Menyang kontèn

Anthurium

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Gelombang Cinta)
Anthurium
Anthurium andraeanum
Flamingo Lily
kembang
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiospermae
Unranked: Monocots
Ordho: Alismatales
Famili: Araceae
Génus: Anthurium
Jeneng binomial
Anthurium andraeanum

Anthurium utawi Gelombang cinta kalebet tetaneman saking kulawarga Araceae ingkang misuwur kanthi nama tales-talesan.[1] Taneman ingkang gadhah ron ingkang saé punika taksih satunggal kulawarga kaliyan taneman hias ingkang misuwur, kados ta aglaonema, philodendron, keladi hias, lan alokasia. Ing kulawarga araceae, Anthurium punika kalebet génus ingkang cacahipun ingkang kathah piyambak. Kinten-kinten wonten 800 jinis utawi spésies[1]. Nanging, ingkang kerep dipunkawruhi punika namung kirang saking 100 spésies[1].

Taneman punika kalebet jinis taneman ijem langgeng utawi taneman ingkang boten tepang kaliyan mangsa dormansi. Wonten ing alam, padatanipun taneman punika gesang kanthi cara epifit kanthi nèmpèl wonten ing gagang wit. Saged ugi gesang kanthi cara terestrial ing wana.

Ingkang dados kawigatosan saking anthurium inggih punika wangun ronipun ingkang saé, unik, kaliyan kathah variasinipun. Ronipun padatan gadhah warni ijem tuwa kanthi urat lan balung ron radi ageng lan cetha. Saéngga ndadosaken taneman punika katon gagah nanging tetep ngatonaken éndahipun nalika diwasa. Boten gumun manawi taneman punika gadhah tipak méwah lan èkslusif. Rumiyin, anthurium kathah dipundadosaken taneman hias ing taman lan wonten ing karaton-karaton Jawi. Ngendikanipun, dipunpuja minangka taneman para raja.

Anthurium dipunbèntenaken dados kalih, inggih punika jinis anthurium ron lan jinis anthurium sekar. Anthurium ron gadhah kawigatosan ing wangun-wangun ronipun ingkang langkung mirunggan. Sauntawis anthurium sekar, gadhah kawigatosan wonten ing jinis sekaripun ingkang kathah saking kasil hibrid utawi spésies. Padatanipun jinis anthurium sekar dipundadosaken sekar potong.

Anthurium punika gadhah daya pangaribawa, dhumateng tiyang ingkang remen dhumateng tetaneman. Ajang pamèran lan pawarta médhia saya anambah héboh kompetisi regi manéka jinis tetaneman hias ingkang boten patia cetha leres paédahipun[2]. Sapunika, généya masarakat saged remen sanget marang tetaneman hias punika saéngga kanthi ikhlas ngedalaken arta puluan yuta rupiyah dumugi atusan yuta rupiyah kanggé mundhut taneman punika[2].

Wonten jinis kulawarga anthurium ingkang dipuntepangi para pedagang tetaneman, ing antawisipun inggih punika indokeri lan cemani.[3] Bèntenipun kaliyan gelombang cinta punika saking wangun watang lan ronipun[3]. Ron gelombang cinta radi jembar lan panjang kanthi watang ijem, manawi indokeri ronipun panjang kanthi watang semu abrit[3]. Reginipun ugi bènten sakedhik kémawon[3].

Manéka jinis

[besut | besut sumber]

Sapérangan jinis anthurium ing antawisipun inggih punika[1]:

  • Araliifolium ingkang gadhah ciri khas: wangun ronipun ndriji, mbok manawi celahipun boten lebet, urat ronipun sakedhik nanging radi kasar saéngga dados motif ingkang saé sanget, wangun ron mèmper A, predactil enèm, lan gagang ronipun panjang, wonten wulunipun, lan lekat ing watangipun[1]. Araliifolium punika asalipun saking tlatah Brazil[1].
  • Clarinervium ingkang gadhah ciri khas, sosok ron mbentuk ati ngantos jembar lan panjang mèh saimbang, lumahan ronipun ijem kapérakan alus kados déné bludru, kanthi balung ron warni pérak , sosok ronipun mèmper A, crystallinum nanging langkung sempit, lan reroncèn ron langkung kompak[1]. Clarinervium punika asalipun saking tlatah Meksiko[1].
  • Clidomioides ingkang gadhah ciri khas: sipatipun epifit lan padatan mrambat ing wit, gagangipun alit nanging kiyat, rosipun radi panjang kinten-kinten 6 – 10 cm, wangun ronipun kados ati, kados kulit babi (jinis philodendron ingkang misuwur amargi ronipun kasar). Wernanipun ijem sepuh lan gagangipun kados suruh. Taneman punika asalipun saking Costa Rica.
  • A.coreaceae ingkang gadhah ciri khas: wangunipun kados golok ingkang pucukipun lancip, ronipun alus lan wernanipun ijem sepuh lan urat ronipun boten patiya cetha. Jinisipun wonten 2, inggih punika; gagangipun panjang lan cendhak. Varian sanès inggih punika ingkang ronipun ijem silver asalipun saking Brazil lan Argentina.
  • A. corrugatum ingkang gadhah ciri khas: wangun ronipun kados ati nanging panjang lan pinggiranipun lurus lajeng kados segitiga sami suku. Ronipun kasar kados kulit babi. Ronipun dipunsokong nganggé gagang ingkang panjangipun kinten-kinten 20–30 cm. Taneman punika asalipun saking Kolombia.
  • A.digitatum ingkang gadhah ciri khas: wangun ronipun kados driji kanthi 7 anak ron, kados ron wali songo lan dipunsokong nganggé gagang ingkang panjangipun 30–40 cm. Gagangipun tuwuh saking ros ingkang inggilipun 10–30 cm. Taneman punika asalipun saking Venezuela.
  • A. fortunatum (A. pedatum) ingkang gadhah ciri khas: kalebet kelompok ron ndriji, cekokanipun radi lebet saéngga kados kempalan anak ron. Ingkang paling lebet paling panjang. Sedaya anak ron gadhah motif kados eri ulam. Ron dipunsokong nganggé gagang ingkang panjangipun 40–60 cm. Gagangipun antawis 10–25 cm. Ing rosipun wonter oyod udara. Taneman punika asalipun saking Kolombia.


Jinis pot

[besut | besut sumber]

Wonten kathah pot ingkang saged dipunpilih. Saben pot gadhah kaluwihan lan kakirangan.[4].

Pot plastik [4]. Kaluwihanipun: langkung awèt, ènthèng, lan reginipun rélatif langkung mirah[4]; gampil kapanggih[4]; lan warni, wangun lan ukuranipun manéka warni[4]. Kakiranganipun: pot plastik boten gadhah pori-pori ingkang saged mesthèkaken supados toya tetep saged mrembes nalika kebak.[4] Perkawis punika damel ilèning toya ing médhia tanem ugi dados kirang lancar.[4] Èfèkipun, suhu ing pot gampil minggah saéngga saged nganggu anthurium [4].

Pot porselén utawi tembikar. Reginipun rélatif langkung awis. Boten gampil dipunangkat amargi awrat. Pot punika ugi boten gadhah pori-pori. Kaluwihanipun, pot keramik kathah jinisipun, saking ingkang polos ngantos ingkang wonten corakipun. Remen boten remen, anthurium langkung katingal saé manawi dipunsèlèhaken ing pot keramik.

Pot semèn. Pot semèn manéka warni wangunipun lan padatan dipunsukani ornamèn kados déné pecahan beling, kulit kécé utawi krikil. Dhindhingipun gadhah pori-pori, dados manawi toyanipun kaluwihan saged medal. Repotipun, padatan pot punika awrat. Dipunbetahaken langkung kathah tiyang kanggé ngangkat.

Pot siti lempung. Dhindhingipun gadhah pori-pori, njamin toya botan kekathahen ing lebet médhia saéngga suhu ing lebet médhia ugi stabil. Kaluwihan sanès, pot punika boten awrat lan reginipun langkung mirah. Nanging pot punika langkung gampil pecah. Salah angkat, pot pecah, médhia tanem morak-marik lan taneman risak.

Milih pot ingkang proporsional

[besut | besut sumber]

Rumus ingkang kedah dipuncepeng tiyang ingkang milih pot kanggé anthurium inggih punika proporsional supados taneman sakéca dipunpirsani. Kedahipun boten porporsional lan kirang estetis, manawi anthurium ingkang inggilipun ron ngantos 1 mèter, dipuntanem ing pot ingkang dhiamèteripun 40 cm. Utawi kosokwangsulipun, boten patut sanget, anthurium ingkang panjangipun ron namung 30 cm, dipunpapanaken ing pot ingkang dhiamèteripun 45 cm.

Wonten jinis anthurium ingkang kaluwihanipun wonten ing penthangan ron-ronipun ingkang mekrok kados suwiwi peksi. Kanggé anthurium jinis punika, saénipun nganggé rumus: manawi dhiamèter penthanganipun ngantos 1 mèter, pilih dhiamèter pot ingkang ukuranipun langkung alit kinten-kinten 20 persèn saking penthanganipun ron punika. Dados pot ingkang pas, inggih punika ingkang dhiamèteripun 80 cm. Manawi penthanganipun namung 60 cm, mila migunakaken pot ingkang dhiamèteripun 35 utawi 40 cm. Kados makaten saterasipun.

Kanggé jinis anthurium tartamtu, pot ingkang namung simètris lan proporsional dèrèng cekap. Kadosdéné ing anthurium gadhah ron mlengkung mangandhap, kados ta Anthurium vetchii, taksih kedah nambahi cagak ing saandhaping pot kanggé maringi èfèk èkslusif. Padatan, anthurium ingkang nggadèhahi wangun gagah langkung katingal nengsemaken manawi dipunsèlèhaken ing pot nganggé cagak stegger ing saandhapipun.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h kaskus.us[pranala mati permanèn] dipunundhuh tanggal 09 Juni 2011
  2. a b Gelombang Cinta Irasionalitas Pecinta Tanaman Hias dipunundhuh tanggal 09 Juni 2011
  3. a b c d antaranews.com dipunundhuh tanggal 09 Juni 2011
  4. a b c d e f g h resep.web.id Archived 2012-01-26 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 09 Juni 2011