Erwin Arnada

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Erwin Arnada
Erwin Arnada.jpg
Lair (1963-10-17) 17 Oktober 1963 (umur 54)
Indonésia Jakarta, Indonésia
Almamater Universitas Indonésia
Pakaryan Wartawan, sutradara, prodhuser
Taun aktif 1986 – sekarang
Agama Islam
Wong tuwa Amin Ismail

Erwin Arnada (lair 17 Oktober 1963; umur 54 taun) ya iku wartawan, sutradara, lan prodhuser filem Indonésia. Arnada lair saka kulawarga Muslim ing Jakarta. Arnada wiwit seneng ing jurnalistik nalika taun 1984, lan sawisé mergawe sadhéla dadi juru foto, dhèwèké ditampa magang ing ariwarta mingguan Editor. Wiwit taun 1990, Arnada mergawe dadi editor ing pirang-pirang médhia cetak, uga ing tabloid kontroversial Monitor. Arnada terjun ing donya perfileman Indonésia taun 2000, dadi prodhuser sapérangan filem kang diprodhuksi déning Rexinema.

Arnada dadi punjering kontroversi sawisé yasa Playboy Indonésia ing taun 2006. Sapérangan golongan Islam kaya déné Front Pembela Islam (FPI) protes kalawarta iku amarga dianggap ora senonoh, sanajan kalawarta iku ora nguduhake konten wuda ing wujud apa waé. Sawisé nglakoni persidhangan, Arnada diputuske bersalah déning Mahkamah Agung Indonésia lan diukum rong taun kunjara, kang wiwit dilakoni ing sasi Oktober 2010.Arnada dibebasake saka kunjara sasi Juni taun 2011 sawisé pangadilan njabut putusane. Ing taun 2012, Arnada dinominasikake dadi Sutradara Terbaik FFI ing filem Rumah di Seribu Ombak, kang dijupuk saka novèl kang ditulis nalika isih ing kunjara.

Kehidupan awal lan karier[besut | besut sumber]

Erwin Arnada lair ing Jakarta tanggal 17 Oktober 1963, putrane pasangan Amin Ismail, saudagar Minangkabau kang mergawe sampingan dadi wartawan, lan garwane.[1][2][3] Keluargane nduwé pirang-pirang toko ing Jakarta, salah sijiné ing Blok M lan siji manèh ing Tanah Abang. Nalika SMP, Arnada wiwit ngrewangi njaga tokokeluargane, lan migunakaké wektu selane kanggo maca.[2] Arnada urip ing kulawarga Muslim lan dadi Muslim kang taat.[2]

Sawisé lulus SMA, Arnada nerusaké sekolah ing Universitas Indonésia jurusan Sastra Ruslan. Arnada wiwit seneng ing jurnalisme, mliginé fotografi, sawisé nonton filem Roger Spottiswoode, Under Fire, kang nyritakake pengalaman wartawan Amérika nalika ngliput Revolusi Nikaragua. Arnada banjur nglamar gaweyan dadi juru foto ing harian Kompas, nanging ditolak. Ing taun 1986, Arnada meragawe dadi juru foto ing tim bal-balan Persija Jakarta.[1][2]

Jurnalisme[besut | besut sumber]

Ing taun 1989, Arnada magang ing ariwarta mingguan Editor. Arnada migunakaké pagaweyane iki kanggo golèk pengalaman.[1][2] Arnada banjur njabat dadi editor ing tabloid Monitor kang dumunung ing Jakarta antarané taun 1990 lan 1991. Tabloid iki pungkasané dibredhel sawisé mbabarake jajak penemu babagan "tokoh paling dihormati pembaca" kang ndadèkaké kontroversi;[4] jajak penemu iku nuduhaké yèn Muhammad ana ing posisi 10, sangisore penyanyi dangdut Rhoma Irama.[1]

Ing pertengahan taun 1990-an, Arnada mergawe ing tabloid Bintang Indonésia duwéke kulawarga Ciputra. Dhèwèké metu saka Bintang Indonésia taun 1999 amarga nganggep yèn tabloid iku aweh segmen musik kang sithik banget. Arnada banjur yasa Bintang Milenia ing taun 1999, nanging tabloid iku ditutup ing taun 2002.[1] Saiki, Arnada mergawe ekstensif ing MTV Indonésia lan ing sapérangan perusahaan start-up.[2]

Sawisé Bintang Milenia ditutup, Arnada miwiti kerjasama karo tokoh perfileman Indonésia kaya déné Rizal Mantovani, Jose Poernomo, lan Dimas Djayadiningrat, banjur yasa omah produksi Rexinema.[1] Film pisanan kang diprodhuksi déning Rexinema ya iku Jelangkung ing taun 2001;[5] Arnada pisanan mèlu ing filem produksi Tusuk Jelangkung ing taun 2002 dadi prodhuser lan juru nulis skenario.[6] Dhèwèké nerusaké ing nem filem sabanjure watara taun 2003 nganti tekan taun 2007.[5]

Playboy Indonésia[besut | besut sumber]

Ing pisanan Arnada arep yasa Playboy Indonésia, versi basa Indonésia saka kalawarta Playboy Amérika, minangka tantangan. Minurute Arnada kalawarta iku ora mung "Majalah pornografi", nanging uga kanggo papan "karya-karya jurnalisme pemenang pangaji-aji" kang pengen dipersembahake kanggo Indonésia.[7] Arnada wiwit rembugan karo Christie Hefner, pimpinan Playboy Enterprises, ing sasi November 2005. Arnada éntuk ijin mbabarake Playboy edisi Indonésia ing sasi Januari taun sabanjure.[1]Edisi kang pisanan dibabarake ing sasi April 2006 lan ora nguduhake konten wuda utawa fokus ing seksualitas. Suwalike, modhèl-modele tampil kanthi wusana kang jangkep. Edisi iki juga nuduhaké wawancara karo sastrawan Pramoedya Ananta Toer.[7] Artikel-artikel ing edisi sateruse banjur ngrembug babagan sastra, sarta hak asasi manungsa lan pulitik.[2]

Sanajan mangkono, kalawarta iku kontroversial banget. Sadurungé terbit, sapérangan golongan Muslim nentang.[1] Sawisé edisi kang pisanan terbit, kantor Playboy Indonésia diserang. Ing salah siji prastawa, Front Pembela Islam nyerang kantor Playboy Indonésia ing Jakarta Selatan, kang ndadèkaké kabèh sing manggon ing kantor dievakuasi. Sasi Mèi 2006, aksi protes kang terus ana ndadèkaké kalawarta iku kudu beroperasi tanpa kantor. [1] Publisitas kang ala uga ndadèkaké para pengiklan nglungani kalawarta iku, pungkasané Playboy Indonésia ditutup sawisé mbabarake sepuluh edisi,[7] sanajan wis mindhahake operasionale menyang Pulo Bali kang mayoritas penduduke penganut Hindhu wiwit edisi kapindho ing sasi Juni 2006.[8]

Amarga perane ing pangecapan Playboy Indonésia, Arnada diselidhiki. Ing penyelidikan nuduhaké yèn dhèwèké kanthi sengaja nyebarake "pornografi" kanthi legal ing Indonésia, kang dianggep tindak kriminal. Ing persidangan sasi April 2007, Pengadilan Negeri Jakarta Selatan nolak putusan iku;[9] déné bandhing ing Pengadilan Tinggi Jakarta malah malah nguwatake putusan iku.[3]Sawisé prosès banding suwéné rong taun, kasus ini pungkasané tekan ing méja Mahkamah Agung Republik Indonesia. Mahkamah Agung mutusaké yèn Arnada bersalah lan diukum suwéné rong taun kunjara.[9] Sasi Oktober 2010, Arnada ditahan ing Lembaga Pemasyarakatan Cipinang Jakarta.[7] Sasuwene ing kunjara, dhèwèké migunakaké wektune kanggo nulis telung novèl, ya iku Rumah di Seribu Ombak, Midnite di Negeri Nonsense, lan Rabbit Versus Goliath.[2]

Arnada dibebasakeing sasi Juni 2007,[7] sawisé Mahkamah Agung nyarujuki pembelaane yèn tindakan profesional jurnalis kudu diadili miturut Kode Pers, dudu Kode Kriminal.[9] Sapérangan nimpuna, uga kalebu Arnada, nyatakake yèn pembebasane iku wujud kemenangan kebebasan pers ing Indonésia.[9]Nanging, nanggepi anggepan yèn dhèwèké iku pahlawan, Arnada mangsuli: "Aku dudu pahlawan, aku mung kurban sajarah ing versi liyané". Arnada nganggep pengalamane kurang drastis yèn dibandhingake karo jurnalis liyané ing Indonésia.[3] Ing wawancara taun 2013, Arnada carita yena penahanane wis "ngendhegake ambisine'".[7]

Sawisé ditahan[besut | besut sumber]

Arnada mbabarake novèlé kang judhule Rumah di Seribu Ombak ing awal taun 2012.[7] novèl iku ditulis nalika isih dikunjara.[2] Kacarita ing Singaraja, Bali, novèl iku nyritakake kekancanan bocah lanang loro saka latar wuri kang béda.[7] Rumah di Seribu Ombak dijupuk dadi filemlayar lebar ing taun kang padha, kanthi Arnada dadi sutradara lan prodhuser.[6] Film iku sukses lan dinomunasikake ing sanga Piala Citra ajang Festival Film Indonésia 2012, uga Pangaji-aji FFI kanggo sutradara paling apik. Film menang papat kategori, ya iku Pangaji-aji FFI suntingan paling apik lan Pangaji-aji FFI skenario paling apik.[10] Arnada ora menang nominasi, pangaji-aji Sutradara paling apik dimanangake Herwin Novianto kanthifilem Tanah Surga... Katanya.[11]

Saiki, Arnada urip bebarengan karo garwane, Hevie Ursulla Arnada. Pasangan iki omah-omah ing Bali. Arnada arep nrusake karire minangka novelis lan ora arep dadi jurnalisme manèh amarga ora nawarake "perkara anyar, ora ana sing owah."[7] Minangka filem kang dijupuk saka laku uripé, rencanane bakal diprodhuksi déning Alta Loma Entertainment Playboy Enterprises.[7]

Filmografi[besut | besut sumber]

Nganti tekan taun 2013, Arnada mèlu ing pengerjaan sanga filem, sapérangan dadi prodhuser.[1][6]

  • Tusuk Jelangkung (2002) – prodhuser èksekutif, juru nulis carita
  • 30 Hari Mencari Cinta (2003) – prodhuser,
  • Catatan Akhir Sekolah (2004) – prodhuser
  • Cinta Silver (2004) – prodhuser, juru nulis carita
  • Alexandria (2005) – prodhuser, juru nulis carita
  • Jelangkung 3 (2007) – prodhuser, juru nulis naskah
  • Jakarta Undercover (2007) – prodhuser, juru nulis carita
  • Asmara Dua Diana (2009) – prodhuser
  • Rumah di Seribu Ombak (2012) – sutradara, prodhuser, juru nulis carita

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

Pratélan pustaka[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]