Menyang kontèn

Jambé

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Jambe)
Wit Jambe
Lukisan saka Koehler
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Arecales
Famili: Arecaceae
Génus: Areca
Spésies: A. catechu
Jeneng binomial
Areca catechu
L.

Jambé uga diarani pinang, wohan, penang. Jeneng latiné Areca catechu L..[1] Ing saben laladan, pinang duwé jeneng kang warna-warna.[1] Ing Jawa Kulon diarani jambé, penang utawa wohan.[1] Ing Sumatra diarani pinang, pineng, pineung, batang mayang, batang bongkah, batang pining, batang pinang, lan boni.[1] Ing Bali diarani banda, ing Makassar diarani rapo, ing Ternate diarani hena.[2]

Jambé lumrahé thukul ing latar omah, ing pinggir dalan utawa kali.[1] Jambé uga dimupangataké kanggo kaéndahan kutha lan kanggo penghijauan.[1]

Dhèskripsi

[besut | besut sumber]

Wit jambé dhuwuré 10-30 méter lan dhapuré kang éndah cocog kanggo rerenggan.[1]

Panangkaran

[besut | besut sumber]

Jambé bisa ditangkaraké kanthi nandur wijiné kang wis mateng utawa tuwa.[1] Sadurungé wiji ditandur, wiji luwih dhisik ditandur ing plastik utawa kang biyasa diarani polybag.[1] Nalika isih cendhèk, wit pinang kena kanggo rerenggan omah. Sawisé gedhé, wit jambé banjur ditandur ing njaba omah.[1]

Kagunan

[besut | besut sumber]

Jambé wis dimupangataké masarakat Indonésia wiwit jaman biyèn.[1] Jambé dienggo campuran mangan suruh utawa nginang.[1] Wong kang mangan jambé bisa duwé untu kang kuwat sanajan wis tuwa.[1]

Jus woh jambé kang isih nom bisa ngundhakaké daya karosané wong lanang.[3] Kanggo nétralisir rasa pait ing jus woh jambé bisa nganggo gula pasir.[3] Carané woh jambé dipisah saka kulité banjur dicampur karo kuning endhog pitik kampung utawa endhog bèbèk.[3] Sadurungé diblènder dicampur karo madu kang cacahé telung sendhok lan susu kenthel kang rasané legi.[3] Jus woh jambé banjur disaring ampasé.[3] Jus woh jambé iki uga cocog yèn diombé para sepuh.[3]

Wiji lan woh jambé uga kena dimupangataké kanggo pangobatan.[1] Wiji jambé kena kanggo nambani lelara beri-beri, cacingen, weteng kembung, tatu, diare, watuk riak.[1] Godhongé kena kanggo buntel panganan. Sepet jambé kena kanggo tamba beri-beri, sembelit, lan gangguan pancernan.[1] Woh jambé kang isih enom kena kanggo tamba tatu kang disebabaké kacilakan.[1]

Chatetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q self-healthy.com(dipunundhuh tanggal 8 Juni 2011)
  2. Crawfurd, John (2017). Sejarah Kepulauan Nusantara: Kajian Budaya, Agama, Politik, Hukum dan Ekonomi. Vol. 1. Dipertal déning Zara, Muhammad Yuanda. Yogyakarta: Penerbit Ombak. kc. 287. ISBN 9786022584698.{{cite book}}: CS1 maint: url-status (link)
  3. a b c d e f indosiar.com Archived 2011-11-03 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 6 Juni 2011)