Menyang kontèn

Karaté

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Karate
(空手)

Hanashiro Chomo
Nama sanés Karate-dō (空手道)
Fokus Striking
Tingkat kekerasan Kontak penuh
Saking negeri Jepang Japan (Ryukyu Islands lan [[Seni

bela diri Cina]] kenpō lan salajengipun dipunkembangaken ing Jepang)

Pangripta Sakukawa Kanga; [[Sokon

Matsumura|Matsumura Sokon]]; Itosu Anko; [[Gichin Funakoshi]]

Seni pendahulu Seni bela diri China, Seni bela diri asli saking

Ryukyu Islands (Naha-te, Shuri-te, Tomari-te)

Olahraga Olimpiade Tidak

Karaté (空 手 道) inggih punika salah satunggalipun ulah raga saking nagari Jepang.[1] Wiwitanipun karaté gadhah nama Tote ingkang tegesipun tangan China.[1] Nanging seratan Tote dipunowahi ing seratan Kanji Jepang dados karaté.[1] Tegesipun karaté inggih punika tangan kosong. Kara tegesipun tangan, te tegesipun kosong.[1]

Sejarahipun Karaté

[besut | besut sumber]

Ilmu bela dhiri punika sajatosipun sampun wonten awit manungsa wonten, prakawis punika saged dipuntingali saking tilas purbakala kados ta: kapak watu, lukisan kéwan ingkang dipunpejahi nganggé gaman kados tumbak lan panahan.[2] Bela dhiri ing wekdal punika taksih gadhah sipat kanggé njagi saking gagguanipun kéwan.[2] Nanging wiwit kathahipun tiyang ing donya, gangguan saking manungsa ugi wonten saéngga kathah tiyang ingkang minat ngudi èlmu bela dhiri.[2] Sampun kasebat ing 4000 taun kepengker, sasampunipun Sidhartha Gautama séda, lajeng para pandherekipun pikantuk amanat supados ngrembakaken agama Buda ing alam donya.[2] Nanging amargi saking angelipun medhan, lajeng para pendheta dipunparingi sangu ngèlmu bela dhiri.[2] Misi nyebaraken agami Buda dhateng arah kilèn ndhèrèk ngrembakaken èlmu Pangkration utawi Wrestling ing Yunani.[2] Misi ingkang dhateng kidul ngrembakaken pencak silat.[2] Ingkang dhateng lèr njelajahi nagari China ngrembakaken kungfu.[2] Saking nagari China rombongan ingkang dhateng Koréa ngasilaken bela dhiri ingkang sapunika dipunsebat Taekwondo.[2] Saking Koréa pranyata rombongan punika boten saged nglajengaken lampah dhateng nagari Jepang, namung dumugi kepulauan Okinawa.[2] Rombongan boten saged mlebet Jepang amargi ing wekdal punika Jepang sampun ngrembakaken ngèlmu bela dhiri Jujitsu, Judo, Kendo, lan èlmu perang utawi Kenjutsu.[2] Ing taun 1600-an, Karajan Jepang sampun nguwasani Okinawa.[2] Karajan Jepang mrentah Okinawa kanthi tangan wesi, warganipun boten kepareng gadhah gaman utawi sanjata tajam, ngantos boten angsal gadhah tongkat.[2] Kanthi boten dipunmangertosi déning pihak pamaréntah karajan Jepang, bangsa Okinawa nyinaoni èlmu bela dhiri kanthi tangan kosong ingkang ing wekdal punika dipunparingi asma Tote.[2] Saking satunggal teknik ngantos teknik sanèsipun, èlmu bela dhiri punika dipunsinaoni kanthi temen lan para pendheta ndhèrèk ngrembakaken èlmu bela dhiri punika.[2] Salajengipun ing taun 1921 salah satunggalipun warga Okinawa ingkang namanipun Gichin Funakoshi nepangaken èlmu bela dhiri saking TOTE punika ing Jepang, lajeng namanipun dipun-gantos dados nama karaté, manut kaliyan aksen Jepang wonten ing cara maosipun huruf Kanji.[2] Awit ing wekdal punika karaté ngrembaka ing Jepang.[2]

Sumangga dipunpirsani

[besut | besut sumber]

Karaté ing Indonésia

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d Jadi Jagoan Karate Archived 2011-05-25 at the Wayback Machine. (dipunakses ing tanggal 8 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q SEJARAH KARATE & FORKI Archived 2013-02-01 at the Wayback Machine. (dipunakses ing tanggal 8 Juni 2011)