Kopal
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Kopal iku salah siji hasil saka dhadhak (resin) kang diklumpukake saka wit damar(Agathis dammara) saliyane iku uga saka wit suku Burseraceae (Bursera, Protium).[1][2] Kopal iku bahan dhasar kanggo cairan pelapis kertas supaya tinta ora nyebar.[1] Kopal uga digunakake campuran lak lan vernis.[1]
Kopal wis dikenal suwe ing kebudayaan Amerika Tengah.[1] Jeneng kopal asale saka basa Amerika Tengah kang nduweni teges dupa utawa setanggi. Kandhungan ing sajroning kopal yaiku: asam-asam resinol, resin, dan minyak atsiri.[1] Kopal uga asring digunakake kanggo penggantine watu damar, lan didadekake mata akik.[1]
Cathetan Suku [sunting]
|
||||||||