Joe Cole
Joe Cole taksih pemanasan nalika taksih ing Chelsea |
|||
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | Joseph John Cole | ||
| Tanggal lair | 8 November 1981 (umur 30) | ||
| Papan lair | Islington, London, England | ||
| Dhuwur | 1.76 m (5 ft 9 in) [1] | ||
| Posisi pamain | Winger / Attacking midfielder | ||
| Informasi klub | |||
| Klub saiki | Liverpool | ||
| Nomer | 10 | ||
| Karir remaja | |||
| 1994–1998 | West Ham United | ||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps† | (Gls)† |
| 1998–2003 | West Ham United | 126 | (10) |
| 2003–2010 | Chelsea | 183 | (28) |
| 2010– | Liverpool | 20 | (2) |
| Tim nasional‡ | |||
| 1997–1998 | Inggris U16 | 4 | (0) |
| 1999 | InggrisU18 | 5 | (0) |
| 2000-2003 | Inggris U21 | 8 | (2) |
| 2001– | Inggris | 56 | (10) |
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only and correct as of 22 May 2011. † Appearances (Goals). |
|||
Joseph John "Joe" Cole (lair 8 November 1981; umur 30 taun[2] ing Paddington, Inggris), inggih menika pemain bal-balan saking negari Inggris ingkang samenika mlebet klub Liverpool lan tim nas Inggris.[3] Joe Cole nggadhahi posisi minangka gelandhang.[2] Joe Cole miwiti karieripun ing klub West Ham United. Nalika ing klub menika, Cole sampun langkung saking 100 adu tandhing sadangunipun gangsal taun.[3] Cole nilaraken klub West Ham United ing taun 2003. Taun 2003, Cole pindhah dhateng klub Chelsea kanthi regi 6,6 juta pounds saking West Ham United.[3] Cole pindhah dhateng Chelsea amargi panyuwunipun pelatih Chelsea nalika semanten, Claudio Ranieri.[3] Ing wiwitanipun main ing klub Chelsea, Cole jarang dipunparingi kalonggaran supados main, namung dados cadhangan kemawon.[3] Ananging Cole lajeng saged ndherek main lan ngedalaken kualitasipun.[3] Ing purwanipun mangsa 2009/2010, Cole absen boten ndherek main bal amargi cidra ingkang langkung dangu.[3] Cole miwiti debutipun ing mangsa menika minangka pemain panggantos ing Liga Champions nalika Chelsea mengsah FC Porto saking Portugal.Lajeng debut ing Liga Inggris nalika Chelsea mengsah Blackburn Rovers.[3] Kontrak Cole ing klub Chelsea telas ing tanggal 30 Juni 2010 saengga Cole nggadhahi status bebas transfer sasampunipun Chelsea boten ngontrak malih. Sareng klub Chelsea, Cole sampun pikantuk kalih gelar Liga Inggris lan Piala FA taun 2007.[3] Samenika Joe Cole ndherek klub Liverpool sasampunipun tapak asma kontrak sadangunipun sekawan taun.[3]
[sunting] Cathetan Suku
[sunting] Pranala Njawi
(id) Joe Cole
|
|||||||