih punika amargi tiyang Tionghoa sampun dipunpejahi wonten ing Batavia wonten 1740 saha pambrontakan wonten ing Madura ingkang njalar dumugi Jawi Wétan. Ingkang sanèsipun wonten ing Mataram piyambak, kathah pangéran-pangéran “warisan” ramanipun, ingkang brontak nyuwun kakuwasan sarta intrik-intrik karaton. Salah satunggaling pangéran ingkang mbebéda Sunan Pakubuwana II inggih punika kang masipun piyambak, nun inggih Pangéran Mangkunagara. Salajengipun Sunan Pakubuwana mbucal Pangéran Mangkunagara wonten ing Sri Lanka kanthi pambiyantunipun VOC. Nanging kawontenan punika dadosaken Radén Mas Said, putranipun Pangéran Mangkunagara brontak saha ngwales dhumateng pak likipun, Sunan Pakubuwana II. Amargi Sunan Pakubuwana boten saged ngalahaken Radén Mas Said, panjenenganipun damel sayembara. Wosing sayembara punika kanggé sinten kémawon ingkang saged mbucal Radén Mas Said, badhé dipunparingi imbalan. Wonten salah satunggaling rayi Sunan Pakubuwana II, Pangéran Mangkubumi saged mbucal Radén Mas Said. Nanging patih Sunan Pakubuwana II boten sarujuk kaliyan imbalan ingkang badhé dipunparingaken amargi sajatosipun Sunan Pakubuwana II boten gadhah punapa kemawon.
Prekawis kaliyan Pangéran Mangkubumi saéstu kadadosan nalika Van Imhoff saweg nyuwun “audiensi” wonten ing karaton. Sejatosipun, Van Imhoff kersa biyantu Sunan Pakubuwana II, pramila panjenenganipun ngendika dhumateng Pangéran Mangkubumi ngèngingi tuntutanipun ingkang boten wajar wonten ing pasamuwan ageng. Salajengipun, Sunan Pakubuwana II ngirangi ngantos kalih per tiga saking imbalan ingkang sampun dipunjanjèkaken. Pangéran Mangkubumi lingsem saha boten saged manawi tetep manggén wonten ing karaton. Pramila, Pangéran Mangkubumi tindak saha madosi Radén Mas Said, kemenakan ingkang sampun dipunusir piyambakipun.
Perang kadadosan, Sunan Pakubuwana II kaliyan sekuthunipun, VOC namung saged njagi panggénanipun piyambak. Mungsuhipun nyerang sadaya tlatah Jawi. Pangéran Mangkubummi nerapaken taktik gerilya. Ancasipun Pangéran Mangkubumi boten namung ngwales, nanging panjenenganipun péngin dados Sunan. Nalika perang kadadosan, Sunan Pakubuwana II nandang gerah, lajeng tilar donya wonten 1749. Pramila makaten, Pangeran Mangkubumi ngandharaken dhumateng sadaya kanthi wicara keras manawi panjenenganipun dados Susuhunan ingkang énggal saha damel karaton ing Yogyakarta. Amargi Surakarta saha VOC boten sarujuk, putra Sunan Pakubuwana II dipundadosaken Sunan Pakubuwana II, pramila wonten ing wekdal punika wonten kalih Susuhunan ing tlatah Jawi.
Wonten ing wekdal punika, katingal sanget manawi kakalih Susuhunan punika imbang, boten wonten ingkang saged dipunkalahaken satunggal lan satunggalipun. Gubernur-Jendral Van Imhoff ugi tilar donya wonten ing 1750 saha dipun-gantos déning Jacob Mossel. Salajengipun Pangéran Mangkubumi sampun boten rukun malih kaliyan Radén Mas Said saéngga kawontenanipun owah. Radén Mas Said ugi péngin dados raja. Wonten ing warsa 1754 dipunwontenaken rerembugan antawisipun Pangéran Mangkubumi kaliyan VOC kanthi boten ngajak Radén Mas Said saha Sunan Pakubuwana III. Pangéran Mangkubumi nyuwun biyantu dhumateng VOC kanggé ngalahaken Radén Mas Said, kanthi imbalan separo tlatah Mataram ingkang taksih dipungadhahi. Wonten 13 Fèbruari 1755 prajanjén punika dipuntapakasmani ing Dusun Giyanti. Salajengipun, Pangéran Mangkubumi saèstu dados raja kanthi asma Sultan Hamengkubuwana I. Sunan Pakubuwana II boten saged punapa kémawon, namung pasrah ing pandum. Kalih warsa salajengipun, 1755 Radén Mas Said badhé mandegi perang, nanging wonten syaratipun nun inggih panjenenganipun angsal dados raja. Pungkasan, tuntunan punika dipunsarujuki. Radén Mas Said pikantuk tlatah ingkang dipunpendhet saking tlatah Surakarta saha pikantuk asma Pangéran Adipati.
Catetan:
[besut | besut sumber]Perjanjian Giyanti, tanggal 13 Februari 1755 dumunung wonten ing tlatah Jantiharja, Karanganyar, Surakarta.[1].
Referensi
[besut | besut sumber]- ↑ Sejarah Raden Tumenggung Setrowidjojo I (1757-1812) dan II (1812-), disalin dening R. Imam Soejono