Dhuha

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Salat Duha yaiku salat kang ditindakaké nalika wektu srengéngé munggah antarané jam 07.00 ngancik wektu duhur.[1] Salat duha bisa ditindakake 2,4,8, utawi 12 roka'at lan 2 roka'at kanthi siji salam.[2]

Mupangat[besut | besut sumber]

Rasulullah nekanke ning khadist qudsi, Allah berfirman, "Wahai para anak Adam, aja pisan-pisan kowe males sembahyang patang rakangat dhuha, amarga patang rakangat iku, tak cukupi kebutuhanmu ning sorene." (HR.Hakim lan Thabrani)[3] Salat Duha yaiku sedekah lan tabungan amal cadangan kanggé muslim ingkang laksanakaken salat duha lan sekirane ana telu makna filosofi saking salat duha yaiku nginget Allah nalika lagi seneng, wujud sukur maring Allah, tawakal manut ketentuan Allah yèn Allah kang ngatur rezeki.[4] salagine manfaate salat duha yaiku nambah kawarasan awak luwih becik, nambah kepinteran, gampangake golet dalan rezeki.[4] Hikmah kang salat duha yaiku ati dadi tenang, pikirane dadi luwih konsèntrasi, awak tambah waras, lan urusan-urusan golet rezeki digampangaken, olih rezeki kang ora disangka-sangka.[4]

Saka Abu Dzar Rasulullah saw ngendika.

يُصْبِحُ عَلَى كُلِّ سُلاَمَيْ مِنْ أَحَدِكُمْ صَدَقَةٌفَكُلُّ تَسْبِيْحَةٍصَدَقَةٌ،وَكُلُّ تَحْمِيْدَةٍصَدَقَةٌ،وَكُلُّ تَهْلِيْلَةٍصَدَقَةٌ،وَكُلُّ تَكْبِيْرَةٍصَدَقَةٌ،وَأَمْرٌبِاالْمَعْرُوْفِ صَدَقَةٌوَنَهْيٌ عَنِ الْمُنْكَرِصَدَقَةٌوَيَجْزِى مِنْ ذٰلِكَ رَكْعَتَانِ يَرْكَعُهُمَامِنَ الضٌّحَى.

"Sapa wae ing antarané sira kabeh iku saben esuke kudu nglakoni sedekah kanggo saben balung sajroning badane. Mula saben wacanan tasbih sepisan iku sedekah, saben tahmid iku sedekah, saben tahlil iku sedekah, saben takbir iku sedekah, ndhawuhi kabecikan iku sedekah, nglarang barang kang ala iku sedekah, lan kanggo njangkepi kabeh iku yaiku nindakake loro rakangat shalat dhuha."(Diriwayatake dening Ahmad, Muslim, lan Abu Dawud).

Ahmad lan Abu Dawud ngriwayatake saka Buraidah yen Rasulullah saw ngendika.

فِى الْإِنْسَانِ سِتُّوْنَ وَثَلاَثُمِاءَةِمَفْصِلٍ عَلَيْهِ أَنْ يَتَصَدَّقَ عَنْ كُلِّ مَفْصِلٍ مِنْهَاصَدَقَةًقَالُوا:فَمَنِ الَّذِى يُطِيْقُ ذٰلِكَ يَارَسُوْلَ اللّٰهِ؟قَالَ:انَّخَاعَةُفِى الْمَسْجِدِيَدْفِنُهَاأَوِاشَّيْءُيُنْجُيْهِ عَنِ الطَّرِيْقِ، فَإِنْ لَمْ يَقْدِرْفَرَكْعَتَا الضُّحٰى تُجْزِىءُعَنْكَ.

"Sajroning awak sawijining manungsa ana telungatus, sewidak balung. Dheweke kudu sedekah kanggo saben balunge iku". Para sahabat padha matur, "Sinten ingkang kiyat nindakaken perkawis punika dhuh Rasulullah?". Panjenengané saw paring wangsulan, "Riyak kang ana ing masjid banjur ditandur (ditutupi nganggo lemah) utawa nyingkirake sawijining gangguan saka tengahing dalan utawa yen kira-kira bisa, bisa dicukupi kanthi nglakoni 2 rakangat shalat dhuha."

Syaukani ngendika: 2 hadist ing dhuwur iku nduduhake banget gedhe kautamane shalat dhuha, banget dhuwur kalungguhane, sarta banget bakohe syariat kang ndhawuhake. Loro rakangat sajroning shalat dhuha bisa kanggo nyukupi sedekah ping telungatus sewidak lan amarga iku kumudu dilakoni kanthi istiqomah (terus menerus). Uga paring pituduh supaya kita ngakeh-akehi tasbih, tahmid, tahlil, ngajak nglakoni kabecikan, nglarang barang kang ala, nandur riyak ing masjid, nyingkirake sawijining gangguan ing dalan, lan liya-liyane. Kanthi nglakoni shalat dhuha supaya njangkepi sedekah-sedekah kang kudu dilakoni sawijining manungsa iku saben dinane.

Ukume[besut | besut sumber]

Shalat dhuha iku ngibadah kang disunnahake, amarga iku sapa wae kang kepengin ganjaran kang gedhe, becik ditindakake lan menawa ora, ora ana alangan uga ditinggalake.

Saka Abu Said ra ngendika: Rasulullah saw tansah nindakake shalat dhuha nganti kita bakal ngomong yen panjênêngane ora nate ninggalake, nanging yen wis ditinggalake nganti kita bakal ngomong ora nate nindakake. Diriwayatake dening Tirmidzi lan dianggep hadist Hasan.

Wektune[besut | besut sumber]

Wiwitané shalat dhuha yaiku nalika srengengene wis munggah sethithik lan pungkasané nalika srengengene lingsir, ananging disunnahake temen-temen supaya dilakoni nalika srengengene wis rada dhuwur lan swasana wis krasa panas. Saka Zaid bin Arqom matur: Nabi saw metu menyang hali Quba', nalika iku dheweke padha nindakake shalat dhuha. Kanjeng Nabi banjur ngendika.

صَلاَةُالْأَوَّابِيْنَ إِذَارَمَضَتِ الْفِصَالُ مِنَ الضُّحَى.

"Shalate wong-wong kang padha bali marang Gusti Allah, yaiku ing wektu anak-anake unta padha tangi amarga kepanasen srengéngé wektu dhuha."(Diriwayatake dening Ahmad, Muslim, lan Tirmidzi).

Gunggungé Rakangate[besut | besut sumber]

Paling sithik yaiku rong rakangat lan paling akeh kang ditindakake dening Rasulullah saw iku wolung rakangat, dene kang nate didhawuhake yaiku rolas rakangat.

Miturut sawetara ngulama, ora ana watesan gunggung rakangate shalat dhuha iku. Iki miturut panemune Abu Ja'far, Thabari, Hulaimi, lan Rujani saka golongan mazhab syafi'i. Sajroning syarah Tirmidzi ngendika: aku ora tau ndeleng sawijining wong ya saka sahabat utawa tabi'in kang ngringkes rakangat nganti mung tekan rolas rakangat wae.

Tata Cara[besut | besut sumber]

  1. Niat salat duha ing sajeroning ati bebarengan Takbirotul Ihrom " Ushali Sunnatadh-dhuhaa rak'ataini lillahi ta'aalaa".[2]
  2. Maca donga Iftitah.[5]
  3. Maca surat Al-fatehah.[5]
  4. Maca surat kang ana ing Al-qur'an, luwih apik rokaat kapisan maca surat surat Asy-Syams lan rokaat keloro surat Al-Lail.[5]
  5. Ruku lan maca tasbih ping telu.[5]
  6. I'tidal lan maca bacaane.[5]
  7. Sujud kapisan lan maca tasbih ping telu.[5]
  8. lengguh ning anatrane rong sujud lan maca bacaane.[5]
  9. Sujud keloro lan maca tasbih tiga kali.[5]
  10. Sawisé rokaat sapisan, lajeng nindakaké rokaat keloro kaya kang ning dhuwur.[5]

Deleng uga[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. "Era MusliM:Manfaat Salat Dhuha". Diarsip saka sing asli ing 2011-03-14. Dibukak ing 2011-03-22.
  2. a b Widyadara Tata cara salat Dhuha[pranala mati permanèn] Tata cara salat dhuha, niyat, dan keutamaan salat dhuha
  3. id.shvoong.com Archived 2011-04-23 at the Wayback Machine. Membuka pintu rezeki dengan sholat
  4. a b c id.shvoong.com Archived 2011-04-12 at the Wayback Machine. Berkah salat dhuha
  5. a b c d e f g h i Majelis Munajat.com Archived 2011-06-13 at the Wayback Machine. Tata cara salat dhuha