Tèknik sipil
|
Kreteg kabel ing Bristol, Inggris
|
Tèknik sipil iku salah siji cabang èlmu tèknik sing nyinaoni cara ngrancang, mbangun, rénovasi ora mung gedhung lan infrastruktur, ananging uga nyakup lingkungan kanggo kamaslahatan urip manungsa.
Tèknik sipil nduwèni ruang lingkup sing jembar, ing jeroné ana kawruh matématika, fisika, kimia, biologi, géologi, lingkungan nganti komputer. Tèknik sipil dikembangaké sairing karo tingkat kabutuhan manungsa lan solahbawané, saéngga bisa diarani yèn èlmu iki bisa ngowahi sawijining alas dadi kutha gedhé.
Bab lan Paragraf |
Cabang-cabang èlmu tèknik sipil [sunting]
- Struktural: Cabang sing nyinaoni masalah struktural saka matèri sing dipigunakaké kanggo pembangunan. Sawijining bentuk bangunan manawa digawé saka sawetara pilihan jinis material kaya waja, beton, kayu, kaca utawa bahan liyané. Saben bahan kasebut nduwèni karakteristik dhéwé-dhéwé. Èlmu bidang struktural nyinaoni sipat-sipat material iku saéngga wusanané bisa dipilih material endi sing cocog kanggo jinis bangunan kasebut. Jroning bidang iki disinaoni luwih jero bab sing magepokan karo perencanaan struktur bangunan, dalan, kreteg, trowongan saka pembangunan pondhasi nganti bangunan siap dipigunakaké.
- Geotèknik: Cabang sing nyinaoni struktur lan sipat manéka jinis lemah kangggo nopang bangunan sing bakal madeg ing dhuwuré. Cakupané bisa arupa investigasi lapangan sing awujud panyelidikan kahanan-kahanan lemah sawijining dhaérah lan dikuwataké kanthi panyelidikan laboratorium.
- Manajemen Konstruksi: Cabang sing nyinaoni masalah jroning proyèk konstruksi sing magepokan karo ékonomi, penjadwalan pegawéyan, mbalèkaké modhal, béa proyèk, kabèh bab sing magepokan karo hukum lan idin bangunan nganti pengorganisasian pegawéyan ing lapangan saéngga bangunan kasebut rampung tepat wektu.
- Hidrologi: Cabang sing nyinaoni banyu, distribusi, pengendalian lan permasalahané. Nyakup bidang iki antara liya cabang èlmu hidrologi banyu (gegandhèngan karo cuaca, curah udan, debit banyu sawijining kali lsp), hidrolika (sipat material banyu, tekanan banyu, gaya dorong banyu dsb) lan bangunan banyu kaya plabuhan, irigasi, wadhuk/bendungan(dham), kanal.
- Tèknik Lingkungan: Cabang sing nyinaoni permasalahan-permasalahan lan isu lingkungan. Nyakup bidang iki antara liya panyadian sarana lan prasarana banyu resik, pengelolaan limbah lan banyu reged, pencemaran kali, polusi swara lan udhara nganti tèknik panyehatan.
- Transportasi: Cabang sing nyinaoni sistem transportasi jroning perencanaan lan pelaksanaané. Nyakup bidang iki antara liya konstruksi lan pengaturan dalan gedhé, konstruksi bandhar udhara, terminal, stasiun lan manajemené.
- Informatika Tèknik Sipil: Cabang anyar sing nyinaoni panerapan Komputer kanggo pétungan/pemodelan sawiji sistem jroning proyèk Pembangunan utawa Panelitèn. Nyakup bidang iki antara liya pemodelan Struktur Bangunan (Struktural saka Matèri utawa CAD), pemodelan pergerakan banyu lemah utawa limbah, pemodelan lingkungan nganggo Teknologi GIS (Geographic information system).
Prabédan saka arsitèk, arsitèk nyumbangaké rancangan, idhé, kamungkinan pelaksanaan pembangunan ing sadhuwuring kertas. Asil rancangan kasebut sabanjuré dipasrahaké marang staf ahli bidang tèknik sipil kanggo pelaksanaan pembangunan. Tahapan iki, ahli tèknik sipil ndandani /mènèhi saran saka pelaksanaan perencanaan, koordinasi jroning proyèk, ngamati proyèk supaya miturut rencana. Saliyané iku, ahli tèknik sipil uga mbangun konsèp finansial lan manajemen proyèk.
Ahli tèknik sipil ora mung urusan karo pembangunan proyèk bangunan, nanging ing bidang liya kaya sing magepokan karo informatika, kanggo memodelisasi sawijining wangun nganggo pitulung program CAD, pemodelan karusakan akibat lindhu, banjir. Bab iki wigati banget ing negara maju minangka tolok ukur kelayakan pembangunan sawijining bangunan vital sing nduwèni risiko bisa nyebabaé korban manungsa kaya réaktor nuklir utawa bendungan, amarga anané kagagalan perencanaan tèknis. Rancangan bangunan kasebut biasané dimodhèlaké nganggo komputer lan diwènèhi faktor-faktor ancaman bangunan kasebut kayata lindhu lan keruntuhan struktur material. Peran ahli tèknik sipil uga isih ana senadyan fase pembangunan gedhung wis rampung, kayata ana ing babagan pangopènan fasilitas gedhung kasebut.
Matèri utama [sunting]
- Mékanika tèknik
- Konstruksi waja
- Konstruksi beton
- Konstruksi kayu
- Konstruksi gelas
- Mekanika lemah
- Tèknik Pondhasi
- Hidrologi
- Hidrolika
- Bangunan banyu
- Manajemen konstruksi
- Dinamika Struktur
- Earthquake engineering
- Informatika
- Èlmu Ukur Lemah
- Strukur bangunan sipil
Aplikasi èlmu tèknik sipil ing Indonésia [sunting]
- Sosrobahu
- Konstruksi Cakar Ayam
- Kreteg Suramadu
- Gedhung
- Stadion
- Underpass
- Fly Over
- Bandhara
- Trowongan
- Dalan Busway
- Dhermaga
- Rèl sepur
- Plabuhan
Tokoh tèknik sipil Indonésia [sunting]
- Tjokorda Raka Sukawati
- Prof. Thoskykovsky
- Prof. Dr. Ir. Hendricho Msc
- Ir. Rooseno
- Ahadi, ST
- Ir. Soetami
- Prof Sedijatmo
- Prof. Dr. Ir. Wiratman Wangsadinata
- Prof. Dr. Moh. Sahari Besari MSc., Ph.D
- Ir.Soekarno
Pranala njaba [sunting]
- situs tèknik sipil Indonesia
- forum tèknik sipil Indonesia
- Situs portal, forum, lan komunitas tèknik sipil Indonesia
-
Pont du Gard, Prancis, sawijining kreteg sing dibangun ing jaman Romawi Kuna taun 19 BC.
-
Markas Tèknik Sipil ing London
-
Falkrik Wheel ing Skotlandia
-
Pambangunan bendungan ing Spanyol