Kemuning

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kemuning
Gambar garis Murraya paniculata, nedahaké kembang lan woh
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
(unranked): Angiospermae
(unranked): Eudicots
(unranked): Rosids
ordo: Sapindales
kulawarga: Rutaceae
Genus: Murraya
Species: M. paniculata
Jeneng binomial
Murraya paniculata
(L.) Jack

Kemuning utawa Murraya paniculata yaiku kagolong wit tetanduran kanthi watang lan pang sing ngandhut kayu , godhong lan woh. Wit kemuning kagolong tetanduran kang bisa dimumpangataké kanggo bonsai. Kembang kemuning mrekok ana ing wayah wengi lan ambuné wangi.

Pratélan[sunting | sunting sumber]

Kemuning biyasa tuwuh liar ing grumbul, pinggir alas, utawa ditandur minangka pethètan lan tanduran pager. Kemuning bisa ditemokaké nganti èlevasi ± 400 m sadhuwuring lumahing segara. Variasi morfologi akèh banget. Sing biyasa ditandur minangka pager pekarangan, biyasané jinis sing nduwèni godhong cilik lan ketel. Semak utawa wit cilik, duwé pang akèh, dhuwur 3 - 8 m, wité atos, mawa alur, ora duwé eri. Godhong majemuk, mawa sirip ganjil kanthi anak godhong 3 - 9, tuwuhé selang seling. Lembaran anak godhong mawa tangkai, wangun lonjong sungsang utawa jorong, pucuk lan pangkal lancip, pinggir rata utawa rada beringgit, dawa 2 - 7 cm, amba 1 - 3 cm, lumahing godhong rata, gilap, wema ijo, yèn diremes ora mambu. Kembang majemuk awangun tandhan, 1 - 8, wernané putih, wangi, metu saka kèlèk godhong utawa pucuk pang. Woh buni mawa daging, lonjong utawa bunder rada dawa, dawané 8 - 12 mm, nalika isih enom ijo, sawisé tuwa malih abang gilap, awiji loro.

Kandhutan[sunting | sunting sumber]

  • Godhong: godhongé ngandhut cardinene,methyl anthranilate,bisabolene,betha-coryophyllene,geraniol,carene-3,eugenol,citronellol,methyl salicilate,s-quaiazulene,osthole peniculation,lan coumurrayin.[1].
  • Kulit: kulité ngandhut Mexotionin, lan coumarin.[1]
  • Kembang: kembangé ngandhut scopoletin.[1]
  • Woh: wohé ngandhut semi-alfa-carotenone.[1]

Jeneng lokal[sunting | sunting sumber]

Kamuning (Sundha), kemuning; Kajeni, kemuning, kemoning (Bali), kamoneng (Madura); Kamuning (Menado, Makasar), kamoni (Bare), palopo (Bugis).; Kamuni (Bima). eseki, tanasa, kamone, kamoni (Maluku).; Jiu li xiang, yueh chu (China), Orange jessamine (Inggris).

Khasiyat[sunting | sunting sumber]

Panyakit sing bisa diobati [2] ing antarané radhang buah zakar (orchitis), radhang saluran napas (bronkhitis), ; Infèksi saluran uyuh, nguyuh nanah, kaputihan, lara untu,; Haid ora teratur, lemak awak kakèhan, pelangsing awak, ; Nyeri tukak (ulkus), kulit kasar, njarem,; Rématik, keseléo, dientup srangga lan dicakot ula, ekzema,; Bisul, korèng, epidemik encephalitis B, tatu ing kulit.

Galeri[sunting | sunting sumber]

Rujukan[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d (id)[Sofyan Tsauri.2005.Ramuan Tradisional Madura.Jakarta:Penebar Swadaya]
  2. ^ Ipteknet:Tanaman Obat

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kemuning&oldid=829500"