Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
|

|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia
( 28 Pebruari 2013)
Ngrapèkaken artikel saged arupi mérang artikel ing paragraf utawi, Wikifikasi Artikel, maringi kategori, gambar, pranala interwiki, tandha diakritik lan ndandosi basa ingkang taksih campuran (krama/ngoko lan basa ngamanca).
Saksampunipun dipunrapèkaken, nyuwun supados panitya utawi pangurus busek pesen punika.(Peserta pelatihan boten kénging mbusek pesen punika).
|
Carlos Alberto Tévez (terlahir Carlos Alberto Martínez, lair ing Ciudadela, Buenos Aires, Argentina, 5 Februari 1984; umur 29 taun) yaiku salah sijining pemain bal-balan sing asale saka Argentina sing main minangka striker kanggo Manchester City ing Liga Primer Inggris lan Argentina.
Tévez miwiti karir minangka pemain yunior ing All Boys lan Boca Juniors. Panjenengané uga naté main kanggo Boca Juniors, Corinthians, West Ham United, lan Manchester United F.C. sadurungé gabung karo Manchester City F.C.. Tévez wes kaping telu kapilih minangka Pemain Paling Apik Amerika Kidul (2003, 2004, 2005). Panjenengané lan Dimitar Berbatov dadi topskor Liga Utama Inggris musim 2010-11 kanthi nggawe 20 gol. Tévez entuk medali emas nalika main ing timnas Argentina U23 ing Olimpiade Athena 2004. Panjenengané wes main kanggo timnas senior Argentina wiwit taun 2004.
Tévez lair kanthi jeneng Carlos Alberto Martínez. Wong tuwané ngganti jeneng mburiné, sing dadi jeneng ibuké, nalika kadadean konflik antarané All Boys lan Boca Juniors.[2] Panjenengane kerep uga dijeluk Carlitos. Tévez nduwèni bekas luka bakar sing njalar saka kuping sebelah tengen tekan dadané, sing dientukaké amarga kecelakaan kesiram banyu umep nalika isih cilik.[3] Panjenengané nolak tawaran kanggo ngilangaké bekas luka kasebut kanthi operasi plastik dening pihak Boca Junior.[4]
Kamlampahan karir [sunting]
Pranala njaba [sunting]
|
Manchester City F.C. – dhaptar pamain |
|
|
|
|