Gebang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Gebang
Cory utan 070909 0263 rwg.jpg
Wit gebang kang wis tuwa
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Arecales
Famili: Arecaceae
Génus: Corypha
L.
Spésies: C. utan
Jeneng binomial
Corypha utan
Lamk.
Sinonim
Corypha elata Roxb.
C. gebanga Bl.

Gebang ya iku jeneng tuwuhan saka jinis palma kang gedhé dhuwur, kang urip ing laladan cendhèk. Ing basa liya, tuwuhan iki diarani gabang (lDayak Ngaju), goal (Timor), pucuk, lontar utan, (Btw.), pocok (Md.), ibus (Bat., Sas.), silar (Minh.), kuala (Mak.),[1] lan liya-liyané. Jeneng ilmiyahé ya iku Corypha utan syn. Corypha elata.

Wedharan[besut | besut sumber]

Putak, digawe saka pathi wit gebang

Gebang kalebu tuwuhan palma gedhé, watang siji tanpa cawang, dhuwur watara 15-20 m. Godhong-godhongé gedhé rupa ilir, kanthi jejarèn 2-3,5 m, mlumpuk ing pucuk papah kang dawané nganti 7 m, kanthi ri ing sauruté papah. Tilas papah kang wis gogrog mbentuk pola spiral ing sadawané watang.

Gebang mung ngembang lan ngawoh sapisan, ing pungkasan uripé. Nalika wayahé bakal ngembang, godhong-godhongé garing banjur thukul kembang kang gedhéné dhompolan 3-5 mèter, kang dumadi saka éwonan kembang cilik warna kuning semu ijo lan ngganda arum. Wohé bunder, gedhéné 2–3 cm.

Amarga ngembangé mung sapisan, ing jaman saiki ana wong kang gumun bisa nemoni wit gebang kang ngembang lan ngawoh. Apa manèh menawa wité urip ing papan kang wingit. Sapérangan masyarakat ing Karawang nggunakaké woh gebang ing kuburan Bupati Karawang Adipati Singaperbangsa kanggo tasbèh amarga dianggep nduwèni daya linuwih.[2][3]

Ékologi lan sebaran[besut | besut sumber]

Palem iki thukul ing laladan cendhèk nganti 300 m dpl. Gebang seneng ing papan kang tenggar, pinggir kali lan banarawa, lan kadhang uga ing pèrèngan gunung. Ing papan kang cocok kang lumrahé ora adoh saka segara, wit gebang uga kadhang thukul gegrumbulan dadi alas.

Woh gebang sumebar adoh saka asalé kanthi mèlu iliné banyu. Nalika wis thukul lan dadi cikal, wit gebang angèl dipatèni senajan kanthi dibabat entèk lan diobong, kejaba didhongkèl nganti tunggaké. Gebang uga bisa tahan urip ing dhaérah kang garing kaya ta ing laladan NTT.[4]

Gebang sumebar amba, saka India ngliwati Asia Kidul Wétan, Filipina lan Indonésia nganti Ostrali iring lor.

Pigunan[besut | besut sumber]

Ron gebang kalebu wulet. Saka godhong kang nom, bisa diirat dadi agel, kang sawusé diolah bisa dadi warna-warna hastakriya[5] lan malah asilé nganti bisa diekspor.[6] Ing jaman kapungkur uga kanggo karung goni. Tanpa diirat, godhong gebang bisa dinam kanggo gawé klasa lan kudhung/caping 

Ing padésan, godhong gebang kanggo tali, umpamané kanggo nalèni wungkusan growol. Godhong kang disuwiri kanggo tali buntelan témpé. Déné godhong kang wutuh dipasang ing sendharèn layangan.

Tuwuhan gebang isih akèh ing NTT. Ing Taman Nasional Komodho, anané gebang banget wigatiné amarga wit gebang sing wis mati dadi papan kanggo ndhelik anakan mencawak komodho (Varanus komodoensis) supaya ora dipangan komodho kang diwasa.[7] Sasuwéné mapan ing kono, anakan komodho mangan manuk kakatua jambul kuning (Cacatua sulphurea) kang uga seneng nyusuh ing kono.[8]

Tumrap masyarakat NTT, wit gebang uga dadi sumber pangan. Kayu gebang disigari lan dipépé nganti garing banjur didheplok nganti ajur lan dikum. Liré supaya dheplokan mau bisa medhok lan bisa misah antarané pathi lan ampasé.[9] Dadi cara njupuk pathiné kaya pangolahing kayu sagu. Pathi gebang kang diarani putak bisa diolah dadi panganan tradhisional.[10] Pathi gebang uga dimanfangataké kanggo pakan rajakaya kaya ta sapi lan babi.[11]

Saka akèhé manfangat tumrap manungsa lan raketé sesandhingan saben dina, akèh désa kang banjur dijenengi gebang.[12]

Rujukan[besut | besut sumber]

Tatanan godhong gebang kanggo payon omah kang diarani lopo, ing Ayotupas, Timor Tengah Selatan
  1. Sastrpradja, Setijati; Mogea, Johanis Palar; Sangat, Harini Murni; Afriastini, Johar Jumiati (1981). Palem Indonesia. 13:26 – 27. Jakarta:LBN-LIPI bekerjasama dengan Balai Pustaka.
  2. Karawang, Harian Umum Radar. "Biji Gebang Dikeramatkan". www.radar-karawang.com. Dijupuk 2018-01-23. 
  3. "Dianggap Bertuah Warga Karawang Buru Biji Pohon Gebang di Makam Keramat". targetabloid.co.id. Dijupuk 2018-01-23. 
  4. "Potensi Gewang Di Provinsi Nusa Tenggara Timur – Balai Penelitian Tanaman Palma". balitka.litbang.pertanian.go.id (ing basa Indonesia). Dijupuk 2018-01-23. 
  5. Soraya, Putri (2011). Studi Industri Kerajinan Serat Agel Di Désa Salamrejo Kacamatan Sentolo Kabupatèn Kulon Praga. 
  6. Mediatama, Grahanusa. "Kerajinan serat agel makin menggiurkan saja". kontan.co.id. Dijupuk 2018-01-23. 
  7. "Menilik Kehidupan Komodo, Kadal Raksasa dari Belahan Indonesia Timur - Tribun Jogja". Tribun Jogja (ing basa Indonesia). Dijupuk 2018-01-24. 
  8. "Kembali ke Prasejarah di Pulau Komodo". Media Indonesia (ing basa Indonesia). 2017-11-11. Dijupuk 2018-01-24. 
  9. Liputan6.com. "Beras Minim, Pohon Gewang Menjadi Pilihan". liputan6.com. Dijupuk 2018-01-24. 
  10. "“PUTAK atau Puta Laka” Bukan Makanan Ternak | Fajar Timor". www.fajartimor.com (ing basa Inggris). Dijupuk 2018-01-24. 
  11. "Manfaatkan Isi Batang Pohon Gewang, Dosen Undana Peroleh Gelar Doktor Fapet UB". prasetya.ub.ac.id (ing basa Indonesia). Dijupuk 2018-01-24. 
  12. Santosa, Imam Budhi (2017). Suta Naya Dhadhap Waru, Manusia Jawa dan Tumbuhan. 2017: interlude. k. 143. ISBN 9786026250421. 
Thukul ing pèrèngan, sacedhaké Ayotupas