Kalung
Kalung yaiku wanguné rerenggan kang ndhuwèni mupangat kanggo pepaès (acecoris) kang dianggo ana ing gulu kang wujudé manéka werna. [1] Jinis lan wujud kalung ing jaman saiki arupa jinis dideleng sak mupangaté kanggo celengan (investasi) utawa kanggo rerenggan (hiasan).Semono uga kalung bisa digolongaké saka bahan dhasaré kayata :
Kalung rerenggan (hiasan) (hiasan kanthi bahan dasar:
Kalung biyasané bentuké ranté lan kadang ditambah liontin kanggo méndhel.[1]
Bab lan Paragraf |
Mupangat [sunting]
Kalung wis dianggo wiwit jaman biyén. Kalung dianggo wong lanang uga wong wadon.[2] Kalung uga kena kanggo tanda kabudayan.[2] Kalung uga kena kanggo mbédakaké budaya siji lan sijiné.[2] Ana uga kabudayan kang ndadékaké kalung dadi tanda kelas sosial kang nganggo kalung iku.[2]
Kalung uga bisa dadi idéntitas wong kang nganggo.[2] Kalung iki kayata kalung kang dienggo karo tentara Amérika Serikat.[2] Kalung iki uga diarani dog tags.[2] Idéntitas kang dituliské ing kalung yaiku jeneng, jabatan, resimén utawa korps kang nganggo kalung.[2]
Kasehatan [sunting]
Kalung kaséhatan uga diarani kalung biofir ion.[3] Kalung iki digawé saka watu kang nduwéni magnét kang bisa nglancaraké peredaran darah.[3] Kalung kaséhatan, carané nganggo uga padha karo kalung-kalung biyasa.[3] Saiki kalung kaséhatan uga wis nduwéni motif lan variasi werna kang akéh.[3] Kalung kasehatan bisa nambani penyakit lan ncegah stroke, darah tinggi utawa hiperténsi.[3] Kalung biosfér bisa ngamanaké organ-organ vital ing awak.[3]
Pranala njaba [sunting]
- ^ a b c d (id)artikata.com(dipunundhuh tanggal 6 Juni 2011)
- ^ a b c d e f g h (id)Dog Tags(dipunundhuh tanggal 6 Juni 2011)
- ^ a b c d e f (id)biofirpusat.com(dipunundhuh tanggal 6 Juni 2011)
Cathetan suku [sunting]
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||||||||