Waja
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Waja inggih menika logam campuran wesi lan karbon. Bahan ingkang kangge damel baja inggih menika wiji wesi.[1] Bahanipun waja meh sedaya sami homogenitasipunhomogenitasipun, saking unsur Fe ingkang wujudipun kristal lan unsur C.[2]
Bab lan Paragraf |
Karakteristikipun Waja [sunting]
Waja nggadhahi karakteristik saengga saged damel bahan bangunan ingkang sae sanget.[1] Karakteristik kasebat kadosta: kekiyatan, kelenturan, kealotan, kekerasan, lan tahan saking korosi.[1]
- Kekiyatanipun[1]
- Waja nggadhahi dhaya tarik, dhaya lengkung,lan dhaya teken sing kuat banget.
- Kelenturanipun[1]
- Waja boten namung kiyat nanging ugi lentur.
- Kealotanipun[1]
- Limrahipun waja nggadhahi karakteristik alot saengga boten gampil pecah.
- Keatosanipun[1]
- Waja nggadhahi karakteristik minangka wesujudan kang atos sanget saengga pas kangge konstruksi bangunan.
- Boten gampil kenging korosi utawi tiyengen[1]
- Saged dipuntempa (maleability)[2]
- Waja wonten ing wewujudan abang pijar saged dados lembek saengga saged dipuncethak.
- Saged dipunlas (weklability)[2]
- Nalika ing kondhisi panas saged dipungabungaken.
Jinis prodhuk saking waja[1] [sunting]
- Waja batangan
- Kawat waja
- Waja lembaran
- Pipa
Ikhtisar cekak proses damel waja[2][3] [sunting]
Waja dipunprodhuksi ing dhapur pengolahan waja saking wesi ingkang padhet utawi ingkang sampun awujud cairan, wesi bekas (scrap), lan pinten-pinten campuran logam. Wonten pinten-pinten proses damel waja, inggih menika:
- Proses Konverter
- Proses Bessemer
- Proses Thomas
- Proses Siemen Martin
- Proses Basic Oxygen Furnance
- Proses dhapur listrik
- Proses dhapur kopel
- Proses kanthi dhapur elektro
- Proses kanthi ngginakaken kui
- Proses aduk (proses puddle)
Klasifikasinipun Waja[3] [sunting]
- Adhedhasar komposisi
- Waja karbon
- Waja paduan rendah
- Waja tahan tiyengen
- Adhedhasar proses ndamelipun
- Tanur waja terbuka
- Dapur listrik
- Proses oksidasi dhasar
- Adhedhasar struktur mikro
- Feritik
- Perlitik
- Martensitik
- Austenitik
- Adhedhasar kagunan konstruksi
- Waja Struktural
- Waja Non-Struktural
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.