Haedar Nashir

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Haedar Nashir
Haedar Nashir.jpg
Haedar Nashir pada tahun 2018
Ketua Umum Pimpinan Pusat Muhammadiyah 15
Wiwit linggih
6 Agustus 2015
Kang sadurungéProf. Dr. KH. Din Syamsuddin
Kang sawiséPetahana
Rerincèn dhiri
Lair (1958-02-25) Fèbruari 25, 1958 (umur 63)
Indonésia Bandung, Jawa Barat
BangsaIndonesia
SisihanDra. Hj. Siti Noordjannah Djohantini, M.M., M.Si.
PilungguhNgayogyakarta
AlmamaterSTPMD Yogyakarta (S1)
Universitas Gadjah Mada (S2)
Universitas Gadjah Mada (S3)
Universitas Muhammadiyah Yogyakarta (Profesor)
AgamaIslam

Haedar Nashir (lair ing kutha Bandhung, surya 25 Februari 1958) iku salah sawijining cendekiawan Islam kang uga dadi lurah PP Muhammadiyah pinilih 2015-2020. Ing sajeroning Muhammadiyah, mligi ing kalangan aktivis IMM, jeneng Haedar Nashir banget tinepung. Panjenengané naté dadi sekretaris nalika Ahmad Syafii Maarif lungguh minangka lurah umum.[1] Minangka anggota sarékat Muhammadiyah, panjenengané mecaki karir wiwit saka ngisor nganti tekan ndhuwur.[2] Kawit cilik Haedar Nashir wis seneng marang organisasi kanthi mlebu ing IPM. Panjenengané uga naté dadi lurah rédhaksi Suara Muhammadiyah lan akèh nulis ngenani Muhammadiyah. Tulisané wujud ésai uga asring kapacak ing kalawarti Suara Muhammadiyah ing rubrik "bingkai". Panjenengané uga nulis buku kanthi asesirah Muhammadiyah sebagai Gerakan Pembaharuan kang dadi salah siji karyané kang mligi.[1] Haedar Nashir tinepung minangka panitra kang asring mbabar tulisané dadi buku. Sawenèh buku kang naté dicithak yaiku Memahami Ideologi Muhammadiyah, Islam Syariat, Muhammadiyah Abad Kedua, lan Menggugat Modernitas Muhammadiyah: Refleksi Satu Abad Perjalanan Muhammadiyah.[3]

Pawiyatan[besut | besut sumber]

Haedar Nashir kawit isih cilik wis digulawenthah déning pawiyatan agama mliginé Islam. Nalika tataran pawiyatan dhasar, panjenengané wis mlebu ana Madrasah Ibtidaiyah, Ciparay, Bandhung. Sawisé kuwi, panjenengané mlebu ana pawiyatan SMP Muhammadiyah 3 lan pawiyatan umum kaya SMA Negeri 10 Bandhung. Panjenengané uga naté dadi santri ing pondhok pesantrèn Cintawana, Tasikmalaya, Jawa Kulon.[4] Sawisé lulus SMA, Haedar Nashir banjur lunga menyang Ngayogyakarta mlebu pawiyatan luhur Sekolah Tinggi Pembangunan Masyarakat Desa (STPMD) kanthi nggawa gelar lulusan kang becik dhéwé. Semono uga ing program pascasarjana, panjenengané bisa lulus S2 lan S3 Sosiologi ana ing Universitas Gadjah Mada.[4]

Karir[besut | besut sumber]

Haedar Nashir gandhok ing Muhammadiyah kawit taun 1983. Nalika iku panjenengané kadhapuk minangka warganing Pangurus Pusat Ikatan Pelajar Muhammadiyah. Kariré mundhak ing 1985-1990 nalika Haedar Nashir lungguh minangka dhéputi Kadher PP Muhammadiyah éngga dadi lurah Badan Pendidikan Kader lan Pembinaan Angkatan Muda Muhammadiyah. Saka organisasi Muhammadiyah, panjenengané pinitaya dadi sekretaris PP Muhammadiyah éngga dadi lurah PP Muhammadiyah. Ing Muktamar Muhammadiyah ka-47 ing Kutha Makassar, Sulawesi Kidul nalika Jemuwah ésuk 7 Agustus 2015, Haedar Nashir antuk swara paling akèh. Panjengané kasil nglumpukaké 1.987 swara, banjur kasusul Yunahar Ilyas kanthi 1.928 swara, Abdul Mu'ti kanthi 1.802 swara, Dahlan Rais kanthi 1.827 swara, lan Busyro Muqoddas kanthi 1.881 swara. Panjenengané kanthi resmi dadi lurah PP Muhammadiyah.[2] Ing muktamar iku, garwané, Siti Noordjannah Djohantini, uga nambah mangsa lelabuhané dadi lurah umum PP Aisyiyah. Saloron banjur nututi tapak pangadeg Muhammadiyah KH Ahmad Dahlan lan garwané Siti Walidah kira-kira saabad kapungkur ing jaman adegé Muhammadiyah.[5] Ing sesorahé kapisan minangka lurah umum, Haedar Nashir mratélakaké bakal nggawa Muhammadiyah dadi luwih maju, modhèren, lan piguna minangka organisasi Islam kang ngusung ancas pepadhang. Haedar Nashir uga prasetya nggawa Muhammadiyah kang luwih dhinamis nganti entèk mangsa bektiné. Panjenengané kepéngin Muhammadiyah samsaya akèh pisungsungé marang umat, bangsa, lan donya.[3]

Modherasi Indoneésia[besut | besut sumber]

Gagasané Haedar Nashir ngenani modherasi ing Indonésia ingendikakaké ana sesorah nalika panjenengané kinepyak minangka mahaguru Sosiologi Universitas Muhammadiyah Yogyakarta kanggo nglawan gagasan radhikalisme, térorisme, lan èkstrèmisme kang dina-dina iki ngrembaka ing donya internasional lan Indonésia. Miturut panjenengané, kanthi anané médhia sosial, kabèh pawarta bisa mlebu ing ngendi waé tanpa wates wektu lan bisa teka ing satengahing bebrayan. Radikalisme kang ngrembaka dina iki pancèn bener anané, nanging konsèp lan aspèk radhikalisme ing gagasan utawa kasunyatan satemené asipat universal. Mituruté, radhikalisme kang lumaku saiki aja didadèkaké siji rujukan agama, nanging akèh "oknum" kang tumindak-tumindak sèdhèng lan isih akèh tuladha liyané, ora mung agama Islam.[6]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b Tirto, Redhaktur. "Haedar Nashir". Tirto.id. Dibukak ing 2021-06-11.
  2. a b Viva, Redhaktur. "Haedar Nashir". Viva. Dibukak ing 2021-06-11.
  3. a b Suriyanto, Suriyanto (2015-08-07). "Haedar Nashir Panitera lan Dhosen kang dadi Ketum Muhammadiyah". CNN. Dibukak ing 2021-07-11.
  4. a b Muhammadiyah, id (2020-07-12). "Profil Haedar Nashir". Schmu.id. Dibukak ing 2021-07-11.
  5. Tempo, Redhaktur (2015-08-07). "Profil Haedar Nashir Ketua Umum Muhammadiyah kang Anyar". Tempo.co. Dibukak ing 2021-07-11.
  6. Bawi, Al (2019-12-14). "Haedar Nashir sang Moderat Otentik". Ikatan Pelajar Muhammadiyah. Dibukak ing 2021-07-11.