Beton

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Masang jogan beton ing bangunan komersial

Ing babagan konstruksi, beton iku sawijining bahan bangunan komposit sing kagawé saka kombinasi agrégat lan pengikat semèn. Wangun paling umum saka beton ya iku beton semèn Portland, sing dumadi saka agrégat mineral (biasané krikil lan pasir), semèn lan banyu. Lumrahe dipercaya yèn beton dadi garing sawisé pencampuran lan pamasangan. Sabeneré, beton ora dadi padhet amarga banyuné nguap, ananging semèn ngalami hidrasi, ngelèm komponèn liyané lan wusanané mbentuk material kaya watu. Beton dipigunakaké kanggo gawé nguwataké dalan, struktur bangunan, pondhasi, dalan, kreteg panyabrangan, struktur parkiran, dhasar kanggo pager/gerbang, lan semèn jroning bata utawa témbok blok. Jeneng lawas beton ya iku watu cuwèr. Jroning perkembangané akèh ditemokaké beton anyar asil modhifikasi, kayata beton ènthèng, beton semprot (eng: shotcrete), beton fiber, beton kakuwatan dhuwur, beton kakuwatan dhuwur banget, beton madhet dhéwé (eng: self compacted concrete) dll.

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Bangsa Assyria lan Babylonia migunakaké lempung minangka semèn nalika gawé bangunan beton. Bangsa Mesir migunakaké semèn watu kapur lan semèn gipsum. Ing Kakaisaran Romawi semèn digawé saka awu pozzolanic lan agrégat saka pumice kanggo gawé beton, mèmper banget karo beton semèn portland. Ing taun 1756, insinyur Inggris John Smeaton mlopori panggunaan portland semèn nalika gawé beton, lan nganggo pebbles lan bubuk bata minangka agrégat. Ing jaman modhèrn, panggunaan material dhaur ulang minangka bahan beton tansaya populèr amarga tansaya ketaté aturan lingkungan urip. Sing paling pinunjul ya iku pulverized fuel ash (pfa), dhaur ulang saka awu sisa pembangkit tenaga tenaga batubara. Bab iki nduwèni pengaruh tumrap upaya pangurangan panambangan (pasir) lan ngurangi kewajiban pangurugan sisa panambangané.

Karakteristik[sunting | sunting sumber]

Sajroning prosès hidrasi lan pangerasan, beton mbutuhaké sipat fisik lan kimia tinamtu, antara liya, kakuwatan mékanikal, low permeability to ingress of moisture, lan stabilitas isi dan kimiawi. Beton rélatif nduwèni kakuwatan komprèsif (compressive strength) sing dhuwur, nanging sacara signifikan kakuwatan tensil tensile strength sing luwih asor (watara 10% saka kakuwatan komprèsif. Akibaté, beton tansah gagal ing tensile stresses – senadyan wis di komprèsi. Amarga saka kuwi, sacara praktis èlemèn beton sing perlu tensile stresses kuwi dikuwataké. Beton paling kerep digawé nganggo tambahan panguwatan watang waja utawa fiber. Panguwatan iki bisa nganggo watang (rebar), mesh, utawa fiber supaya ngasilaké beton sing wis dikuwataké (reinforced concrete). Beton bisa uga di pratekan kanggo ngurangi tekanan tensil (tensile stress), nganggo kabel waja, supaya beam utawa slab bisa luwih dawa tinimbang nganggo beton sing dikuwataké (reinforced concrete).

Amarga cuwèr, beton bisa dipompa menyang papan sing dibutuhaké.

Dat tambahan[sunting | sunting sumber]

Dat tambahan sing kerep dianggo ya iku:

  • Aditif yaiku dat sing ditambahaké ing campuran beton supaya luwih kuwat, kayadéné awu sisa batubara.
  • Admixture kimia, awujud bubuk utawa cuwèran sing ditambahaké kanggo nambahi karakteristik tinamtu sing ora bisa digayuh kanthi campuran adhukan biasa. Jinis admixture sing umum ya iku:
    • Akselerator: Nyepetaké hidrasi (nguwataké) beton.
    • Retarder: Ngalonaké hidrasi beton.
    • Air-entrainer: nambah lan ndhistribusi hawa/angin menyang beton.
    • Plasticizer: ningkataké daya kerja (workability) saka beton.

Daya kerja[sunting | sunting sumber]

Daya kerja iku kamampuan saka campuran beton kanggo ngisi wangun utawa cithakan kanthi apik tanpa ngurangi kualitas beton. Daya kerja gumantung marang unsur banyu, aditif, agrégat (wangun lan ukuran dhistribusi) lan umur (level hidrasi). Nambah isi banyu utawa nambah plasticizer bakal ningkataké daya kerja. Kakèhan banyu bakal nyebabaké bleeding (kélangan banyu) lan/utawa segregasi (beton dadi ora homogin) lan asilé bakal ngurangi kualitas beton. Daya kerja umumé di priksa utawa di tès nganggo ukuran slump. Beton sing lincir (high flow) kayadéné beton self compacting, umumé di tès nganggo salah siji métoda pangukuran ilèn.

Beton semprot (Shotcrete / sprayed concrete)[sunting | sunting sumber]

Beton semprot utawa Shotcrete, migunakaké hawa sing ditekan (compressed air) kanggo nyemprot (cast) beton kango gawé frame utawa struktur. Shotcrete paling akèh dianggo rock support, utamané nalika gawé trowongan. Saiki ana rong métoda aplikasi kanggo gawé shotcrete: prosedhur campuran garing (dry-mix ) lan campuran teles. Jroning Dry-mix, campuran semèn agrégat garing dilebokaké mesin lan disaluraké nganggo tekanan hawa liwat selang pipa. Banyu sing dibutuhaké kanggo hidrasi ditambahaké ing nozzle. Ing campuran teles, bahan dicampur nganggo banyu sacukupé kanggo hidrasi. Asil campuran dipompa liwat selang. Ing nozzle banjur disemprot nganggo angin. Kaloro métoda iku dat tambahan kaya plasticizer lan akselerator bisa dipigunakaké. Shotcrete biasa dikuwataké nganggo serat (fiber).

Deleng uga[sunting | sunting sumber]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Beton ing Wikimedia Commons.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Beton&oldid=832868"