Hanok

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Hanok
Ojukheon wonten ing Gangneung, Koréa Kidul
Jeneng Koréa
Hangul한옥
Hanja韓屋
Alihaksara Koréa Kang Sinampurnahanok
McCune–Reischauerhanok

Hanok punika sebatan kanggé griya tradhisional Koréa ingkang dipun-ginakaken kanggé mbédakaken kaliyan griya gaya Kilèn (Barat). Arsitektur Koréa ngetang papan griya saking lingkungan ing sakiwa tengenipun, mliginipun babagan kawontenan géografi lan mangsa (mangsa). Struktur interior ugi dipunrancang dhedhasar papanipun griya. Prinsip ingkang dipunsebat Baesanimsu (hangul: 배산임수) kanthi harfiah ngatur griya ingkang pas kanggé dipunyasa ngunduri gunung, lan lèpèn wonten ing ngajengipun griya. Hanok dipunyasa madep wétan utawi kidul supados cekap pikantuk srengéngé.[1]

Griya tradhisional Koréa dipunyasa saking bahan-bahan campuran alami kados ta dari kayu, lemah, watu, jerami, gendhèng, lan kertas. Cagak-cagak lan rèngrèngan hanok dipundamel saking kayu. Témbok kanggé ngisi rèngrèngan griya dipundamel saking campuran lemah lan suket. Kertas tradhisional Koréa (hanji) dipunpasang ing rangka jendéla, rangka lawang, lan pelapis témbok. Lantainipun dipundamel saking lemah ingkang dipunatosaken utawi watu.[2]

Pinggiring empyak ingkang mlengkung manginggil punika dipunsebat cheoma. Dawanipun cheoma nemtokaken gunggungipun cahya srengéngé ingkang mlebet ing hanok. Adhedhasar béda ingkang katingal saking ing pérangan empyak hanok dipunperang dados kalih jinis, inggih punika: giwajip (griya mawi empyak gendhèng) ingkang dinggèni déning kalangan inggil (yangban) lan chogajip (griya mawi empyak damèn) ingkang dinggèni déning kalangan wong tani. Giwajib dipunyasa mawi ngginakaken gendhèng (giwa) saéngga biaya pambangunan griya dados awis lan boten nyekapi kanggé rakyat biyasa.[2] Sewalikipun rakyat biyasa manggon wonten ing griya mawi empyak damèn ingkang pirantosipun gampil kapanggih. Hanok mawi empyak gendhèng dumugi sapunika taksih dipun-ginakaken minangka papan tinggal déné hanok mawi empyak damèn sampun dados yasan ingkang langka.

Pérangan-pérangan yasan[besut | besut sumber]

Hanok kajangkepi kaliyan ondol kanggé damel anget lantai griya nalika mangsa adhem. Tiyang Koréa lenggah, dhahar, lan saré wonten ing lantai ingkang terus dipunangetaken déning ondol. Emperan kanggé ngubungaken ruangan satunggal kaliyan ruangan sanèsipun dipunsebat daecheong (대청). Daechong punika ruangan kabikak mawi lantai saking kayu ingkang dipunyasa kanggé njagi griya supados tansah seger nalika mangsa panas. Wujudipun hanok ugi bènten-bènten miturut dhaérahipun ing Koréa. Ing Koréa pérangan lèr ingkang adhem yasan hanok dipunsusun kados persegi katutup (utawi aksara hangul: ㅁ) kanggé nahan angin lan njagi griya tansah anget. Ing Koréa pérangan tengah ruanganipun dipunsusun mbentuk aksara L (utawi aksara hangul: ㄱ). Ing Koréa pérangan kidul hanok dipunyasa kanthi ndawa kados aksara I supados angin gampil anggènipun mlebet lan medal.

Wangunan (ruangan) papan tinggal kakung lan putri punika kapisah miturut pamikiran Konfusius. Hanok kapérang saking yasan-yasan ingkang dipunsebat haengrangchae, sarangchae, anchae, lan sadang. Haengrangchae punika yasan minangka panggonipun pelayan wonten ing celakipun lawang mlebet. Sarangchae punika yasan kanggé kakung utawi kepala kulawarga, kalebet papan kanggé dhahar lan saré wonten ing pérangan ngajeng. Anchae punika yasan utami sarta papan kanggé saré tiyang èstri sarta laré-laré alit lan mapan wonten ing pérangan njero tebih saking lawang mlebet. Ruangan kanggé altar leluhur dipunsebat sadang.[1] Plataran wonten ing tengah yasan dipunsebat madang, lan yasan gudang dipunsebat gwangchae. Kajawi punika, hanok ugi asring gadhah cerobong beluk lan pintu gerbang (munganchae).

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b "Hanok". Korean.net. 
  2. a b "Hanok (Traditional Korean House)". Koréa Sparkling. 

Pranala njawi[besut | besut sumber]