Jemuwahan
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
|
Shalat Jumat utawa Jemuwahan yaiku ngibadah shalat kang dilakoni dèning pangugem agama Islam kang dilakoni saben dina Jumat sacara jama'ah. Wektu kang pas kanggo Shalat Jum'at yaiku wektu Shalat Dzuhur.
Bab lan Paragraf |
Hukum Shalat Jumat [sunting]
Shalat Jumat dadi salah sijiné ngibadah kang kudu dilakoni dèning saben muslim (santri:wong lanang kang nganut agama Islam). Bab kang mbahas shalat Jumat wis ana ing Al Qur'an lan Hadits :
- Al Qur'an Al Jumu'ah ayat 9 kang artiné:"He wong-wong kang nduweni iman, nalikané awakmu diwajibaké ngelakoni shalat Jumat. Mangka èling ana gusti Allah, tinggalake bab dol-tinuku lan mengkana kuwi luwih becik kanggo awakmu menawa ngerténi." (QS 62: 9)
- "Sejatiné wong-wong kang ora ngelakoni lan ninggalake shalat jumat Allah bakal nutup atiné kang ninggalake shalat jumat. Banjur wong-wong iku bakal dadi wong kang sembrana." (HR. Muslim)
- "Saktèmèné Allah nduweni niat ngutus manungsa (santri) kanggo (dadi imam) shalat jumat bebarengan, Banjur Allah bakal ngobong omahé wong-wong kang ninggalake shalat jumat (HR. Muslim)
- "Shalat Jumat iku wajib kanggo wong muslim, dilakoni sacara jama’ah kejaba papat golongan, yaitu buroh rekasa, wong wadon, bocah cilik wong kang lagi loro parah." (HR. Abu Daud lan Al-Hakim, haditsé shahih)
Tata Cara Shalat Jumat [sunting]
Tata cara shalat Jum’at, yaiku :
- Khatib munggah ana ing mimbar manjing wektu (waktu dzuhur), banjur salam lan lungguh.
- Muadzin ngumandangake adan kanggo nyiapake shalat kang diwiwiti.
- Khutbah kapisan: Khatib ngadek untuk melaksanakan khutbah yang diwiwiti kanthi wacan hamdalah lan pujian marang Allah SWT sarta maca shalawat marang Rasulullah SAW. Banjur maringi pitutur marang para jama’ah, ngélingaké kanthi swara sing banter, nerusaké printah lan larangan Allah SWT lan RasulÉ, nyurung supaya tumindak kebajikan sarta medèn-medèni suapaya aja tumindak ala, lan ngélingaké kanthi janji-janji sarta ancaman-ancaman Allah Subhannahu wa Ta'ala. Banjur lungguh sedhéla
- Khutbah kapindho : Khatib miwiti khutbah kapindho kanthi maca hamdalah lan pujian marang Gusti Allah. Banjur nerusaké khutbah nganti rampung
- Khatib banjur mudhun saka mimbar. Sabanjuré muadzin ngumandhangaké iqamat kanggo tandha miwiti shalat
- Shalat jamaah rong rakaat
Prekara-prekara kang dianjurake [sunting]
Nalika shalat Jumat, saben muslim dianjurake nggatekake prekara-prekara iki:
- Adus, ngganggo pakaén rapi, nganggo wewangén lan siwak.
- Ninggalake transaksi doltinuku nalika adzan wis wiwit nywara.
- Cepet-cepet lunga menyang mesjid.
- Nglakokake shalat sunnah ing masjid sadurunge shalat Jumat, sasuwene imam shalat durung teka.
- Ngakeh-akehake maca shalawat sarta salam marang Rasulullah SAW nalika wengi Jumat nganti siyang.
- Ngendhegage guneman lan pagawean ora prelu nalikane imam teka.
- Ngakeh-akehake ndedonga, amarga dina Jumat iku dina kang mustajab utawa doane gampang dikobul.
Syarat-syarat Wajib Shalat Jumat[1] [sunting]
- Wong lanang, dadi wong wadon ora diwajibake shalat Jumat.
- Mardika, dadi shalat Jumat ora diwajibake marang budhak.
- Baligh, dadi shalat Jumat ora diwajibake marang bocah cilik.
- Sehat, dadi shalat Jumat ora diwajibake marang wong mriang kang ora mampu nekani amarga mriange iku.
- Manggon utawa dhomisili, dadi shalat Jumat ora diwajibake marang wong kang lelungan (musafir).
Pranala jaba [sunting]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ (id)[Abu Bakar, Al Jazairi (dipunterjemah:Fadhli Bahri, Lc.).2007.Ensiklopedi Muslim. Jakarta:Darul Falah] (kaca 352)
Galeri [sunting]
|
|||||||||||||||||||