Ekidna

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Ekidna[1]
Kalamangsa: Miocene–Recent
Echidna short beaked.jpg
Western Long-beaked Echidna
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Monotremata
Famili: Tachyglossidae
Gill, 1872
Spesies

Genus Tachyglossus
   T. aculeatus
Genus Zaglossus
   Z. attenboroughi
   Z. bruijnii
   Z. bartoni
   †Z. hacketti
   †Z. robustus
Genus †Megalibgwilia
   †M. ramsayi
   †M. robusta

Ekidna (Echidna) ya iku siji-sijiné kéwan saka ordo Monotremata sing isih bisa urip nganti saiki saliyané platipus. Ekidna kalebu famili Tachyglossidae lan minangka kéwan asli saka Papua lan Australia.

Ekidna ya iku mamalia cilik sing awaké ditutupi rambut kasar lan eri.[2] Ekidna mèmper kaya kéwan sing memangsan semut ing Amérika Kidul, duwé moncong sing fungsiné dadi lambé lan irung.[2] Moncongé dawa lan krèmpèng, déné sikilé cendhèk lan kuat kanthi kuku gedhé.[2]

Taksonomi[besut | besut sumber]

Ekidna diklompokaké dadi rong génus, ya iku génus Zaglossus lan génus Tachyglossus. Genus Zaglossus ana telung spésies kang isih urip lan ana rong spesiès kang wis cures (dimangertèni mung lumantara fosil). Déné génus Tachyglossus mung ana spesiès siji kang dikenal.

Genus Zaglossus[besut | besut sumber]

Ana telung spésies saka génus Zaglossus kang isih urip. Spesies telu iku ditemoni ing Papua. Genus iki langka lan diburu kanggo dipangan. Ekidna saka génus iki nggolèk pangan ing sampah gegodhongan ing alas, ya iku cacing lemah lan srangga.

Spesies kang wis cures ya iku:

Genus Tachyglossus[besut | besut sumber]

Ekidna moncong cendhak (Tachyglossus aculeatus) tinemu ing pérangan tenggara Papua lan uga ana ing kabèh lingkungan Australia, saka salju Alpen Australia nganti ara-ara jero ing laladan njero mliginé ing laladan endi waé kang ana semut lan rayap. Ukurané luwih cilik tinimbang spésies Zaglossus lan nduwé rambut kang luwih dawa.

Deskripsi[besut | besut sumber]

Ekidna mlungker dadi bal, kanthi ati-ati dipindhahaké saka dalan

Ekidna ya iku mamalia cilik kang awaké ditutupi rambut kasar lan eri.[3] Eri kang ana ing awak Ekidna cacahé nganti 5000 lan ana 2000 sensor medan listrik ing awaké, iki kang ndadèkaké Ekidna nduwé pertahanan kang kuwat lan angèl ditembus.[3] Ekidna nduwé moncong kang fungsiné minangka lambé lan irung. Moncongé dawa lan ramping. Lambéné cilik lan rahangé ora ana untuné, sikilé cendhak lan kuwat lan kuku kang gedhé. Ekidna uga kawentar minangka kéwang sing pinter ndhudhuk. Ekidna mangan kanthi cara mbuka gagang kayu kang empuk, omah semut, lan sajenisé. Kanthi nggunakaké ilat kang dawa lan lèngkèt kang ndawa saka moncongé, Ekidna ngumpulaké mangsané. Ekidnamoncong cendhak padatan mangan semut lan rayap kang akèh, déné spésies Zaglossus padatan mangan cacing lemah lan srangga]].

Ekidna tinemu ing akèh lingkungan, kalebu ing kutha

Kejaba platipus, patang spésies Ekidna ya iku siji-sijiné mamalia kang ngendhog. Betina ngendhog siji kang duwé wulu lan cangkang empuk 22 dina sawisé kawin lan nyèlèhaké langsung ing kanthongé. Endhog bakal netes sawisé 20 dina. Ekidna enom banjur ngisep susu saka pori-pori kelenjar susu loro (sabab monotremata ora duwé puting susu lan tetep manggon ing njero kanthong baboné kanggo 40 dina nganti 50 dina. Sasuwéné iku, ing aak Ekidna wiwit thukul eriné. Baboné ndhudhuk luwangan kanggo ngrumati anaké lan nyèlèhaké anaké ig njero luwangan mau. Baboné bali saben 5 dina kanggo nyusoni nganti mandheg nyusoni ing sasi kang kaping pitu.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Groves, C. (2005-11-16). Wilson, D. E., and Reeder, D. M. (eds), ed. Mammal Species of the World (ed. cithakan ka-3). Johns Hopkins University Press. kk. p. 1–2. ISBN 0-801-88221-4.  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  2. ^ a b c Monotremata(diundhuh 9 Oktober 2012)
  3. ^ a b 5 Kéwan sing duwé garwa tajam(diundhuh 21 Fèbruari 2013)